Anda di halaman 1dari 5

SA. BANGSAPATRA. SL.

9
(Bawa : Gd. Renyep Sl.9)

Dhuh gustiku, kang apindha ratih,


Cahyanira sumunu
Kadya wulan,
Kang purnama sidi,
Wong kuning nemu giring
Dhuh jiweng sun, paring usada, pun kakang raras mara
Esemira, lir gebyaring thathit, weh renyep ing wardaya

SA. BREMARAKIRISA SL.9


(Bawa : Ldr. Larasdriya Sl.9)

Bremara sekung mangungkung, mrihkungkaron kangngalingi


Limiling selaning slaga, leganing kang hangupadi
Dumadi dumuneng patra, patrape kadya manganti
Silaring saloga lumung, lumindhih ron kangngalingi

SA. CANDRAKUSUMA. SL.9


(Bawa : Ldr. Pangkur Sl.9)

Kang kadi sudama gusti,


Sasangka kasongan surya
Prabanya sumusung kaswa,
Raras ruming sari sari
Jineman ………..
Samya manuksmeng sarira, sumarmanira sukanta
Hujwa lanira sumunu,
Marbuka Sandra kusuma

SA. CITRAMENGENG. SL.9


(Bawa : Ktw. Langengita Sl.9)

Risang maha reksi


Jineman ……………
Sawusing semedi
Muwing pacra bakan, dungu aningali
Wijiling sasangka, saking graning hardi
Karenantyas ira, alon angandika
SA. HUBAYA SL.9
(Bawa : Gendhing-gendhing Sl.9)

Heh Sumantri ulungena


Sireku salah panyipta
Tan wrimarang kasatriyan
Sinurak sining bawana
Jineman ………….
Dyan Sumantri turtar waca, pasampun dadya hubaya
Lamun Gusti lumuh yuda, tangeh Sang Retna katura

SA. IRIM-IRIM SL.9


(Bawa : Clunthang Sl.9)

Eman eman dhuh kusuma, ruruning rondhon ira, yen manggung amangarang
Sekar aren kadiparan, wiwara tanpa wrana, tangeh wenganing driya
Kalembak geng melu susah, pandayaning panitra, lamun tan kawedharra
Petir wisma sapa weruh, mreksa gumuling kisma, ambatang siring nala

SA. JIWANGGANA SL.9


(Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.9)

Menthang gandhewa dibya, bin tala rinuksmi gading


Kaya kayu kemuning
Anrus ing gilu memarap
Jineman ………….
Tibeng jajasru rara, manjing pakekesan ingkang
Dhatrat prapteng lancaran, panah wuskaton cumundhuk

SA. LANGEN ASMARA SL.9


(Bawa : Ldr. Sri Karongron Sl.9)

Dahat sukeng kayun, kayungyun miyat Sang Nata


Jinurung Hyang Suksma
Karya ascaryeng sabumi
Jineman …………
Den nya pepanggihan
Sami Nare swara Jawi
Asmarengtyas dadya
Sri Karongron angrerangin
SA. MUSTHIKENGRAT SL.9
(Bawa : Gendhing-Dendhing Sl.9)

Dhuh rinengsun, musthikengrat, ywa sira manggung duka


Sapanen ta, dasih ira
Kang srumanggung wigena
Baya gusti, datan welas
Dhuh kiteng jagat raya
Yayi sira, welas ana
Sureming diwangkara

SA. PUSPANJANA SL.9

Dhuh Gusti pujaningwang, sotyaning wanita


Myang maduning kusuma, sekaring bawana
Tuhu mustikaningrat, dadya sudarsana
Sagunging prawanodya, hambeg Puspanjana

SA. RARA BENTROK SL.9


(Bawa : Gending Gambirsawit Sl.9)

Temenena kang den anti


Gambir sawit during muni
Tur iku nora mboseni
Wit kuno nganti saiki
Nadyan sajammuni pingtri
Senenge during ngendhoni
Panabuhe maksih uthi, tandha dhemen trusing ati

SA. SIKARINI SL.9


(Bawa : Gending Rondhon Alit Sl.9)

Mawur kang katrajang, ing dahana wadya, ing Maespati


Mung kang pura raja, lan Sri Surya ketu, mangsah mangrana
Madeg munggweng rata, menthang langkap sita, mendhung giyungan
Angin awor riris, Sang Prabu manggada, Prabu Srawangga

SA. SUDIRA WARNA SL.9


(Bawa : Gending Bondhet Sl.9)

Dhuh Gusti ningsun, ingkang sawang hapsari


Sasuhu tansah, sung susah marang dasih
Nitya saminta, lumunturing sih tresna
Paran magarnya, binarung bebondhetan
SM. DHANDHANGGULA MAJABSIH SL.9
(Bawa : Ldr. Bribil Sl.9)

Sinarkara purwakaning gending


Ladrang Bribil slendro pathet sanga
Rinengga gerong lan sindhen
Pradangga munya umyung
Kendang sigrak ngajak nyeggaki
Bonang penerus imbalan
Suwukan ambarung
Kang mangkono kapracihna
Tetunggalan rasa lahir trusing batin
Ladrang Bribil kinarya

SM. DHANDHANGGULA PADHASIH SL.9


(Bawa : Gd. Gambir Sawit Sembung Gilang Sl.9)

Anyarkara linagu padhasih


Laras slendro pathetiro sanga
Yeku minangka bawane
Gendhingan dimen runtut
Gambirsawit wastaing gendhing
Ginerong kineplokan
Mrih ascaryeng kayun

…….Witing klapa utawi jamuran …….

Sagarwa putra wandawa


Tekeng dasih jroning suka ingkang mugi
Kalisa duka cipta
ST. PALUGANGSA SL.9
(Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.9)

Layon wastra mirah ingwang


Saniskara kadulu jronendrane
Kadya ngimpi
Ngangge lungsuran dikangger
Banon kaduk ponang brana
Sanadyan lebur luluha
Tan nedya pisah lan gusti

Anda mungkin juga menyukai