Anda di halaman 1dari 1

Banjir bandhang ingkang dumados wonten Kecamatan Undhakan Kabupten Kudus

Propinsi Jawa Tengah pranyata saestu nggegirisi manah. Banjir/bena kasebut dumados kinten-
kinten tabuh tiga enjing rikala surya kaping 28 Januari 2014. Saking banjir/bena menika, kirang
langkung wonten 44 griya ingkang risak. Saking 44 griya kasebut wonten 10 griya ingkang risak
berat umpaminipun ambruk, prayoginipun ambrol, dene 34 griya sanesipun kalebet risak entheng
inggih menika tembokipun namung benthet utawi retak.

Wondene ingkang njalari banjir inggih menika ilining toya jawah ingkang teras-terasan
tan wonten pedhotipun saking pegunungan Kendheng inggih menika salah satunggaling tlatah
ing kaki Gunung Murya. Toya jawah ingkang kecampur lumpur tuwin sela saking redi kasebut
tumuju kali/lepen Undhakan Kudus saengga griya ingkang wonten sapinggiring lepen sami keli.
Prakawis menika temtu kemawon ngrugekaken masyarakat ing tlatah menika. Miturut
pangandikanipun Camat Undhakan Bapak Mundir rikala surya kaping 28 Januari 2014, bena
ageng ingkang kados mekaten menika amargi saking jawah deres saking pareden/pegunungan
Kendeng tuwin saluran toya ingkang kirang sae saha boten lancar. Saluran toya ingkang boten
lancar sinartan uwuh/sampah ingkang numpuk andadosaken ilining toya boten saged lancar
utawi rendhat, malah kepara boten saged mili utawi mampet. Kanthi mekaten para warga boten
saged uwal saking bena menika. Menapa malih, manut palapuranipun tenaga sukarelawan
ingkang ndherek mbiyantu korban banjir menika, wonten salahsatunggaling badan tanggul
Pucang ingkang jebol wetawis 50 meter panjangipun. Kanthi mekaten para warga kapeksa
kabenan saha kedah ngungsi kangge nylametaken jiwa saha raganipun.

Banjir/bena kasebut ilinipun kirang langkung satunggal meter. Alhamdulillah boten


wonten korba jiwa saking prastawa kasebut. Kejaba ngrisak griyanipun para warga, banjir
bandhang wonten Undhakan Kudus ugi ngrisak panggenan plancongan utawi objek wisata
inggih menika objek wisata Sendhang Dewot. Kajaba panggenan wisata kasebut, saperangan
ageng tlatah wonten Pantura ingkang sisih wetan ugi kenging bena utawi kabenan, umpaminipun
wonten tlatah Kabupaten Demak, Kudus, Pati, saha Jepara. Ing tlatah kabupaten kasebut
inggiling toya wetawis 30cm ngantos 100cm. mallah mligi ing tlatah Grobogan inggih menika
wonten kecamatan Tirem, Brangti, Ketapang, SPBU Grobogan, SMA Negeri 1 Grobogan saha
SMP Negeri 1 Grobogan ugi karendhem toya banjir, ilnggilipun watawis 50-70cm.

Frekuensi jawah boten saged dipunprediksi utawi dipunkinten-kinten rumiyin awit manut
prediksi boten jawah nanging kasunyatan jawah deres malah ndadosaken bena. Pramila saking
menika malah meh sedaya tlatah ing Jawa Tengah saha Jawa Wetan ing taun menika kenging
toya bena namung kemawon inggilipun toya bena boten sami, wonten ingkang inggil wonten
ingkang cekapan.

(kapethik saking Buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa kaca 4-5)

Anda mungkin juga menyukai