Anda di halaman 1dari 2

Pidato Bahasa Jawa : Atur Pambagyo

Wilujeng Ing Temantenan

Assalamu’alaikura Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri
ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para
tamu sadaya.

Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca
wawan pangandika.

Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh
sadaya, bilih saking kepare-

ngipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken

raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur
Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu ……………..
anggenipun gadhah damel ndaupaken putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan
daup kaliyan ………………………… rikala dinten ………………. tanggai kaping………………..wanci
jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak
saha Ibu…………………..sakulawarga

kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya
wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang
sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan,
sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturaken

gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga
tepalih saha para muda-

mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang
ingkang awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mboten

saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi


panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala
piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.

Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarga


nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-
mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.

Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu,
widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang
bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul
duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng
bebrayan agung.

Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para
sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken
palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha
para tamu angluntu-raken samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka
manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa
dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara
punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para
tamu anglunturaken samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun !

Anda mungkin juga menyukai