Anda di halaman 1dari 2

ASSALAMMU’ALAIKUM Wr. Wb.

Salam Sejahtera kangge kita sedaya


Nuwun para sepuh pini sepuh, Bapak Ibu sarta tamu undangan ingkat dahat
luhuring budi.
Keparenga kula pinangka pamundhutipun Bp. …………………. ingkang hamengku
gati.
Saderengipun kula ngaturaken woseng gati, mangga kula derekaken ngaturaken
puji sukur ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung, dene kula panjenengan
saged rawuh ing papan mriki kanthi wilujeng.
Awit bombonging manah, Bp. …………………. boten saged matur piyambak, pramila
kula piniji dados talanging basa, hangaturaken pambagyo wilujeng karawuhan
panjenengan sedaya.
Dene wosing gati ingkang kaaturaken, sepisan anggambali matur, ngaturaken
sugeng rawuh awit karawuhan panjenengan sedaya, salajengipun, kasuwun
lenggah kanthi sekeca.

KAPING KALIH
Ing wekdal menika Bp. ……………… ngawontenaken wilujengan ingkang awujud
Dzikir, Tahlil, Yasin ingkang sinengkuyung para lenggah sedaya katur wonten
Ngarsa Dalem Allah SWT kangge sukmanipun Almarhumah Ibu ………………….
ingkang 40/100 dinten kepengker tinimbalan sowan wonten Ngarsa Dalem Allah
SWT.

ING PENYUWUN
Mugi sukmanipun Almarhumah tansah dipuntampi sedaya ngamalipun,
dipunparingana jembar marginipun anggenipun sowan wonten Ngarsa Dalem
Allah SWT, dipunpapanaken wonten suwarganipun Gusti Allah SWT katunggilaken
kalian para suci ing swarga.

ATUR KULA INGANG KAPING TIGA


Bp. ............................hangaturaken panuwun dumatheng tangga tepalih, sanak,
kadang tuwin para lenggah sedaya ingkang sampun jurung donga kangge
sukmanipun almarhumah Ibu ...................,
Bp. .......................... boten saged atur piwales dumatheng panjenengan sedaya
ingkang awujud punapa kemawon, namung sedaya punika wau kasumanggaaken
wonten Ngarsa Dalem Allah SWT mugi kasaenan panjenengan tansah pikanthuk
leliru rejeki ingkang luminthu lan berkah.
ING SAKLAJENGIPUN
Bp. ........................ wekdal punika tansah nyuwun pangapunten mbokbilih
anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirang nuju prana pramila
nyuwun lumunturing samudra pangapunten.
Waosan dzikir, tahlil sampun cekap panjenengan sedaya kaaturan ngunjuk
wedang saha dhaharan. Mekaten atur kula mbokbilih wonten atur kula ingkang
kirang lan ugi lepat, kula nyuwun pangapunten.
Mangga kaunjuk ..........................

Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun

Anda mungkin juga menyukai