Anda di halaman 1dari 1

Hadratul mukarromin, poro Ulamaul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati, poro Bapak

wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-siswi SMP Negeri 2 Jabon ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati. Saderengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat. Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Tadzim Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro ahli keluarga lan sohabatipun. Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, saperlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing SMP puniko. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang saagungipun dumateng Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang , panas utawi jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo sakonco awit milahi mlebet wonten ing Sekolah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat Smp. Wonten ing mriki kulo sakonco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Kepala Sekolah, Lan Bapak/Ibu Guru, kejawi kulo namung saget ngaturaken. Maturnuwun Sanget Dumateng Kepala Sekolah, Bpk/Ibu Guru. Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Kepala Sekolah, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sasahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien. Poro Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sakonco ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Kepala Sekolah, Lan Bapak/Ibu Guru wonten ing Sekolah puniko, sebab kulo sakonco sering damel susah payahipun poro Kepala Sekolah, Lan Bapak/Ibu Guru sami ugi wonten ing salebetipun Sekolah utawi wonten ing jawinipun SMP. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin. Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah doa restu dumateng Poro Guru, mugi-mugio sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking Sekolah puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen. Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat SMP puniko sageto nerusaken dateng tingkat saterusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien. Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten.

Anda mungkin juga menyukai