Anda di halaman 1dari 49

 

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para


sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha
kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung
sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
     Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa,  hanggempil kamardikan panjenengan ingkang
katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka
pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing
wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking
titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan
punika.
     Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-
santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang
sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam
agesang wonten madyaning bebrayan agung.  Katitik rahayu
sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan,  rawuh kempal
manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta
paring berkah pangestu dhumateng Bapa …(Doso DH)….
sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit
sekar cepaka mulya,  hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa
winengku ing suka basuki.
     Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah
reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik
rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

1. Eko laksitagati,  purwakaning pahargyan inggih sowanipun


putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing
madyaning sasana rinengga
2. Dwi laksitagati,  rawuh lan  jengkaripun putra temanten kakung
tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
3. Tri laksitagati,  pasrah-pinampi putra temanten kakung
4. Catur laksitagati,  dhaup panggihing putra temanten anut
satata-ning  adat widhiwadana ingkang sampun sinengker,
tumunten kalajengaken upacara krobongan
5. Panca laksitagati,  nderek mangayuhbagya-nipun kadang
besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana
wiwaha,  tumunten kalajengaken upacara sungkem
6. Sad laksitagati,  atur pangbagyaharjo panjenenganipun
ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
7. Sapta laksitagati,  lengseripun temanten sarimbit saking
madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu
rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
8. Hasta laksitagati , sowan malihipun temanten sarimbit
ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih
widadaning bebrayan
9. Nawa laksitagati,  paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun
temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju
dhateng wiwaraning pawiwahan.
     Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing
ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu
pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning
penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata
adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun,
matur nuwun.
POCORO PANGGIH
TEMANTEN
Assalamualaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging karahayon mugi
kajiwo lan kasariro dhumateng
panjenengan sedoyo.
Dhumateng sagung poro sesepuh lan
pinisepuh, poro mangalaning projo
miwah pangarsaning nagari, poro
alim ularma ingkang tansah kawulo
ta'ati, bapak-bapak, ibu-lbu miwah poro
lenggah ingkang dhahat kinurmatan
Sakderengipun titilaksono adicoro
Panggih Temanten kawiwitan,
dhumateng panjenengan sekalian
sumanggo, kulo dherekaken-ngaturaken
puji Syukur kunjuk ing ngarso dalem
gusti ALLAH SWT, ingkang sampun
kepareng hambabar doyo pangaribowo
dumateng sagung poro kawulo. satemah
kito sekalian wonten ing alaming bagas
kuwarasan datan kirang satunggal
punopo, sahinggo kito sekalian saget
hangrawuhi soho pareng berkah pangestu
dhumateng bpk   sekalian, anggenipun
kepareng badhe nindakaken darmaning
sepuh amiwoho putro-putri Ingkang
sesIlih anak ajeng ingkang sampun
polokromo kaIian jejoko tumaruno
anenggih putro kakungipun
bpk...sekalian ibu ingkang kekasih
anakmas...
Poro rawuh kakung sumawono putri
ingkang dhahat sadu budi, menggah
adicoro ingkang badhe kafindakaken ing
kalenggahan puniko, panggih temanten
miturut totocoro adat jawi, ingkang
tumindaking adicoro kawiwitan saking
adicoro pasrah finampi lan ngantos
paripumo.
Paro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
mekaten menggah upocoro ingkang
badhe tumindak, ing saIejengipun
dhumateng panjenengan sekalian,
sumonggo keparengo hanenggo titi
winanci lumindaking adicoro, soho
kawulo aturi anggrahapi pasugatan
ingkang kuto aturaken wonten ngarso
panjenengan, nuwun.

MEMEMPELAI PUTRI
AKAN KELUAR
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan, temanten putri sampun
rampung anggenipun ngadi sariro,
pramilo saking puniko Nini temanten
kepareng badhe sowan
ngabyantoro, lenggah wonten ing kursi
rinenggo.Dhumateng ibu pranoto busono
keparengo hangasto tementen putri tumuju
wonten ing patenggahan. Dhumateng
kadang pranoto pito sworo utawi operatar
kawdo aturi ngungelaken gendhing
ketawang SEKARTEJO,Sumonggo.
NYO_NDRO:  Binarung swaraning
genclIng sek.artejo tentanten putri
ingkang sampun rampung anggenipun
ngadisariro, mIjil saking sasono
mayang arum nedya humarak sowan
wonten ngarsanipun sagung
poro rawuh, manjing madyaning
sasono rinenggo kinathenan ibu
pranoto busono, ngiras pantes
hanenggo titiwinanci sowanipun
temanten kakung Ingkang
badhe anindakaken upocoro
panggih temanten miturut totocoro
adatjawi.
Hangagem puspito rinonce ing
ukellro, sinampiran wonten ing
pamidangan kanan, lamun
katiuping samlrono
mondo,   kongas gandane
hangebegi wismopahargyan,
endah edining busono, hamlmbuhl
gandes luwes solah bawane.
TIndaking Sri Atmojo temanten
putri hamucang kanglnan,
lengkeh-lengkeh pindo singo lupo,
sapecak mangu satindak
kendel pangudas maraning driyo,
lamun dereng kawijiling
lisan, hangrantu praptaning satriyo
mudo taruno minongko
gegantilanIng nolo.

TEMANTEN PRIA
-
DATANG DAN   AKAN
MEMASUKI GAPURO
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan
Temanten kakung miwah sagung poro
kubwargo sampun rawuh. Dhumateng
bpk .......minongko wakil saking
kulowargo temanten pulri, kawulo aturi
tumuju dateng gapuro, nampi sowaniputt
temanten kakung.dhumateng parogo
ingkang kajibah ngasto kernbar mayang,
kawub aturi enggal siyogo nindakaken
wajib.
Salajengipun dhumateng sagung poro
tamu katuran jumeneng sawetawis,
mahargyo rawunipun temanten kakung,
sumonggo. Dhumateng kadang operator
kawulo aturi ngungelaken
gending KEBO GIRO, sumonggo.
NYONDRO: Binarung swaraning
gending kebogiro, kawistingal
jengkarIng putro temanten kakung
saking wismo pabreman, Dhampyak-
dhampyak poro kadang wargo
wandono samyo hangajab tindaking
putro tematen kakung, mubyar-
mubyar busananing temanten kakung,
ingkang tinaretes benang sesotyo,
ngagem kuIuk kanigoro, angembo
busananing noto, lamun kadulu katon
agung, mrabu, miwah mrabowo.
Dasar temanten kakung anyardulo
lupo tIndake, riyak anggajah ngoling,
lembean merak kasimplr, ing
driyo kang mingkuh ing salirIng
kewoh, tatag, tangguh, tanggon,
tanggung jawab prapteng ngendon.
Wus handungkap unggyaning kang
tinuju, gyo kendel tindakiro wonten
sangajeng wiworo, keparenging sedyo
hangrantu laksltaning adicoro
salajengipun.
PASRAH TINAMPI
TEMANTEN KAKUNG
Poro rawuh ingkang dhahatsadubudi
Kaki temanten sampun prapteng gapuro
sasono pahargyan, salajengipun
badhe katindakaken adicoro pasrah
tinampi temanten kakung, dene pasrah
temanten kakung badhe katindakaken
dening Bpk.
.............. (wkl temanten putra) minongko
sesulih saking temanten
kakung, sumonggo.
Poro Rawuh Ingkang Dhahat
Kinurmatan
Salajengipun pasrah temanten
kakung badhe katampi dening bp....
(wkl temanten putri), sumonggo.
SILIH KEMBAR MAYANG
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan. Sampun tumapak titi winanci
temanten
kakung lan temanten putri
badhe kapanggihaken. Wondene
tumapaking adicoro panggih temanten,
badhe kairing ungeling gending KODOK
NGOREK, sumonggo.
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi,
kalenggahan puniko katindakaken
adicoro Silih kembar Mayang

SAWATAN GANTAL
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan, pari purnaning
adicoro silih kembar mayang,
salajengipun katindakaken
adicoro Sawatan Gantal
Balonguning kemanten putri
marong temanten kakung kang
winaston gondang kasih dene
balonguning kemanten kakung
marang kemanten putri kang
winaston gandhang tutur.
WIJIDADI
Poro rawuh ingkang dhahat
sadubudi, sasampunipun
adicoro sawatan
gantal, salajengipun badhe
katindakaken adicoro Wijida
di,   inggih meniko temanten
kakung ngidak tigan
ngantos pecah, salajengipun
temanten putri hamijiki
sukunipun utawi ampeyanipun
temanten kakung.

JUMENENGAN
Po ro rawuh ing kang
dhahat  kinurmatan, sasampunipun
adicoro wijidadi, salajengipun
katindakaken
adicoro Jumenengan,  inggih
puniko temanten kakung miwah
temanten putri jumeneng sami-sami
majeng dateng papan
padununganpahargyan.
Mawi Jagung Drajat, ayu diajeng
enggal jumenengan jajar murung
kakung.

UNJUKAN TIRTO
WENING
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi,
ing samangke badhe katindakaken
UNJUKAN tirto wening, dhumateng ibu
keparingo paring unjukan tirto wening
dhumateng temanten kekalih.
Temanten kakung
rumiyin, salajengipun temanten putri,
sumonggo. Minongko (pralampito mrih
sabarang pakarti linambaran weninging
panggalih miwah menebing Qolbu, kang
tinemu, hayu, hayem, hangayomi).

SINDURAN
Poro rawuh ingkang dhahat kinurrnatan,
ing samangke katindakaken Upocoro
SINDURAN, inggih puniko bp...(ayah
mempelai putri) wonten ngajengipun
temanten kekalih, dene ibu wonten
wingkingipun temanten
kekalih lumaksono sesarengan tumuju
wonten ing kursi rinenggo,
sumonggo.   ponezo
Dumateng kadan pitosuworo katuran
ngungelaken gending LARASMOYO,
sumonggo.
NYONDRO
Kalenggahan puniko katindakaken
sinduran, inggih meniko temanten
kekaleh dipun kemuli
sindhur ingkang wujud kain ingkang
wern1 abrit lan pethak. Pethak
minongko pakartining bopo, dhenIng
abrIt minongko pakartining ibu.
Romo wonten ngajenglpun temanten
kekaleh, ing ngarso sung tulodho,
temanten kekaleh, wonten satengahing
romo lan ibu,ing madyo mangun
karso,parandene ibu wonten
wingkInglpun temanten kekaleh.
TUTWURIHANDAYANI
Lon-lonan samyo lumaksono
sesarengan tumuju wonten ing sasono
rinenggo / pelaminan.romo
paring dawuh mekaten : anakku
ngger,temantan sakloron,s1ro dak
Iungguhake ono papan kamulyan,s1ng
iku biyen dak lungguhi aku Ibumu,
mulo wiwit dino ikl lungguhono
slIramu sak kloron.
Wau to lah ing konoto wau
Sampun paripurno deniro lumaksono
sinduran sigro katindakaken adicoro.
saIajengipun inggih meniko
pangkon tImbang.
PANGKON TIMBANG
Poro rawuh ingkang dhahat
sadubudi, salajengipun katindakaken
adicoro pangkon timbang.
Dhumateng bp...keparengo lenggah
wonten kursi rinenggo,
salajengipun temanten kekalih
lenggah wonten sukunipun bapak
kanan lan kereng,
sawetawis ibu keparengo nyuwun
pirso
dateng bapak mekaten : pak, "abot
sing endi" lajeng dipun jawab dening
bapak, "abote podo
waebu".Sumonggo.
TANEM JERO
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan, k a l e n g g a h a n puniko
b a d h e   katindakaken adicoro TANEM
JERO, sesampunipun temanten
kekalih jumeneng, keparengo wonten
ing kursi rinenggo ("anakku ngger,
ayo tak lungguhake ono ing papan
kamulyan. lki biyen sing lungguh ono
ing kene yo aku lan ibumu, wiwit sakiki
lungguhono sliramu sak kloron, yo ngger
anakku. Wong tuwamu mung ndedungo:
mugomugo kasembadan opo sing
dadi sedyamu yo ngger")
KACAR KUCUR
Poro rawuh ingkang dhahat
sadubudi, kalenggahan puniko badhe
katindakaken adicoro KACAR KI.JCUR
utawi TOMPO KOYO.
Dhumateng temanten kakung keparengo
ngesokaken tilam ingkang isi dono koyo,
ingkang katarnpi dening temanten
putri, salajengipun dono
koyo peparingipun temanten kakung
katitipaken dhumateng ibu, sumonggo
Kacar kucur....wong liyo dadi
sedulur. Kacang kawak dele kawak
wong liyo dadi sanak
Hyang kang paring sandang
kaki-kaki kang podo- golek
rejeki, nini-nini kang
podo hangopeni, slura sluru
mburu bondo kang podo mlayu.
Rejeki ayo..podo melu aku,
slengkreng rejekine pun nderek
temanten sedoyo.
DHAHAR KLIMAH
poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
salajengipun badhe katindakaken
adicoro DHAHAR KLIMAH utawi
dhahar sekul kuning. Dhumateng
temanten kakung keparengo handulang
temanten putri, mekanten ugi temanten
putri keparengo handulang temanten
kakung, sumonggo.
MAPAK BESAN
Poro rawuh ingkang dhahat sadubudi,
sasampunipun temanten kekalih
paripurno nindakaken adicoro
krobongan. Bapak....(ayah maempelai
laki-laki) sekalian ibu kepareng badhe
rawuh, hangestreni putro ingkang
nembe ktnawon nindakaken
panggih dhumateng bapak.....................
( Bpk. mempelai putri ) sekalian ibu
kasuwun enggal hamapak besan
ingkang kepareng badhe rawuh.
Dhumateng kadang operator kawulo aturi
ngungelaken gending MUGIRAHAYU,
sumonggo.
NYONDRO
Besan kekaleh lumaksono
sesarengan tumuju ing sasono
rinenggo, kembar
busanane,kembar agemane,
mujudaken sampun
manunggal anggenipun
nderekaken putro kekalih tumapak
ing alaming kadiwasan.
Wau To Lah Ing KonoToWau
Sinartan lumaksono tan kendat,
besan kekalih hanyenyuwun wonten
ing ngarsanipun Gusti ingkang Moho
Suci, mugi-mugi putro kekalih
anggenipun hamiwiti mbangun
kuluwargo ing madyaning
bebrayan agung, tansah pinaringan
Rahmating Gusti Alloh ingkang
moho suci.
SILIH KALPIKO
Bapak-2, ibu-2 miwah sagung poro
tamu ingkang dhahat kinurmatan,
salajengipun badhe katindakaken
adicoro silih kalpiko utawi masang
cincin. •Dhumateng temanten kakung
keparengo hamasang kalpiko wonten
ing driji manis asto kananipun
Temanten Putri, lan kosok
wangsulipun anak ayu pinanganten
Putri keparengo hamasang kalpiko
trisno wonten ing driji
manisipun Pinanganten kakung
ingkang sisih kanan, sumonggo
Dhumateng kadang pranoto pito
suworo kawulo aturi ngendelaken
gendingipun, sumonggo.

PANGABEKTEN
Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Sasampunipun besan kekabh lenggah
wonten ing kursi ingkang sampun
sumadio, salajengipun dhumateng
temanten kekalih kasuwun enggal
nindakaken adicoro sungkeman, ingkang
dipun sepuhi dening ibu Pranoto Busono,
sumonggo.
Dumateng kadang pranoto pito sworo
kawulo aturi ngungelaken gending,
KETAWANG IBU PERTIWI,
surnonggo
NYONDRO'
Kalengga n meniko Sri Temanten
Kakung lan Putri kepareng aturaken
sembah pangabekt1 wonten
Ing ngarsamp ,Romo lan Ibu.
Repepeh-repepeh pindho soto
Metarangan, kepareng hanguswo
pepodo. Umpami matur mekaten
menggah kawijinIng lIsan.

Sri Temanten Kekalih :
"Dhuh Romo soho Ibu, pepunden
kawulo Ingkang ngukir jiwo rogo
kawuto soho kasutapan
kawulo, sangang wulan sedoso
dinten Ing guo
garbaning panjenengan ngantos
lahlr dumungining dewoso. Kawulo
ngaturaken sembah pangabekti,
kerso'o romo tuwin Ibu parIng
berkah pangestu anggen
kawulo hamiwIti mbangun kulowargo
ing madyaning bebrayan agung.
Bopo tuwin Ibu :
"Ngger anakku...sakloron, dak
pangestoni anggonmu bebrayan,
pawelingku yo ngger...oja ngantl lali.
Sing pinter-pinter mamong garwdmu lan
kulowargomu. Ojo tukar padu, tondo
eling marang sabaring ati. Mugomugo
anggonmu jejodohan lan bebrayan
tansah pinaringan Rahmating Gusti
ingkang Moho Suci. VVIs kono enggal
nyuwun pangestu marang moro
tuwomu yo ngger..."
Sri temanten kekalih :
"Ngestoaken dawuh Romo soho Ibu."
Dhuh Romo soho Ibu, kawulo nyuwun
tambahing pangestu dhumateng
panjenengan. Mugl-mugi anggen kawtho
mbangun kulowargo pinaringan gangsar
tancar kalis saking rubedo nir ing
samblkolo,"
Bopo tuwin Ibu :
"Ngger putraku sak kloron. Dak
pangestonl yo ngger, anggonmu
jejodohan mugo-mugo lulus raharjo,
atut runtut koyo mimi kang nembe
hamintuno, mulyo uripmu wiwit
ndunyo nganti swargo sing
tatag anggonmu nompo panandang,
datang gampang arnutung. Yen
pinaringan putro wayah, mugo-
mugo tansah migunani tumrap Nuso,
Bongso lan Agomo.
Temanten Kekalih
"Nuwun inggih Romo soho Ibu"

SAMBUTAN :
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan, sasampunipun
pengabekten paripurno, salajengipun
badhe katindakaken
adicoro pambagyoworo (sambutan).
Wondene minongko sesulih kulowargo
penganten kekalih ingkang kepareng
nindakaken pambagyoworo inggih
puniko Bapak (yang ditunjuk).
Dhumateng
besan kekalih keparengo nderekaken
Bpk ingkang ngaturaken
pamabagyoworo, sumonggo.

KIRAB
Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
ing samangke enggal katindakaken
adicoro Kirab Temanten, ingkang
badhe dipun sepuhi dening ibu
pranoto busono, sumonggo.
Dhumateng kadang pranoto pito sworo
(operator) katuran ngungleaken
gending Langen Gito Srinarendro,
sumonggo. NYONDRO

NYONDRO
Kacarito dupi wus samekto ingkang
ngirabaken penganten, sang subo
manggolo sigro nyaketi lenggah hipun
penganten kekaleh tanggap sinasmItan sri
penganten gyo jengkar saking
palenggahan, lumaksono nganthi ingkang
garwo, tengkeh-lengkeh nyardulo lupo
tindake riyak anggajah ngoIlng, pantes
kalamun kang samyo humiyat kedhep
tesmak pandulune, uningo tindakiro sri
penganten kekaleh.
Solahe kadi hambekso salagane hanglam-
laml. lah punioko to sang subornanggolo
engkang mangarsani lampah, esthining
penggalth jroning lumaksono kanthi
kebak ing pangarah-ngarah hamung suko
tetuntunan dhumateng sri penganten mugi
dennyo arso lelumban ing madyaning
bebrayan agung tansah anengenaken
pangaliati.
Pepayung budi rahayu linambaran tepo,
tresno sarto sembodo : milo winastan tepo
sirik ing kadurakan, tresno
mamnh Ing karukunan, dene sembodo
roso lan prakoso ing driyo tan mingkuh
ing pakewuh satemah kukut
bakuh bangkit kInaryo pangayoman.
Kembar busanane, rampak dedeg
piadege, lah puniko to Ingkang sinebat
patah sekembaran, ingkang pinaragan
dening lare estri kekaleh ingkang taksih
alit, jroning lumaksono sinambi
gegojegan, parandene datan saru dinulu
nanging sangsoyo nambahi asri dinulu.
Patah kekallh kalamun cinondro kadyo
widodari sakIng kaendran tumurun arso
paring pangestu soho wahyuning
kamuIyan dateng sri penganten kekalih.
Sarwo mubyar busanane, endah asri
kalamun dinulu, lah punika to pengageme
sri penganten. Penganten kakung angagem
rnakhuto pinalipit rukmi ginepeng,
pinathik-pathik kumolo, pinatut kalawan
kembang kantil mlwah dasi mungguing
jonggo, datan kantun ngagem sangsangan
kencono, ingkang kinaryo carub kalawan
sangsangan puspito rinonce
munggwing jonggo
tumumpang, pamIdangan kanan lan
kereng.
Langen harjan awamo kresno sinulam
benang kencono patIng clorot cahyane
kasorot sunaring pandham samadyaning
pahargyan, kadyo taranggono kang
si;ih prenah. Paningset cinde puspito,
epekbaludrurekto pInailpit rukmi,
wangkinganwarongko ladrang ukiran
nunggak semi, duwung tinatah tinatu
renggo miwah canelo tinaretes sesotyo
lan kumolo.
Temanten putd pidegso dedge mantesi,
sembodo genging sariro, sasolahe
mIlangoni, lelewane anujuprono, dhasar
karenggo ing busono adi tinoto rapi,
ngagem cunduk awangun wulan
tumanggal tinaretes sesotyo
pinatut kalawan cundhuk menthul
ingkang tansah ebah-ebah yen kinaryo
Iumaksono, milo kalamun cinondro kadyo
anggane wong ayu kang lagiangawe-awe.
Uket rinenggo kanang puspito endah
kawuryan asri kalamun
dinulu• sangsangan rukmi ingkang kinaryo
ijbeng dhodho, pinathik-pathik ing
sesotyo, satuhu akaryo lamlaming kang
samyo humiyat, kebayak wamo langkin,
cetho kalaritun temanten kekallh sampun
sarujuk ing boboting katrisnan, milo
jroning lumaksono tansah pepuletan
asto bebasan benggang gulo kemepyur
puIut.
Benggange koyo gulo pliket,
kemepyur koyo pulut — soyo mbutet,
dasare temanten anyar.
Katingal mabukuh yeyah prayitneng
kewuh memayungi yuwananing
penganten, lah punlko to taruno kekalih
ingkang apindho putri narendro, anenggih
puniko winastan putri domas.
Sadoyo sami sulistyo Ing warno,
umpomo pustalto nedenge
mangrurahsarl, milo pantrs kalamun
akaryo gawoking paninggal, langkung-
langkung poro jejoko ingkang sami
humiyat satimah katenggengan.
Samusut kepereng wuntad poro kadang
santoso miwah sumitraniro srl penganten,
kang samyo jumurung angombyongi
kirabing pengantensarimbil.
Ingkang tansah tutwuri handayani
lampahing sri penganten, lah puniko to
panutuping lampah kirab, hanengglh
romo Ian ibu nipun temanten. Bombong
berag sarto birowo ing driyo, pramilo
jroning lumampah pethiting kirab tansah
asung pepuji winor pangesthi : mugi gusti
Alloh paring pangayoman dumateng sang
sri penganten kekaleh.
Wauto lah Ing konoto wau
Laju lampahe sri penganten wus
andhungkap parIpumo. Sang subo
manggolo sigro hanganU sang
andon lampah manjing ing sasono busono
keparengipun rucat busono keprabon
salajengipun bedhe hangrasuk
busono kapangeranan.
Kalau digedung :
Laju lampahe sri penganten wus
handhungkap paripurno. Sang subo
manggolo sigro hanganfi sang
andon lampah manjing ing sasono
rinenggo, ingkang keparengipun
hanampi berkah pangestu
saking sanghyaning poro tamu dalah
poro kulowargo.

NYONDRO
Wus paripurno sri penganten denyo
hangrasuk busono sang subomanggolo
hangathi sri penganten saking sasono
busono manjing wismo pawiwahan, arso
kalenggahaken ing sasono kursi rinenggo.
Tataning lampah sajuru-juru anut tataning
kirab.
Prapto ing drawaning wisma pahargyan
lumaksanane kagyat kagoro wekasan sang
subop manggolouninggo eden eden upo
rengganing gapuro. Ing tawaning kanan
kereng rinenggo adi tinoto peni, raras
kawuryan, kinaryo, tuhu wasito sinandhi
tumrap sang penganten.
Ing tembe sri penganten dadyo ugeraning
brayat anggun ingkang anggayuh
karukunan kanthi tumaneming raos
rumongso handrabeni, wajib ganrungkebi,
mulat sariro hangroso wani, jumbuhing
panggalih temah lebih ing cacengilan.
Ngenggeng pepuletan tinangsulan ing
soko anggrenggani pandapa lah puniko
pradopo monco wani ingkang tinunggulan
pradopo waringin, royoming adem
hangayomi.
Milo panthes kalamun daddyo lambanging
kiblating lelabuhan, mangkono pangudras
– maraning driyo yen to kawedar ing lathi
ucapin ing subo manggolo dupi humiyat
pradopo waringin ingkang dadyo
tetungguling pradopo monco warni. Sejuru
– juru tataning lsmpsh kiraning penganten
ingkang wus ngagem busono
kapangeranan, pindho sri narendro
ginarebeg sanghyaning poro nayokoprojo.
Tataning lampah kadi napak filas lekase
sang sarjana linangkung ingkang wus
murut ing kasedan jati Ki
Hajar Dewantara : ing ngarso sung
tutodho, ing madya mangun karso, tutwuri
handayani. Upocoro kirabing penganten
soyo tambah adi kawuryan karono sri
penganten wis ngagem busono kasatrian
candrane kadyo Raden Bagus
Danang Suto Wijoyo atmajane Ki pemana
han, hanganthi garwo niro Dewi
Samangkin, putro-putrinipun Sunan
Bagus Prawoto ing kati nyamat ameng-
ameng ing adiyono patamanan mirsani
puspito ingkang nedheng-nedhenging
arnbabar gondo arum.
Dene inanggoloyudo yen cinondro
kadi swandarugeni, atmajane Ki Demang
Sangkal Putung miwah sang Agung
Sedayu, putrane K: Sadewo ingkang
kalihkalihIpun saking tiatah jatienom.
Putri dhomas ingkang minongko poro
waroro, kawuryan koyo putri perdikan
saking bawah jagat banyu biru.
Kacarito kirabing penganten wus prapto
madyaning pandapi, pengantin anggung
sru panyuwunipun
dhumateng sanggyaning poro tamu mugi
paring pangestu temah tutugo ingkang
glnayuh dumugiyo ingkang jinongko,
jurniah kaliyan gegayuhanipun trep
kalihan kudanganing tiyang sepuh hipun.
Soyo raket rinaketan ing sasono kursi
rinenggo lumaksanane sri penganten,
dening sang subo manggolo gyo
ingacaranan lenggah. Dupi sanag
penganten wus lenggah ing kursi
rinenggo, sang subo manggolo ngaweawe
nyasmitani dhumateng poro waroro
ingkang hanggarubyug, wangsul ing
sasanane dhewe-dhewe.

Tataning lampah kadi napak filas lekase


sang sarjana linangkung ingkang wus
murut ing kasedan jati Ki
Hajar Dewantara : ing ngarso sung
tutodho, ing madya mangun karso, tutwuri
handayani. Upocoro kirabing penganten
soyo tambah adi kawuryan karono sri
penganten wis ngagem busono kasatrian
candrane kadyo Raden Bagus
Danang Suto Wijoyo atmajane Ki pemana
han, hanganthi garwo niro Dewi
Samangkin, putro-putrinipun Sunan
Bagus Prawoto ing kati nyamat ameng-
ameng ing adiyono patamanan mirsani
puspito ingkang nedheng-nedhenging
arnbabar gondo arum.
Dene inanggoloyudo yen cinondro
kadi swandarugeni, atmajane Ki Demang
Sangkal Putung miwah sang Agung
Sedayu, putrane K: Sadewo ingkang
kalihkalihIpun saking tiatah jatienom.
Putri dhomas ingkang minongko poro
waroro, kawuryan koyo putri perdikan
saking bawah jagat banyu biru.
Kacarlto kirabing penganten wus prapto
madyaning pandapi, pengantin anggung
sru panyuwunipun
dhumateng sanggyaning poro tamu mugi
paring pangestu temah tutugo ingkang
glnayuh dumugiyo ingkang jinongko,
jurniah kaliyan gegayuhanipun trep
kalihan kudanganing tiyang sepuh hipun.
Soyo raket rinaketan ing sasono kursi
rinenggo lumaksanane sri penganten,
dening sang subo manggolo gyo
ingacaranan lenggah. Dupi sanag
penganten wus lenggah ing kursi
rinenggo, sang subo manggolo ngaweawe
nyasmitani dhumateng poro waroro
ingkang hanggarubyug, wangsul ing
sasanane dhewe-dhewe.

KEMBUL BUJONO
Poro rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Salajengipun badhe katindakaken
adicoro KEMBUL BUJONO. Dhumateng
poro raawuh lan poro kadang sentono,
kawulo aturi tumuju ing papan
pamboran, sumonggo.
A. PRASMANAN
   
Poro rawuh ingkang
d h a h a t   sadubudi,salajengipun
dhumateng sagung poro tamu kasuwun
enggal tumuju wonten ing papan
pambojonan, keparengo kembul
bujono utawi dhahar sesarengan wonten
ing papan ingkang sampun sumadyo,
sumonggo.
(Gending ayak manuro)
B. PIRINGAN
     

Poro rawuh ingkang dhahat


sadubudi. Salajengipun katindakaken
adicoro Kembul Bujono. Dhumateng
poro parogonladen sinoman kawulo
aturi friggal nindakaken
wajib, sumonggo.
BEDOL TEMANTEN
Bapak-2, ibu-2 sumawono sagung
poro tamu ingkang pantes
sinudarsono,
salajengipun dhumateng poro rawuh
keparengo paring berkah pangestu
dhumateng temanten kekalih,
miwah besan kekalih wonten ing
papan ingkang sampun sumadyo,
sumonggo.
zo
Dhumateng kadang pito sworo utawi
operator
kawulo aturi ngungelakan gending
ayak mayuro, sumonggo.

PENUTUP
Poro rawuh ingkang dhahat
kinurmatan, kanthi tumindaking
adicoro bedhol temanten, pramilo
upocoro panggih temanten sampun
paripurno, mboten kesupen,
ingkang hamengku gati ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpo
upami dhumateng rawuh
panjenengan sekalian, ingkang
sampunkepareng hangrawuhi
sohoparing berkah pangestu
dhumateng temanten kekalih, kawulo
minongko jejering pambiworo, mbok
bilih wonten klenta-klentunipunlan
kiranging trapsilaning anggen
kawulo matur, awit kirangipun titi toto
pratitising atur tetembungan, kerso'o
poro rawuh hanglunturaken samudro
pangaksami. Sepindhah malih
suroboyo-tulungagung/ pangapuro
ingkang agung, tahu kecap
purwosari, menawi wonten kaladuk
ipun patrap lan pangucap
nyuwun pangaksami, ing wasono
sugeng dalu/ siang/ sonten, sugeng
kundur, mugi sageto pepanggihan
malih wonten ing lintu wekdal,
NUWUN. Akhirul kalam wa'billahi
taufik wal hidayah
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai