Anda di halaman 1dari 2

1.

SALAM :

Kawulo Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun para pinisepuh, ingkang kulo hormati,
Para sesepuh, para tamu sedaya ingkang kulo hormati ugi,
Langkung-langkung dumateng panjenengannipun Bp Suratno ingkang
kinabekten,
Para kadang muda taruna sak lingkup RT menjing mriki, ingkang kulo
tresnani ugi,
Keparenga kulo nyuwun wedal sak wetawis, bade matur nampi
pangandikanipun Bp Siswanto, ingkang sampun kawedaraken kalian
Bp..................

2. PUJI SYUKUR :
Sak derengipun kulo nglajengaken atur, datan kendat sumonggo kulo
derekaken ngaturaken pujo puji syukur alkhamdulillah hirobil alamin,
konjuk ngarso dalem gusti Allah ingkang moho agung,
inggih awit saking keparengipun, satemah kulo dalasan penjenengan
sedaya, saget makempal, manunggal nyawiji, wonten dalemipun
Bp. Siswanto, kanti sedaya manggih kesarasan minggahing
kawilujengan.

3. PAMBAGYO PORO TAMU :


Atur sak lajengipun, keparenga kula ngaturaken wilujeng rawuh,
konjuk para tamu sedaya, mugi dipun sekecak aken anggenipun
lelenggah, ngantos dumugi acara meniko paripurno,
4. POKOK :
Atur sak lajengipun, bilih ing wedal puniko Bp. Siswanto ngaturi rawuh
panjenengan sedaya, mboten sanes mboten langkung, kasuwun berkah
pangestu anggenipun bade kagungan kerso, miwoho putra putrinipun
ingkang sesilih nami Rr. Santi Eka Yunita ingkang jinatu ayu krami
dening Bagus Budi Rahayu, putra jalu Bp. Harsono pidalem saking
segulo, menggah dumuginipun ndamel, mbenjing dinten setu kliwon
ngantos minggu legi, wulan desember suryo kaping 22-23 th 2019,
dados, wonten ing dalu meniko, Bp Siswanto ngawontenaken
kumbokarnan sedaya pedamelan ingkang sampun dipun pasrahaken
dumateng kulo lan sedaya wargo mriki, bade kulo estok aken, nyuwun
pangestu dumateng para rawuh sedaya, anggenipun kagungan kerso
Bp. Siswanto wiwit purwo, madyo ngantos wusono, kalampahan kanti
rancak, rahayu wilujeng, mboten wonten alangan setunggal punopo.

5. UCAPAN :
Sak lajengipun kulo nyuwun dumateng sedayo wargo ing mriki sak
lebetipun nyambut damel mangke, satemah sedayo pendamelan saget
rampung, kanti sae.
Ugi kulo nderek titip matur, bilih mangke sampun dipun waos aken
perang-perangan pedamelan lan para parogo, kulo suwun midangetaken
kanti saestu.

6.
Semanten lan mekaten atur kulo, kulo ngrumaosi, sak sepuh kulo
sementen nembe pisan niki matur wonten ngarsanipun piyantun katah,
mesti kemawon katah kekirangan dalasan kalepatan, awit kulo kirang
mersudi dateng budaya jawi, ingkang meniko kulo nyuwun lumunturing
sih samodra panjak dana.

7. PANUTUPING ATUR :
Assalmu’alaikum wr. Wb. Nuwun

Anda mungkin juga menyukai