Anda di halaman 1dari 2

DONGO PANGETAN

HAMBAL WARSA KABUPATEN SRAGEN INGKANG KAPING 276

AUDZUBILLAHI MINASYAITHONIRROJIM
Bismillahirohmanirohim. Alhamdulillahi robbil’aalamiin, Haman syakirin,hamdan
na’imin hamdan yu’afi niamahu wayukafi mazidah. Ya Robbana lakal hamdu kama
yambaghi liljalali wajhikal karimiwa’adzimi sulthonik. Allahumma sholli wa sallim
wabarik’alaa sayyidinaa muhammadin, wa’alaa aalihi wa sahbihiajma’iin.

Duh Gusti Allah Engkang Maha Wikan


Ing dinten menika kawula hangaturaken raos syukur awit sedaya nikmat saha berkah
mirunggan Paduka, satemah kawula saget mangayubagya kegiyatan Hambal Warsa
Kabupaten Sragen Engkang kaping 276 ing warsa 2022, kanthi wosing gatos “
Gelorakan Gotong Royong Membangun Bumi Sukowati”. Kanthi hanaping manah
ngarsa Paduka.

Duh Gusti Duh Qadhiyal Hajat


Sampun276 warsa, nagari kawula Kabupaten Sragen lumampah sampun kathah ewah-
ewahan saha kamulyan Ingkang kawula raosaken. Kawula nglenggana nuwun inggih
sedaya awit anugrah saha amanah ingkang Paduka paringaken, kanthi menika uh Gusti
nyuwun pitedah supados kawula saget hanggayuh Kabupaten Sragen, dados nagari
ingkang adi luhung wonten ngarsa paduka saha titah paduka.

Duh Gusti Allah Duh Kafiyal Muhimmat.


Duh Gusti Allah ingkang Paring Cakep dhumateng para titah.
Mugya kacekapan jiwa saha raga kawula kanthi suwito wonten ngarsa Paduka,
kacekapan sedaya kegiyatan jiwa saha raga kawula, mrih saget handaosaken nagari
kawula, Kabupaten Sragen ingkang Aman, Sehat, Rapi, saha Indah. Mboten
nampung ing sak lebeting sesanti. Namung saget kasembadan lumebet ing saklebeting
batos, rah saha tindak- tanduk.
Duh Gusti Allah Duh Rafi’ad Darojat
Duh gusti Allah ingkang maha paring drajat.
Mugi kaluhuraken drajat kawula kanthi prestasi ingkang inggil saha akhlak ingkang
mulya, mugya handadosaken kamulyan ing ngarsa paduka pinangka gegayuhan luhur
kawula.

Duh Gusti Allah Duh Syafiyal Amrod


Duh gusti Allah ingkang Maha Paring Kabagaswarasan
Mugya tinebihna sedaya baya saha sangsaya dhumaten jiwa saha raga kawula,
tinebehna crh ing bebrayan, satemah saget guyub rukun sawiji greget handadosna
panggayuh luhur nagari kawula ingkang baldatun, tayyibatun, warobbun ghofur.

Duh Gusti Allah Duh Ar-Rohman Rokhim


Mugi kaparingaken raos welas asih paduka dhumateng kawula, dhumateng para
pangarsa kawula, dhumateng para leluhur ingkang hanjumenengaken Kabupaten
Sragen, saha para pajuang tumuli kemajengan saha kamulyan raharja Kabupaten
Sragen.

Mugya paring pangaputen sedaya lepat saha dosa kawula, tiyang sepuh kawula,
dosapara pangarsa kawula, sedaya para leluhur ingkang hanjumenengaken Kabupaten
Sragen.
Mugya kaijabah sedaya puji donga saha payuwun kawula.

Robbana atina fiddun ya hasanah wa fil akhirati hasanah waqina ‘azabannar.


Washollallahu’ala sayyidina Muhammad waa alihi washohbihi wasallim
walhamdulillahi robbil alamin.

Anda mungkin juga menyukai