Anda di halaman 1dari 17

TEKS MC BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum wr. wb.

‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه‬
‫اجمعين اما بعد‬

- Wonten pangarsanipun Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah


__________________________________lan sedoyo keluarga soho dzuriyahipun

- Poro pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI ingkang tansah kawulo hormati, wabil khusus
dumateng Bapak Bupati Wonosobo Bpk. Ahmad Naufa(hehe)

- Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti
Allah Swt, kanti Waosan Tahmid, Alhamduliilahirobbil ‘alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq
sedhoyo Hidayahipun Allah ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget makempal
wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi pakempalan puniko kacatet dening Allah
minongko amal kesaenan, amiin Allohumma Amiin.

Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad
SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah,
Allohumma Amin.

Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken.

Monggo adicoro pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun,
keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade
kalampah.

Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan.

Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho Sholawat nabi.

Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah.

Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.

Adicoro ingkang kaping gangsal Mau’idlotul khasanah

Adicoro ingkang kaping enem penutup kanti do’a.


Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaaken

Monggo sesarengan acara Sewelasan Soho Penutupan Mujahadah Kholwat kito bikak mawi waosan
ummul Kitab :

‫لرضاء هللا تعالى ولشفاعة رسول هللا صلى هللا عليه وسلم وبكرامة سلطان االولياء الشيخ عبد القادر الجيالني رضي هللا عنه وعلى ما‬
‫…… نوى السلف الصالح وعلى ما نوى الحاضرون والحاضرات في هذا المجلس وعلى كل نية صالحة الفاتحة‬

Kalajengaken adicoro inkang kaping kalih Wahosan ayat-ayat suci Al-Qur’an soho Shalawat Nabi
Muhamamd SAW, ingkang badhe dipun astho dening __________________________ wekdal soho
papan kito aturaken..

Kaljengaken adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah Tahlil ingkang bade dipun pimpin dening
_________________________ wekdal soho papan kito aturaken.

Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani Panitia ingkang bade dipun asto dening
_________________________________________ wekdal soho papan kito aturaken.

Kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih saking ________________________________ wekdal


soho papan kito aturaken.

Hadirin-Hadirot rohimmakumulloh

Kito lajengaken adicoro ingkang kaping gangsal Mau’idlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade
dipun asto dening ________________________________________________ dumateng
panjenenganipun wekdal soho papan kito aturaken.

Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnaninipun adicoro sewelasan soho penutupan
mujahadah kholwat, saking kula sedoyo lepat awal tumugi akhir nyuwun agunging pangapunten.

Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq

Wassalamu’alaikum Wr Wb.
Contoh Salam Pembuka (MC) dengan Bahasa Jawa

Juli 28, 2008 pukul 7:28 am · Disimpan dalam Uncategorized and tagged: Uncategorized

( Pambuko Tahlil / Surat Yasiin )

Assalamu’ alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Alhamdulillahi Robbil ‘Alamin. Washolatu wassalamu ‘ala asyrofil Ambiyaai Wal mursaliin Sayyidina
Muhammadin wa’alaihi washohbihi ajma’iin Ammaba’du.

Ibu-Ibu Pengurus lan Ibu-Ibu Anggota PKK ingkang dhahat kinurmatan.

Sepindhah mangga sareng-sareng ngaturken puji syukur kunjuk dhumateng ngarsanipun Alloh SWT,
ingkang sampun pinaringan Taufik saha Hidayah saenggo kita saget pepanggihan ing papan puniko
kanthi kawilujengan soho kasarasan.

Kaping kalih Solawat saha salam mugi tansah pinaringan dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi
Mohammad SAW, ingkang sampun paring pitedah lan ingkang kita ajeng-ajeng safaatipun.

Kaping tiga maturnuwun sanget dhumateng Ibu-Ibu ingkang sampun kerso nglonggaraken wekdal
ngrawuhi pakempalan PKK kito.

Matur nuwun sanget dhumateng shohibul hajjah Ibu…..ingkang sampun paring papan panggenan
tuwin sakathahing pasugatan ingkang kaparingaken.

• Saderengipun waosan Tahlil / Surat Yasiin kita wiwiti, monggo kito sareng-sareng maos Surat Al-
fatihah, Syahadat kaping tigo, Istighfar kaping tigo.

• Illahadlrotin Nabiyil Mustofa Muhammadin Sholallohu Alaihi Wasalam Al-Faatihah…..


• Salajengipun wekdal kulo aturaken dhumateng Ibu……..

Mugi-mugi waosan Tahli / Surat Yasiin kolowau sagedo dados amal kautamaan ugi dipun tampi
dening Alloh SWT.

Cekap semanten atur kulo minongko pranoto coro, mbok bilih wonten andharan soho atur kulo
ingkang kirang prayogi kulo nyuwun agenging pangaksami.

Bilahittaufik walhidayah Wassalamu ‘alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh.

05 September 2008

CONTOH MATERI MC (Pembawa acara) Jawa

CONTOH MATERI MC (Pembawa acara) Jawa.

PEMBUKAAN

Assalaamu’alaikum WR.WB

Engkang kito hormati panjenenganipun

Bp.Kepala Desa Selopa Bp. Sukro harjo

Bp. Kepala Dukuh wungan Bp.Madi

Bp. Kyai a’in

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh.

Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng
Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing majlis
Pengaosan Perpisahan KKN UAY puniko.
Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito antu-antu
syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah.

PEMBACAAN AGENDA

Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo bade maosakaen runtutaning acoro ing majlis puniko

Sepindah PAMBUKO

Kapeng kalihipun Waosan Kalam Ilahi lan Sari Tilawah

Kapeng Tigo sambutan-sambutan

Kapeng sekawan Istirohat

Kapeng gangsal pengaosan inti

Kapeng akhir panutup

PEMBUKAAN

Bapak Ibu Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, monggo acoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan
kanti waosan BASMALLAH/ UMMUL KITAB AL- FATIKHAH ….

MEMPERSILAHKAN SAMBUTAN / MENGISI PENGAJIAN [ucapan terima kasih]

Hadhirin Hadhirot engkang minulyo, acoro sak lajengipun inggih puniko sambutan.

Sambutan engkang sepindah sangking Ketua Panitia Pengaosan. Dumateng Bapak Madi kito
sumanggaken …

Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Sumadi

Bapak Ibu Hadirin/Hadhirot Rokhimakumulloh, mekaten wau pengaosan ing ndalu puniko. Mugi-
mugi kito saged mendet hikmah lan nglaksanaaken punopo engkang sampun dados aturipun Bapak
Kyai.

PENUTUP

Sak derengipun acoro ing ndalu puniko kito tutup, kulo ing mriki sak dangunipun ndereaken acoro
ing ndalu puniko kathah keklintuanipun kulo nyuwun agungeng samudro pangarsami.
Monggo acoro ing ndalu puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID ..

Wassalaamu’Alaikum WR-WB

BELAJAR PIDATO BAHASA JAWA

09.30 Diposkan oleh SUMBANG TERPADU

PASRAH PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula Nuwun,

Bpo.......... sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo Bpo......... kekalih,saking......... kadhawuhan matur hing ngarsa
panjenengan.

Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih,mugi katur
Bpo......... sekalian,sinartan pamuji mugi Bpo......... sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki.

Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong


hanggenipun Bpo......... kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun Rr......... badhe
kajodhokaken kalian pun Bg......... anak jaleripun Bpo......... kekalih, Hingkang punika kula
kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr......... kalian pun Bg.........

Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening
paningset, mugi Bpo......... keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun
lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bpo......... sekalian.
Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula
matur saha sowan.

Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.

Hing wasana cekap semanten atur kula,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo......... hingkang winengku ing karahayon.

Kula hingkang kapiji Bpo......... kekalih, Langkung rumiyin kula hangaturaken pambagya wilujeng
rawuh panjenengan sakadang.

Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bpo......... sekalian, Hingkang mangke nuli
badhe kula aturaken dhumateng Bpo......... kekalih.

Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan kados sampun cetho trawoco,

Bpo......... kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun hawit sadaya paparingipun Bpo.........
minangka Abon-Aboning paningset.

Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun Rr......... sarta Bg......... sampun wonten hing
pamurbanipun Bpo......... kekalih.

Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih mugi katur hing Bpo.........
sakaliyan winwntu hing sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih.

Mugi wonteno keparingipun Bpo......... sakadang hanglajengaken lelenggahan wonten papanggihan


tatacara ringkes hing.......... punika ngantos dumugi sapari purnanipun.

Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi rawuh panjenengan,saha kirang
runtuting anggen kula matur.

Kados cekap semanten atur panampi kula,


Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

====================================================================

PASRAH BADHE IJAB

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo.......... sekalian hingkang winengku ing pakurmatan.

Sowan kula dipun saroyo dening Bpo......... kekalih, Hingkang wigatosipun kinen hangaturaken salam
wilujeng mugi katur Bpo......... sekaliyan kanthi papuji rahayu wilujeng tansah nunggil hing Bpo.........
sakulawarga.

Kajawi punika kula kadhawuhan hanyowanaken putra kakungipun ingkang nami Bg......... hingkang
sampun sami gumolonging nala, Mugi kaparenga kaIJAB nikahaken kalian pun Rr.......... putrinipin
Bpo......... sekaliyan.

Papujinipun Bpo......... kekalih mugi kalampahanipun sageto wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa
reridu saha kalis hing rubeda.

Hing wasana cekap semanten atur kula, kirang susila anggen kula sowan saha matur, kula nyuwun
pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

NAMPI PASRAH BADHE IJAB


Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo......... kula hangaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah para kadang pangaraking
badhe penganten.

Salam wilujengipun Bpo.......... sakalian kula tampi,nuli badhe kula aturaken dhumateng Bpo..........
kakalih.

Hing salajengipun kaparenga kula tampi ugi, Bg.......... putra kakungipun Bpo.......... sakalian.

Tumuli mangke badhe kaIJAB khabulaken kaliyan Rr.......... putra estrinipun Bpo.......... kakalih.

Panjenengan sakadang kaparenga kula suwun hajenengi sarta hangestreni murih rahayu wilujeng
tumapaking tatacara akhad nikah punika mangke.

Salam wilujengipun Bpo..........kekalih mangke mugi katur Bpo.......... sekaliyan kahiring puji rahayu.

Cekap semanten panampi kula,dene pinanggih kucuwo kula nyuwun gunging samodro pangaksama.

Wassalamu'alaiku wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

PASRAH BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun,

Bpo.......... sakalian hingkang tansah winantu hing karahayon.

Sowan kula sinaroyo Bpo.......... kekalih,hingkang wigatosipun kinen hangaturaken salam wilujeng
mugi katur Bpo......... sekaliyan, sinartan papuji rahayu mugi Bpo.......... sakulawarga tansah
hamangyo suka basuki.

Hing salajengipun kula kadhawuhan nyowanaken putra kakungipun Bpo.......... nami pun Bg..........
hingkang sampun hanindhakaken akhad nikah kaliyan pun Rr.......... putrinipun Bpo.......... sakaliyan.
Dene menggah kalampahing tatacara panggihing panganten, kula hamung sumonggo hing
kaparengipun Bpo.......... sakaliyan.

Makaten atur kula,pinanggih kirangipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu' alaikum wr.wb.

Nuwun.

=================================================================

NAMPI BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb.

Bpo.......... Langkung rumiyin kula ngaturaken pambagyo wilujeng rawuh panjenengan dalah
pangaraking panganten kakung.

Salam wilujengipun Bpo.......... sekalian kula tampi,nili badhe katur dhateng Bpo.......... kakalih.

Hing salajengipun,panganten kakung pun Bg.......... kaparengna kula tampi,dene menggah


kalajenganipun tatacara panggih sampun wonten hing pamurbanipun Bpo.........kakalih.

Mugi wontena kaparengipun Bpo.......... .Dalah sapangaraking panganten kakung lenggah paring puji
pangetu mrih wilujengipun tatacara pahargyan ing wanci punika.

Salam wilujengipun Bpo.......... kakalih mugi kahaturna hing Bpo.......... sekaliyan kanthi papuji mugi
tansah rahayu hingkang pananggih.

Makaten atur panampi kula,menawi pinanggih kuciwa kula nyuwun lubering samodro pangaksama.

Wassalamu'alaikium wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

RT. WahYou Eka Solo


PASRAH MANTEN NGUNDUH MANTON

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Bpo.......... ingkang winengku ing karahayon.

Saderengipun kula matur esthining sedya, langkung rumiyen netepi,nglenggono,ngrumaosi jejering


titah uatwi umat,mboten kendhat-kendhat tansah munjukaken Puja Puji Syukur ing ngarsaning
ALLAH Ingkang Murbeng Jagad,mugi peparinging Rokhmat wujud pinten-pinten raos nikmat ing
antawisipun,wanci punika panjenengan kula ginanjar bagas waras kiat.

Bpo.......... hingkang winengku hing suka basuki.

Sowan kula dipun saroyo Bpo.......... saperlu :

1. Ngaturaken salam wilujengipun Bpo......... sekaliyan,katur Bpo.......... sekaliyan.

2. Nglarapaken penganten ingkang punika sampun jangkep sajodho,awit sampun katindakaken


ijab,pangih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun rikala dinten.......... surya kaping..........
pinaringan wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana widada nir ing sambekala.

Ingkang salajengipun sapunika kula pasrahaken borong hanggenipun


ngendikani,mituturi,mbebolehi,ndidik,nggula wenthah mrih lestari,widada anggenipun jejodhoan
sageta mbangun bale wisma ingkang sakinah,mawa'dah,warrokhmah,antuk ridhaning ALLAH
Hingkang Maha Mirah,tansah rukun,atut runtut,wohing atut mugi pinaringan putra ingkang dados
tetangsul langgeng tutug trah tumerah lantaran turun anggenipun bebesanan.

Cekap semanten atur kula,tumrap kiranging atur, kula sapangombyong nyuwun agunging
pangaksama.
Wassalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun.

==================================================================

PASRAH PENGANTEN KAKUNG BADHE PANGGIH

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Bpo.......... hingkang winengku hing karahayon.

Saderengipun kula matur,mugi sih wilasa-wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung tansah
hamemayungana wonten hing madyaning pahargyan.

Kula hingkang kasaroyo Bpo.......... sekaliyan,

Hingkang sepisan,kula kadhawuhan ngaturaken salam wilujengipun Bpo.......... sekaliyan mugi katur
dhumateng Bpo.......... sarimbit dalasan kulawangsanipun.

Hingkang kaping kalih,kula kadhawuhan masrahaken panganten kakung hingkang hasesilih Bg..........
putra saking Bpo.......... sekaliyan,mugi kadhaupna kaliyan Rr.......... putra putrinipun Bpo..........
sekaliyan.

Gegandhengan panganten kakung sampun mangagem busananing keprabon,lampahing tatacara


panggihing panganten kula sumanggakaken.

Namung atur uninga,sapari purnaning tatacara panggihing penganten,Bpo.......... sarimbit dalasan


kulawarga badhe mertuwi putra hingkang kapahargya wanci.......... punika.

Makaten hatur pasrah kula,dene kula hingkang kadhawuhan matur,kula nglenggana kathah atur
ingkang mboten damel sarjuning panggalih kula nyuwun pangapunten.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

===================================================================
NAMPI PASRAH PANGANTEN KAKUNG

Assalamu'alaikum wr.wb

Bpo.......... hingkang tinanggenah hanglarapaken panganten kakung.

Kula hingkang kadhawuhan Bpo.......... sekaliyan hanampi pasrah panjenengan,kalilaana kula


ngaturaken salam wilujeng rawuh panjenengan,hawit kasembadaning karya,temah saget mboyong
penganten kakung kanthi raharja kalising rubeda ing lampah.

Kula tampi salam wilujengipun saking Bpo.......... sekaliyan,mangke badhe kula aturaken ingkang
kawogan.

Ugi mboten kesupen salam wilujengipun Bpo.......... sekaliyan mugi ka'aturna dhumateng Bpo..........
dalasan kulawarga.

Ingkang salajengipun pasrah panjenengan penganten kakung kula tampi kanthi bingahing
manah,tumuli badhe katindhakaken lampahing tatacara panggihing penganten.

Dhumateng panjenengan saha pangaraking penganten kakung,kula suwun keparenga lenggah


wonten palenggahan ingkang sampun kasamekta'aken,saperlu hanjenengi wontenipun pahargyan
hing wanci.......... punika.

Semanten atur kula,hawit saking sedaya kalepatan kula nyuwun samodraning pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

====================================================================

PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTON

Assalamu'alaikum wr.wb

Kula nuwun,

Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan.


Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih linimputan
ing karaharjan.

Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos.

Salajengipun mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung
punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.

1. Kula nuwun,

Pambage wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging katarimah


dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi utawi hangestreni Ijab kalajengaken
panggihing penganten, Rr.......... kadhup angger Bg.......... ,sampun kalampahan wilujeng sepen ing
sambekala.

Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya widada
jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang sami
bebesanan,kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun.

Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma.

2. Kula nuwun,

Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun.

Nanging panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung kasumanggakakening Pangeran


Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring
budinipun para lila-legawa ing penggalih.

Wasana tumrap kirang jangkeping suba-sitanipun ingkang hatur-hatur kersa-a halapang jaja,kanthi
ngluberaken samodra gung pangaksama.

Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti RAHAYU


WILUJENG WINANTU ING SUKARENA.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

=================================================================

PAMBAGYA HARJA
Kawilujengan,katentreman sih wilasa lan nugrahaning Gusti Kang Maha Kawasa,mugi tansah
kapatedhakna dhumateng kula sadaya ing pahargyan.

Kula nuwun,

Assalamu'alaikum wr.wb.

Saderengipun katuraken esthining sedya,keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu
sadaya,mboten kendhat-kendhat munjukaken puja-puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang
Murbeng Jagad.

Awit peparing rakhmat,wujud pinten-pinten raos nikmat,ing antawisipun ing wanci punika
panjenengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat.

Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Kula hingkang kasarayo Bpo.......... kalilanana kula matur,

1. Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun,awit kepareng panjenengan sampun
kersa rawuh ing papan pahargyan punika,mituruti-minangkani panyuwunipun Bpo.......... , Milo
mboten mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari kaeroban seganten
madu,bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun.

2. Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa
kemawon,sampun katampi kanthi bingah katarimah ing manah,mugi dadosa ngamal kasaenan
panjenengan lan angsala ganjaran ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad.

3. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih,sanak kadang,mitra sutresna ingkang paring
pambiyantu,panyengkuyung arupi bahu-suku,panggalihan,eguh pratikel.rerigen lan sanes-sanesipun
mrih rancak,lancar,regeng kaleksananing pahargyan punika.

Para tamu ingkang winengku suka basuki.

Kaperluan ing dinten punika kados sampun kaserat ing serat sedhahan, Bpo.......... kagungan kersa
hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang anama Rr.......... kadhaup Bg.......... putranipun
Bpo/Ibu.......... ing.......... .

Kaleksanan IJAB,panggih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahating Gusti ALLAH
Ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu kakung-putri,ginanjar wilujeng
tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana nis ing sabekala.

Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para tamu,mugi-mugi pengenten kekalih tansah


rukun,runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya,tansah runtut atut,wohing atut pinaringan
patutan putra ingkang hanung-hanindhita. (tegesipun putra hingkang sae lahir
batosipun,nyenengaken tiyang sepuhipun,migunani bebrayan nusa-bangsa lan agaminipun).

Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena.

Niyating manah lan panjangkah,tansah mbudidaya panampi kula,mugi para tamu karenan ing driya.

Ewadene kok inggih wonten kemawon kekiranganipun,wiwit atur sedhahan ingkang mboten trep
asma-sesebatan,kalenggahan lan sanes-sanesipun,boja lan suba-sitanipun.

Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten.

Ing wasana kula piyambak kiranging tatakrami,nalisiring kasusilan ingkang jalari kirang renaning
panggalih,kasuwun halapang jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama.

Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai