Anda di halaman 1dari 3

Pranatacara Karang Taruna

Assalamu’alaikum Wr. wb

‫بسم ا الرحمن الرحيم الحمد ل رب العالمين و الصلةا والسلما على اشرف النبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى‬

‫اله وصحبه اجمعين اما بعد‬

Khadrotil muhtaromin, dumateng para alim, para ulama, para kyai, para haji

hajjah, para ustadz ustadzah Ingkang kawula hormati, wabil khusus dumateng

panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono

ingkang kita mulyaaken lan kita tengga tengga punapa ingkang dados fatwa saha

nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah

NU Ranting Desa Tembok beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat

Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa Tembok ingkang kawula

hormati.

Dumateng penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa

Tembok beserta perangkatnya ingkang kita hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah mangga kita tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang

sampun maringi pinten kenikmatan dumateng kita, salah setunggalipun nikmat

iman lan islam, sehingga kita taksih saget makempal ing acara Selapanan Rutin

Rebo Manisan NU Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan

setunggal punapa, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

Kaping kalihipun kula ngaturaken panuwun marang panitia sampun bantu

nyiapake papan panggonan lan dhaharan menika.


Sak derengipun acara kita bukak, kawula minangkani pranatacara badhe

maosaken acara acara ingkang badhe kalampah menika.

Acara ingkang sepindah, pembukaan

Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an

Acara ingkang kaping tiga, prakata panitia

Acara ingkang kaping sekawan, atur pangandikan

Acara ingkang kaping gangsal, istirahat

Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah saha do'a

Acara ingkang kaping pitu, penutup.

Mangga kita bikak acara menika kanthi waosan Basmallah. Matur nuwun,

mugi mugi kanthi waosan menika, saget dadosaken lancaripun acara menika,

amin ya robbal alaim.

Acara ingkang angka kalih inggih menika waosan ayat-ayat suci Al Qur’an,

ingkang badhe di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun

kawula sumanggaaken. Dumateng penjenenganipun, kawula aturaken

maturnuwun.

Acara ingkang angka tiga, inggih menika prakata panitia, ingkang badhe

dipun sampeaken deneng Bapak Sudiyanto dumateng penjenenganipun kawula

sumanggaaken. Dumateng penjenenganipun kawula aturaken maturnuwun.

Acara ingkang selajengipun, atur pangandikan:

Atur pangandikan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting

Desa Tembok, Dumateng Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawula

summanggaaken. Maturnuwun kawula sampeaken.


Atur pangandikan ingkang angka kalih, saking Kepala Desa Tembok,

dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawula sumanggaaken.

Maturnuwun kawula aturaken.

Acara selajengipun, inggih menika istirahat, kangge ngisi wekdal istirahat,

dumateng grup rebana Cagar Seno. Istirahat kawula cekapaken.

Acara ingkang terakhir inggih menika mauidloh khasanah, ingkang badhe

dipun asta deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono.

Dumateng penjenengaipun wekdal kawula sumanggaaken.

Maturnuwun kawula aturaken, mugi-mugi punapa ingkang sampun dipun

aturaken menika, saget bermanfaat. Saking kawula minangkani pranatacara,

sedaya kekhilafan lan kesalahan kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai