Anda di halaman 1dari 1

‫السالمعليكمورحمةاللهوبركاته‬

‫ الحمدللهربالعالمين‬. ‫ بسماللهالرحمنالرحيم‬.
‫ وعلىالهوصحبهاجمعينأمابعد‬. ‫واالصالةوالسالمعلىاسرفاألنبياءوالمرسلين‬
Dumatheng poro alim ulama, poro kyai wabil khusus .
 Al- Mukarom Bapak Kyai …………….. ingkang kawulo hormati.
 Sesepuh pinesepuh ingkang kawulo hormati.
 Jama’ah pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati.

Kaum Muslimin Muslimat Rohimakumulloh.


Langkung rumiyin monggo kito sareng – sareng muji syukur dumatheng Ngarso Dalem
Gusti Alloh SWT, ingkang sampun paring rohmat, taufik, hidayah lan ‘inayah ipun, sehinggo kito
sedoyo saged makempal wonten ing acoro pengaosan kuliah shubuh wulan suci Romadlon.
Sholawat soho Salam mugi mugi tetep dipun limpahaken dhumateng junjungan kito
nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang sampun mbekto saking zaman jahiliyah dumugi zaman
islamiyah inggih meniko Addinul Islam ‘ala Thoriqoti Ahlussunnah waljamaah.

Poro Jama’ah Pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati.


Sa’derengipun acoro ing enjing meniko dipun wiwiti, badhe kulon aturaken rantamaning acara,
kados mekaten :
1. Sepindah : Pembikakan.
2. Kaping Kalih : Waosan Sholawat Badar.
3. Kaping Tigo : pengaosan
4. Kaping Sekawan : Lain-lain.
5. Kaping Gangsal : Penutup.

Poro Jama’ah pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati.


Monggo acoro ing enjing meniko kito bikak sareng sareng kanthi waosan Ummul Kitab.
‫الفاتحه‬،‫والشفاعةرسوهللا‬،‫لرضاءهللا‬
Maturnuwun.

Acoro ing selajengipun inggih meniko Waosan Sholawat Badar ingkang badhe dipun pimpin
dening rekan, ……………….
Dhumateng Rekan………….. kawulo aturaken.

Poro Jama’ah Pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati.


Acoro selajengipun inggih menikopengaosan, ingkang badhe dipun dawuhaken deningAl-
Mukarom Bapak Kyai……….
Dhumateng Al-Mukarom Bapak Kyai…………. Kawulo Aturaken.

Poro Jama’ah Pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati.


Acoro selajengipun inggih menikolain-lain.
Pengumuman.
Kawulo aturaken hasil kotak amaliyah kuliah subuh dinten ..... kalih jumlah arto meniko .....
Lan kawulo aturaken menawi pengaosan dinten.... ingkang dipun isi dening....
Maturnuwun

Poro Jama’ah Pengaosan Kuliah Shubuh ingkang kawulo hormati


Acara ingkang kaping gangsal inggih meniko penutup.Namung saderengipun acoro dipun
tutup, kawuloatas nami pranoto acoro nyuwun agunging pangapunten , menawi katah klenta
klentunipun. Monggo acoro ing enjing meniko kito tutup kanthi waosan Al-fatikhah.
‫الفاتحه‬،‫والشفاعةرسوهللا‬،‫لرضاءهللا‬
Maturnuwun

‫واللهالموافقإلىاقوماالطريق‬
‫والسالمعليكمورحمةاللهوبركاته‬

Anda mungkin juga menyukai