Anda di halaman 1dari 2

SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT

Assalamualaikum wr.wb.

Alhamdulillahhi………..

Ingkang kawulo hormati, sesepuh pini sepuh, poro alim ulama’, wabil khusus dumateng
ustadina Bapak Muhsin Anwar soho Bapak H. Ahmad Zubaidi, ingkang kito antu-antu ilmu
barokahipun.

Ingkang kawulo hormati, Bapak Ustad . . . . .(yang mengisi acara) . . . . ingkang kito tenggo-
tenggo mouidotul hasanahipun

Ingkang kawulo hormati, shohibul bait sederek . . .(Nama Shohibulbait) . . . dalah keluargo

Ingkang kawulo hormati, ketua MTB-Q lan sak jajaran pengurusipun

Lan boten ketinggalan rencang-rencang ingkang kawula tresnani ugi

Kaping sepindah, monggo kito raosaken puji syukur dumateng Allah SWT. ingkang sampun
maringi kito pinten-pinten kenikmatan lan kerohmatan, sehinggo kito saged makempal
wonten acara Senenan Rutih MTB-Q kanti boten wonten halangan setunggalipun punopo.

Kaping kalihipun, Sholawat serto salam mugio katur dumateng panjenenganipun Nabi
Muhammad SAW, mugi-mugi kito ingkang rawuh wonten mriki saged angsal Syafa’atipun
mbenjang ing yaumul kiyamah.

Hadirin ingkang kawulo hormati

Wonten mriki, kawulo dados pamaturipun Shohibul Bait.

Kaping sepindah shohibul bait ngaturaken Ahlan wa sahlan bi khudurikum.

Kaping kalih, shohibul bait ngaturaken maturnuwun sanget dumateng panjenengan sedoyo
ingkang sampun nglenggaraken wekdal kanti ngrawuhi senenan ing ndalu puniko.

Kaping Tiga, shohibul bait nyuwun agunge pangapunten mbok bilih maringi papan
palenggahan lan papan panghormatan kirang ngrenani ing manah panjenengan, sepindah
malih shohibul bait nyuwun agunge pangapunten ingkang katah.

Cekap sementen saking kawulo, menawi wonten klenta-klento ing tembung, kawulo nyuwun
agunge pangapunten ingkang katah.

Wallahul Muwafiq Ila Aqwamitthariq.

Wassalamualaikum wr.wb.
PEMBAWA ACARA

Assalamualaikum wr.wb.

Alhamdulillahhi………..

Ingkang kawulo hormati, sesepuh pini sepuh, poro alim ulama’, wabil khusus dumateng
ustadina Bapak Muhsin Anwar soho Bapak H. Ahmad Zubaidi, ingkang kito antu-antu ilmu
barokahipun.

Ingkang kawulo hormati, Bapak Ustad . . . . .(yang mengisi acara) . . . . ingkang kito tenggo-
tenggo mouidotul hasanahipun

Ingkang kawulo hormati, shohibul bait sederek . . .(Nama Shohibulbait) . . . dalah keluargo

Ingkang kawulo hormati, ketua MTB-Q lan sak jajaran pengurusipun

Lan boten ketinggalan rencang-rencang ingkang kawula tresnani ugi

Kaping sepindah, monggo kito raosaken puji syukur dumateng Allah SWT. ingkang sampun
maringi kito pinten-pinten kenikmatan lan kerohmatan, sehinggo kito saged makempal
wonten acara Senenan Rutih MTB-Q kanti boten wonten halangan setunggalipun punopo.

Kaping kalihipun, Sholawat serto salam mugio katur dumateng panjenenganipun Nabi
Muhammad SAW, mugi-mugi kito ingkang rawuh wonten mriki saged angsal Syafa’atipun
mbenjang ing yaumul kiyamah.

Hadirin ingkang kawulo hormati

Wonten mriki kawulo dados Pranoto Acoro badhe maosaken susunan acara ing ndalu
puniko :

Acara ingkang kaping sepindah inggih punika . . . .

Acara ingkang kaping kalih ……, Acara ingkang kaping tigo …….., ……, (dan seterusnya)

Kangge Miwiti acara ing dalu puniko, monggo kito sareng-sareng maos Umul Kitab, Al
Fatihah………

Acara saklajengipun inggih punika pembacaan ayat suci Al-Qur’an ingkang bade dipun waos
dining sederek . . . . . . . ., dumateng sederek . . . . . . . kawulo sumanggaaken.

Al-Qur’an -> dipun waos Latihan Khitobah -> dipun sampe’aken


Sholawat -> dipun pimpin Mujahadah -> dipun pimpin
Berjanjenan -> dipun pimpin Mouidotul Hasanah - > dipun sampe’aken
Acara ingkang kaping terakhir inggih puniko Do’a Utawi penutup, monggo kito maos
Hamdalah, Alhamdulillah…

Cekap sementen saking kawulo, menawi wonten klenta-klento ing tembung, kawulo nyuwun
agunge pangapunten ingkang katah.

Wallahul Muwafiq Ila Aqwamitthariq.

Wassalamualaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai