Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb
Panjenengan Bapak saha Ibu ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
rencang-rencang muda mudi ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula saha panjenengan sareng-sareng ngaturaken raos


puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kanikmatan, kesehatan,
raharja, lan kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan, satemah ing wanci menika
kita saged makempal manunggal wonten mriki kanthi sehat wal ‘afiat, kangge mengeti
dinten kamardikan Indonesia utawi 17-an.

Para rawuh ingkang minulyo.


Wonten ing wanci punika, kita saged ngenang malih prastawa ingkang ajrih
dhumateng sedaya bangsa Indonesia, inggih menika dinten kamardikan 17 Agustus.
Kamardikan menika anggadahi artos, yaiku bangsa Indonesia sampun mardika lan
bebas saking para penjajah ingkang padha durjana. Para pemudha lan pahlawan-
pahlawan ing jaman sakmenika padha toh nyawa kangge mbebabasaken Indonesia
saking panjajah negeri menika.

Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka,


menika atusan tahun dipun jajah dening bangsa asing, inggih menika dipun jajah
dening walanda, portugis, Inggris, Jepang, lan liyan-liyanipun. Indonesia mboten
anggadahi kebebasan. Ngantos atusan tahun rakyat Indonesia urip ing
cengkramanipun kaum penjajah. rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan,
ditindas lan dipun aniaya dening bangsa asing. Namung, kanthi rahmatipun Allah SWT
lan ugi kanthi semangatipun para pahlawan lan para pemudha bangsa Indonesia
ingkang gigih, mboten gampang mundur, para pejuang kita saget ngusir kaum
penjajah saking Indonesia, satemah wonten tanggal 17 Agustus 1945 bangsa
Indonesia memproklamasikaken dinten kamardikan Indonesia.

Parah rawuh ingkang kinurmatan. Kita saged ngisi kamardikan menika kanthi
mujudaken:

1. Paring pakurmatan dhumateng tiyang sepuh, luwih-luwih para pahlawan.

2. Sami nglairaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking
daerah, nggih kados bahasa jawi menika.

3. Njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa lan negara.


4. Dados pelajar kang becik inggih menika sami ngurmati dhumateng guru,
sinau kanthi sregep, lan mboten tawuran.

Lan taksih wonten kagiyatan-kagiyatan positif sanesipun ingkang saged


ditindhakaken kangge mengeti dinten kamardikan menika.

Menawi minimal sekawan menika sampun ditindakaken dening kita, InsyaAllah


kamardikan menika saget dipunraosaken dening sedaya masyarakat Indonesia.
amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwanipun
pemudha-pemudhi Indonesia. Namung, ingkang ajrih nggih menika, kita kedah njagi
persatuan, kesatuan, lan karukunan saha mboten ambeda-bedaaken sedherek-
sedherek kita supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi.

Mekaten atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten


mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih
awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga
panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai