Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan.

Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged makempal sesarengan wonten ing mriki, kangge mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia. Wonten ing kesempatan menika, kita ngenang malih peristiwa ingkang penting. 17 Agustus 1945 teks proklamasi diwaos kaliyan bapak Ir.Soekarno. Lajeng proklamasi disebaraken. Indonesia sampun bebas saking penjajah. Upacara proklamasi kamardikaan Indonesia kirang luwih 1 jam. Singkat lan sederhana, namung peristiwa menika damel perubahan ingkang luar biasa kagem bangsa Indonesia. Peristiwa menika, nandai bangsa lan negara Indonesia ingkang mardika lan berdaulat. Bapak-bapak , Ibu-ibu ingkang dhahat kinurmatan. Kamardikan samenika rahmat kaliyan anugrah saking Gusti Allah SWT. Wondene, kita wajib bersyukur kaliyan Gusti Allah SWT saking kamardikan ingkang kita tampi lan nikmati. Para pendahulu kita sampun berjuang berabadabad dangune kangge ngraih Indonesia mardika saking tangan penjajah. Perjuanganipun ngrenggut kekuatan, harta, kaliyan nyawa. Generasi dene generasi sampun benten. Ewunan lan puluhan ewu pahlawan sampun gugur dados syuhada wonten ing perjuangan. Saengga, kita kedah ngisi kamardikan ingkang dicapai kaliyan mujudaken cita-cita proklamasi kamardikan Negara Republik Indonesia Merdeka, yaiku nyiptakaken keadilan, kemakmuran, kaliyan kesejahteraan rakyat Indonesia ingkang adhedasar wonten ing Pancasilan kaliyan UUD 1945. Boten luput, kita ugi andedonga kaliyan Gusti Allah, mugi-mugi sedaya usaha kita saged diparingi restu kaliyan dipun sekecakaken wonten Gusti Allah. Amin. Mekaten atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga panjenengan sedaya paring agunging pangaksami. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai