Anda di halaman 1dari 1

Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 01 RW 08 Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha
mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang kaping sepisan, mangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika
tansah sehat wal’afiat. Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan
kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung puluh pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih
rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika
wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih
punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan,
sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae
tinimbang sakderengipun merdheka. Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan
pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun
pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai