Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr.

wb

Nuwun, para sesepuh para pinisepuh, para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos
bagya.

Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun
Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika
kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.
Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik
Indonesia ingkang kaping 74 Tanggal 17 Agustus tahun 2019 keparenga badhe matur wonten
ngarsanipun panjenegan sedaya.
Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun
kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan
penegetan Kamardikan kita ingkang kaping 74 tanggal 17 Agustus tahun 2019
Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu ing mriki, awit panjenegan
sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan, dana, tenaga,
ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni pahargyan
pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.
Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing
mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti, makarya
sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa para
warga sedaya.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal 17
Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan
Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning
bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita
pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami
ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet
rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para
warga, ing dinten ingkang mulya menika.
Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar
kawasisan lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang
pungkasan, kula minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab
ingkang kirang mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader
kali sesonderan. Nuwun

Wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai