Anda di halaman 1dari 1

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Tuladha pidato
Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos
bagya.
Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun
Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika
kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.
Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia
ingkang kaping..... Tanggal ! "gustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun
panjenegan sedaya.
Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun
kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan
penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal ! "gustus tahun.....
#alajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng $apak Ibu warga %husun..... ing mriki, awit
panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan,
dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha ran&agipun a&ara pentas seni
pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.
$oten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing
kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti,
makarya sesarengan saengga saged mujudaken a&ara pentas ingkang dados hiburan tumrapa
para warga sedaya.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal !
"gustus '(). $angsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan
$angsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning
bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita
pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami
ngawontanaken upa&ara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet
rerengkening a&ara ! "gustus. *inangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para
warga, ing dinten ingkang mulya menika.
#umangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar kawasisan
lan kreati+itasipun. #ugeng mrikasani nganti paripurnaning a&ara. Ingkang pungkasan, kula
minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang
mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. ,enang sela, wader kali sesonderan.
Nuwun

Anda mungkin juga menyukai