Anda di halaman 1dari 5

TEKS PRANATACARA

NAMA : SINTA NIA S.


KELAS : IX F
NO. ABSEN : 30
Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang kula
hormati, ugi dumatheng para siswa, mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Keparengan ing mriki
kula badhe matur wontwn ngarsa panjenengan sami, minanagka ketua panitya pengetan tanggap
warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.

Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah
Ingkang Murbeng Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan dumatheng
kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun keparengaken
makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan ing malem 17
Agustus punika.

Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga
SMK ... sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng panitya, murih
saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI ingkang kaping 66 surya
kaping 17 Agustus 2011.

Susunan Acaranipun inggih punika :


1. Pambuka
2. Nembang Sesarengan tembang “Hari Merdeka”
3. Sambutan Kepala Sekolah
4. Sambutan Ketua Panitya
5. Nembang Sesarengan tembang “Bendera Kita”
6. Piwaosan Puisi
7. Piwaosan Donga
8. Penutup

Kados sampun kawuningan dening para arwuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, kita
bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi pangurbanan rah
lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil maosan Teks Proklamasi
Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya Bangsa in manca Nagari sami
mengertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negeri enggal ingkang name Indonesia. Ing dinten
benjang enjang tanggal 17 Agustus 2011 Nagari kita Republik Indonesia jangkep yuswa 66
tahun. Awit saking punika ing tirakatan dalu punika, kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan
seperlu mengeti dinten Kamardikan kita, saha sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang
Akarya Jagad, mugi-mugi, pengeten tanggap warsa ingkang kaping 66 punika mangke saged
kaleksanaan kanthi wilujeng, saha sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan
rahayu widada, nir baya, nir ing sambekala, tebih sangking parang muka, pinaringan tata tentrem
kerta raharja, saha nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita dumatheng
ancasing Revolusi, inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan makmur sadaya bangsa
Indonesia.

Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila kanti
mocap Bismillahirrahmaanirrahiim, tirakatan dalu punika kawiwitan.

Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken kirang
renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged nyuwun
agunging pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken lelenggahan kanthi
mardikaning penggalih, sarta panutuping atur,

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten.


Bapak-bapak, ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat
kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun


Gusti Allah SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi
kasarasan. Sahengga, ngantos wekdal menika panjenengan sedaya saged ngrawuhi
anggenipun gadhah damel tasyakuran penganten menika.

Para Rawuh ingkang kinabekten,


Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun
rinacik dening para kadang kaluarga, inggih menika:
1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.
3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.
4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih
penganten.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.
6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.
7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan


Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika.
Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang
ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-
piyambak. Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking
Retnasih. Dhumateng sedherek Retnasih kula sumanggaken.

———————————————————

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.


Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng
Bapak petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

———————————————————
Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan
kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
Dhumateng Ibu perias wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.


Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus.
Dhumateng Bapak Agus, kula sumanggaaken.

———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur
pambagya.
Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari
“Bagas Waras”, kula sumanggaaken.

———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara


menika.

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos
hamdallah sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa
panjenengan sami nglantaraken reroncening adicara pawiwahan menika wiwit
kanthi panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing trap sila saha subasita
tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.
Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai