Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb

Alhamdullilahirobbil'alamin ashholatu wassalamu ala sayyidil asrofil anbiyai wal mursalin,


sayyidina wamaulana muhammadin wa ala alihi wasohbihi ajmain ama ba'du

Wonten ngarsanipun para alim ulama para masyayih saha dhateng rama kiyai dalah ibu nyai, ingkang
dahat kita mulyaaken,lan kita antu2 sabda dawuhipun..

Ingkang tuhu kinurmatan dumateng panjenenganipun Bapak Mwc NU, sekalian banomipun

Ingkang kinurmatan dumateng panjenenganipun ibu kepala sekolah sekalian jenjangkrawatipun

Atur kinurmatan kunjuk dumateng pengurus PC Ipnu Ippnu kab. Kediri

Tan kantun dumateng kadhang-kadhang Ipnu Ippnu Kec. Wates, lan dhateng sedaya para rawuh
ingkang winantuing bagya mulya....

Pinurwakan kanti hamemuji wonten ngarsanipun dzat kang murweng dzat, ingkang sampun
hambabar sih welas kanthi mawurahan bagas waras tuwin kawilujengan.

Satemah panjengan dalasan kawulo kepareng nyawiji manunggal wonten adicara "Pembukaan
PORSENI Pimpinan Anak Cabang Ipnu Ippnu Kecamatan Wates warso 2023" Kanti keadaan sehat
wal afiat mboten wonten alangan setunggal punopo.

"Sholawat saha salamipun allah mugi tansah lumintir dhateng Nabi agung Muhammad S. A. W

Ingkang kito antu-antu syafaatipun min hadzihi sa'ah ila yaumil qiyamah,mugi syafaatipun tansah
paring sorot pepadhang dhateng sedaya keluarga. Amin Yra

Poro rawuh ingkang dahat kinurmatan, Keparengan kula dhereaken urutipun Rantamaning
adicoro ingkang bade kalampah

1. Adicara sepisan Pambuka

2. Adicara kaping kalih waosan wedha Suci Al-Qur'an....

3. Adicoro kaping 3 inggih puniko ungeling lagu Indonesia raya, mars ipnu ippnu,
kaliyan mars syubanul waton.

4. Adicacoro ingkang kaping 4, sambutan-sambutan

5 . Adicoro ingkang kping 5 inggih puniko prosesi pembukaan

6. Lan adicara ingkang pungkasan inggih punika waosan donga

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, monggo sesarengan ngancik adicara ingkang sepisan
inggih punika pambuka,

Sumangga kita purwakani kanthi waosan surotul fatihah .....


Ala hadzihi niat biniati dua wal qobul alfatihah....

Adicara ingkang kaping 2 inggih punika waosan serat Wedha suci Al-Quran ingkang dipun
slirani dening REKAN RONI DWI FIRNANDA
Dumateng panjenenganipun....... Kasumanggaaken....
Para rawuh ingkang tuhu kinurmatan,adicara ingkang sak lajengipun inggih punika
ngungelaken lagu Indonesia Raya, mars ipnu ippnu lan mars syubbanul waton, ingkang bade kapimpin
dening panjenenganipun REKANITA RIDHA MASFUFAH
Dumateng ............ kasumanggaaken .....

Para rawuh kasuwun jumeneng...

Para rawuh kasuwun lenggah

Adicara sak lajengipun inggih punika sambutan-sambutan

Sambutan sepindah, bakal kawaos dening KETUA PORSENI PAC WATES – REKAN ARGA
SANTOSO dumateng panjenenganipun........ kasumanggaaken............

Kaaturaken agunging panuwun....

Sambutan ingkang saklajengipun saking kadang PC Ipnu Ippnu kab. Kediri Dhateng
panjenenganipun....... kasumanggaaken........

Kaaturaken agunging panuwun....

Sambutan ingkang saklajengipun inggih punika saking MWC NU Kecamatan wates


Dhumateng panjenenganipun kasumanggaaken.....

Kaaturaken agunging panuwun....

Adicara ingkang saklajengipun inggih punika prosesi pambikaan. Dhumateng panitia ingkang
bertugas kawulo sumanggaaken….

Tanpo ngirangi raos hurmat kulo, kasumanggakaken dumateng MWCNU KECAMATAN WATES,
KEPALA SEKOLAH SDN POJOK 2, & KETUA PAC IPNU KECAMATAN WATES sageto mbikak acara
wonten injing puniko

Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko umbul donga dhateng gusti, ingkang badhe dipun
salirani dening.......
Katur dhateng...... Kasumanggaaken.....

Alhamdulillahirabbil alamiin, para rawuh ingkang kinurmatan, menika wau urut roncening adicara
"Pembukaan PORSENI Pimpinan Anak Cabang Ipnu Ippnu Kecamatan Wates" Mugi Gusti Allah
ingkang murbeng jagad tansah paring welas lan sih Rahmat dhateng kita sedaya

Pungkasing adicara sumangga ngunjukaken raos syukur dhateng gusti kanthi waosan
hamdalah sesarengan.....

Kulo minangka muqosimul Auqod, mbo bilih atur kula katah kirang linta-lintuning, kula nyuwun
samudra pangaksami.

Cekap semanten atur kula, mugi Gusti Allah tansah paring kanugrahan dumateng kito sedoyo

Bilahitaufikwalhidayah..... Wassalamu'alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai