Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr.

wb

Bismillahirrahmanirrahim alhamdulillahi robbil alamin wa bihi nastain ala umuridunnya wa din wa sola
tuwa salamu ala asrofil anbiya wal mursalin sayidina wa maulana muhamadin wa ala alihi wasohbihi
ajmain ama ba’d

Khadrotil muhtaromin, poro alim, poro ulama, Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng
panjenenganipun Almukarom KH. ......... saking ............. ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo
ingkang dados fatwa berkah ilmu manfaatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak ..........selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting ...........beserta banom-


banomnya, GP. Ansor, Banser, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting...... ingkang
kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak .......... selaku kepala Desa ....... beserta perangkatnya ingkang kito
hormati.

Dumetang poro tamu undangan lan sedoyo masyarakat ingkang kawulo hormati

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2
kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget
bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan ......... kanti mboten wonten alangan
setunggal punopo, pramilo monggo kito ikroraken kanti waosan tahmid . Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur dumateng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW,
mugi2 kkito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken runtuting acara
ingkang bade kalampah meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan


Acara ingkang kaping kalih, sambutan-sambutan
Acara ingkang kaping tigo, musyawarah
Acara ingkang kaping sekawan, lain-lain
Acara ingkang kaping gangsal, penutup utawi do’a

gegandengan wekdal sampun sak antawis dalu Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul
Kitab.
Ala hadiniyah wa ala kuli niyati solihah Al fatihah.........
Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal
alamin.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko sambutan-sambutan,

Sambutan ingkang sepisan Bapak.............., dumateng penjenenganipun kawulo sumanggaaken.

Sambutan ingkang kaping kalih Bapak........., dumateng penjenenganipun kawulo sumanggaaken

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken agunging maturnuwun.

Acara ingkang nomor tigo inggih meniko musyawarah, ingkang bade dipun pimpin deneng bapak .........
dumateng penjenenganipun kawulo sumanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken agunging maturnuwun.

Acara ingkang nomor sekawan inggih meniko lain-lain. Sumonggo ingkang bade usul ........
Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.

Acara ingkang nomor gangsal inggih meniko penutup utawi Doa, ingkang bade dipun pimpin deneng
bapak ......... dumateng penjenenganipun kawulo sumanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken agunging maturnuwun.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging
pangapunten.

Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq, Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai