Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh


ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning
kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,
punapa dene pengjenenganipun kakung sumawana
putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami.

Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos


suka syukur dhumateng gusti,"mugi rahayuha sagung
dumadi", tansah kajiwa lan kasalira dhumateng
panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni


myang tulak sarik,dene kawula cumanthaka marak
mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan
ingkang katemben wawan pangandikan, inggih
awratipun hamestuti jejibahan luhur, kula piniji
minangka duta saraya sulih sarira saking
panjenenganipun Bp. Suyatno sekalihan.

Panjenenganipun Bp. Kasmari sekalian garwa ingkang


pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka
sulih sarira saking panjenengenipun Bp Suyatno
sekalian, ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim
mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumarambah
para kulawarga samudayanipun.

Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten


pirembagan, ingantawisipun Bp.Suyatno sekalian,
hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bagus One
Ristandi kaliyan Bp. Kasmari sekalian garwa
hanggadhahi kenya sesilih Rr. Citra
Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung
pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang
ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang
sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten
karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha
sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang
punika saking agenging manah panjenengenipun
Bp.Suyatno sekalihan, anggenipun katampi
panglamaripun pramila ing kalengahan punika
ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping
tatacara salaki rabi.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten


kaarsanipun Bp.Kasmari sekalihan garwa inggih punika:
sanggan, saha majemuk ingkang sampun wonten
wujudipun, kanthi pangajabing sadya dadosa sarana
sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan,
saengga mboten saged pisah salami-laminipun.

Kasoking katresna Bp. Suyatno sekalihan garwa, ing


mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud
pengagem ing pangajab pinangka agemanipun badhe
calon panganten putri.

Mboten kakilapan Bp Suyatno sekalihan ngaturaken


redana wujudipun arta, kenginga darnel ngentheng-
enthengi anggenipun Bp.Kasmari sekalihan garwa
netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya
siswi. Kajawi punika panyuwunipun Bp. Suyatno
sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci
tumapaking gati, mugi calon panganten kaijabna saha
kapanggihna anut satataning agami miwah adat
widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing
mriki.

Minangka pungkasening atur, hambok bilih Bp. Suyatno


sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti
wonten kakirangannipun, mawantu-wantu nyuwun
agenging samodra pangaksami, sumanten ugi kula
minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp.
Suyatno sekalihan, menawi wonte gonyak ganyuking
wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami,
kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.

Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.


Wassalamualaikum Wr Wb.

Anda mungkin juga menyukai