Anda di halaman 1dari 4

TUGAS BASA JAWA

PASRAH-NAMPA

TEMANTEN

Nama :

1. Eindah Rismawati (06/ Nampa Temanten)


2. Meilani Rhesi P (17/ Pasrah Temanten)
3. Mey Lanny Gesti.A (18/ Pranata Adicara)

Kelas : XI IPS 4
SESORAH MASRAHAKEN TEMANTEN

Nuwun, para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinambekten. Para rawuh kakung
miwah putrid ingkang kinurmatan. Nyuwun pangapunten kula sampun kumawani
jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya, nggempil kamardikan panjenengan sedaya
ingkang saweg sekeca pangandikan.
Puji syukur dhumateng Gusti illahi robbi ingkang sampun hamaringi pinten –
pinten kenikmatan saengga kita sedaya saged pinanggih teng mriki ing adicara pasrah
Temanten.
Kepareng matur, kula minangka pranata adicara ngaturaken sugeng rawuh saha
panuwun ingkang tanpa upami. Dhumateng panjenengan sedaya, ingkang sampun
nglonggaraken wekdal, rawuh paring donga pangestu dhumateng penganten
kekalihinggih menika Bagus Basuki S.pd ingkang kadhaupaken kaliyan Dyah Ayu Rara
Endah Wulandari.
Salajengipun keparenga kula ngaturaken reroncening adicara ing dinten menika:
1. Pambuka
2. Atur saking kaluwarga temanten kakung
3. Atur saking kaluwarga temanten putri
4. Panutup / dedonga.

Minangka pambukaning pasrah temanten ing wekdal punika, sumangga kula


ndhereaken maos basmalah sesarengan sumangga “Bismilahirrohmanirrohim”.

Matur nuwun, mekaten waosan dongaminangka pambuka mugi – mugi Gusti


paring barokahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Amin.

Para rawuh ingkang minulya, adiacara salajengipun inggih menika atur Pasrah
Temanten kakung ingkang badhe dipunaturaken dening Ibu Lili. Dhumateng Ibu Lili kula
sumanggaken.

Masrahaken temanten kakung

Nuwun, panjenganipun ingkang minangka sesulihipun Bpk.Drs.Hendarto sarimbit


ingkang dahat kinurmatan,para sepuh, pini sepuh ingkang satuhu kinabekten, para
pengemban pengembating nagari ingkang dados pangayomaning para kawula dasih dalah
para rawuh kakung miwah putrid ingkang satuhu luhuring udi.

Minangka purwaning atur keparenga kula ngaturaken puja puji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung awit paringipun rahmat, hidayah saha
inayahipun saengga kula lan panjenengan sedaya saged pinanggih wonten ing adicara
siang menika.
Panjenenganipun Bapak Drs. Hendarto sarimbit ingkang kinurmatan, kula menika
dipun saraya dening panjenenganipun Bapak Drs. Sukamto sarimbit kinen angaturaken
menggah wigatosing sowan kula.

Ingkang angka sepisan, Bapak Drs. Sukamto sarimbit ngaturaken kawilujengan


mugi katur ing panjenenganipun Bapak Drs. Hendarto sarimbit.

Ingkang angka kalih, Bapak Drs. Sukamto kekalih ngaturaken kawilujengan mugi
katur ing ngarsanipun Bapak Drs. Hendarto sarimbit.

Ingkang angka tiga, hanetepi rantaman ingkang sampun gumathok saking para
ingkang badhe bebesanan, sowan kula ing ngriki kinen hamasrahaken putra penganten
kakung ingkang peparap Bagus Basuki S.pd ingkang kadhaupaken kaliyan Dyah Ayu
Rara Endah Wulandari.

Ingkang menika, mbok bilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan upacara


panggihing penganten sampun satata, mugi tumunten katindakaken.

Bapak Drs. Sukamto sarimbit nderek nyenyuwun dhumateng ingkang Maha


Agung, mugia tansah paring berkah pangestu wilujeng dhumateng panggihing penganten.
Sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir ing sambekala, mboten wonten alangan
satunggal punapa sumarambah ing sedayanipun.

Ingkang pungkasan, kula ingkang tinanggenah minangka dutanipun Bapak Drs.


Sukamto sarimbit amasrahaken putra penganten kakung, mbok bilih wonten cicir
ceweting atur tetembungan kiranging sumba sita, tandang tansuk tuwin tata krami, kula
dlah pangaraking penganten kakung sedaya nyuwun angunging samudra pangaksami,
nuwun.

Matur nuwun dhumateng Ibu Lili saking kaluwarga temanten kakung. Adicara
salajengipun inggih menika atur saking kulawarga temanten putrid. Dhumateng Ibu Nina
kula sumanggakaken.

Nampani penganten kakung

Nuwun, panjenenganipun ibu Lili ingkang minangka sesulihipun Bapak Drs.


Sukamto sarimbit ingkang kinurmatan, para pangaraking penganten kakung saking tlatah
Jatilawang ingkang pantes nampi sagung pakurmatan, mboten supe para rawuh sedaya
kakung miwah putri ingkang satuhu luhuring budi.
Puja puji syukur mugi kunjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha mirah,
dene kula lan panjenengan sedaya ing wekdal menika saged pinanggih kanthi wilujeng
ing adicara menika.

Panjenengan ibu Lili ingkang kinurmatan, kula ingkang minangka talanging atur
Bapak Drs. Hendarto sarimbit, ngaturaken puji pambagyan wilujeng sarawuh
panjenengan ing ngriki saha para warga agung saking Jatilawang.

Salajengipun, menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak Drs. Hendarto


sarimbit ingkang lumantar panjenengan sampun kula tampi, kosok wangsulipun
kasugengan saha salam taklimipun Bapak Drs. Sukamto sarimbit mugi kaaturaken
wonten ngarsanipun Bapak Drs. Hendarto sarimbit.

Kejawi saking menika, kala wau panjenengan amasrahaken penganten kakung


pun Bagus Basuki S.pd sampun kula tampi kanthi suka renaning manah. Mbok bilih
samudayanipun sampun satata samakta penganten kekalih tumanten badhe kula
panggalihaken.

Mawantu – wantu panyuwunipun Bapak Drs. Sukamto sarimbit, mugi


panjenengan dalah para pangaraking penganten sedaya kaparenga andumugeaken
lelenggahan ingkang sekeca ngantos paripurnaning pawiwahan menika, saha kaparenga
paring berkah pangestu dhumateng putra penganten kekalih sumarambah ing
sadayanipun.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula nampi rawuh panjenengan
sedaya kathah kekiranganipun, kiranging trapsila, palenggahan, pasugatan, tuwin cewet
kuciwa lan lacuting atur, kula namung nyuwun lumanturing sih gung nuwun.

Matur nuwun, mekaten atur saking kulawarga temanten putri salajengipun adicara
pungkasan inggih menika kanthi ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti dene
adicara ing wekdal punika saged kalampahan kanthi wilujeng tinebihna nir ing
sambekala.

Kula pribadi menawi kathah kalepatanipun atur saha solah bawa ingkang mboten
mranani penggalih anggenipun kula ndherekaken adicara ing dinten menika, kula
nyuwun agenging pangapunten.

Nuwun…

Anda mungkin juga menyukai