Anda di halaman 1dari 3

Surat al Asri

) WAL 'ASHRI
2) INNAL INgSA_NA LAFI KHUSRIN
3) IL-LAL-LADZI_NA AMANU_ WA'AMILU_SH-SHO_LI'HA_TI WATAWA_ SHOWBIL
'HAQQI WATAWA_ SHOWBISH-SHOBR(i)

Surat Alshir

1. ALAM NASY-RO'H LAKASHOD-ROK


2. WAWADHO'NA_ ANgKAWIZ-ROK
3. AL-LADZI_ ANgQODHO dZHOH-ROK
4. WAROFA'NA_ LAKADZIK-ROK
5. FA'INNAMA'AL'USRI YUSRO_
6. INNAMA'AL'USRI YUSRO_
7. FA'IDZA_ FAROGHTA FA_N-SHOB
8. WA'ILA_ ROBBIKA FAR-GHOB
Surat al qodar

1. INNA_ ANgZALNA_HUFI_LAILATIL QODR


2. WAMA_ AD-RO_KAMA_LAILATUL QODR
3. LAILATUL QODRI KHOYRUMMIN ALFISYAHRI
4. TANAZ-ZALUL MALA_'IKATU WAR-RU'HUFI_HA_ BI'IDZ-
NIROBBIHIM-MINg KULLI AMRI(ng)
5. SALA_MUN HIYA 'HATTA_ MATH-LA'ILFAJR
Al Fill
ALAM TARO KAIFAFA’ALA ROBBUKA BI’ASH 'HA_BIL FI_L
2) ALAM YAJ’AL KAIDAHUM FI_ TADH’LI_L
3) WA'ARSALA ‘ALAIHIM THOIRON ABA_BI_L
4) TARMI_HIM BI'HIJA_ROTIM-MINg SIJJI_L
5) FAJA’ALAHUM KA’AS FIM-MA’KU_L

Surat al quraish

LI ILA FI QURAISY(IN)
2) ILA FIHIM RI'HLATASY-SYITA_ I WASH-SHOIF
3) FAL YA’BUDU_ ROBBAHADZAL BAIT
4) ALLADZI_ ATH’AMAHUM MINgJU’IW-WA 'A_MANAHUM-MIN KHOUF

Al khauthar

INNA_ 'A' THOINA_ KAL-KAUTSAR


2) FA SHOLI LIROBBIKA WAN 'HAR
3) INNA-SYA_NI’AKA HUWAL AB’TAR

Surat an.Nashr

1. IDZA_ JA_ ANASHRULLAHI WA_L-FAT'H


2. WARO AITANNA_SAYADKHULU_NA FI DI_NILLAHI AFWA_ JA_
3. FASABBI'H BI'HAMDI ROBBIKA WA ASTAGHFIRH. INNAHU
KA_NATAWWA_BA_.
Assalamualaikum Wr.Wb
o Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
o Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang
pantes nampi pakurmatan
o Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo
dasih.
o Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang
sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
o Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati
ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah
ingkang satuhu luhuing budi.
o Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran
pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak
lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada
di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo
wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih
ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun
calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng
panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko
mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.
Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun
Bg…..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun
kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), atmojo panjenenganipun
Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan
tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten
wonten alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi
saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang
sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak
pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi
dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut
runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong
temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula
sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan
kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah
nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.

Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah


Wassalamuaalaikum wr.wb.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.! Para pini sepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabeketen,


Para pangemban pangembating praja ingkang dados pangayoming sesami,
Dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparinga kula minangka badal wakilupun Bapak H. Madi Kusuma ingkang amengku gati, binantu
kadang gotrah.

Kula piniji minangka wod lumaraping atur ingkang dados isen-isening manah, amargi karoban sih
kadarman panjenengan sedaya sahingga mboten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti
Illahi Robbi ingkang sampun ngrentahaken mapinten-pintin kanikmatan mliginipun kasugengan saha
kalodhangan saengga kita sedaya saged njenengi serat sedhahanipun Bapak H. Mardi Kusuma ing
siang punika. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin.

Salajengipun Bapak H. Mardi Kusuma dalah sedaya kadang gotrah ngaturaken sugeng rawuh kairing
atur panuwun dumateng para rawuh sedaya awit saking kerawuhan saha donga pangesti tumrap
penganten kekalih.

Kados ingkang sampun kaserat ing serat sedhahan menggah wigatosing Bapak H. Mardi Kusuma
anetepi wajibing asepuh amiwaha putra ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih gendhuk
Wulan Safitri, S.Pd kapalakramekaken kaliyan Bagus Adhi Sulistya, S.H putra kakungipun Bapak Drs.
Subagya ingkang pidalem ing Bangunjiwo, Kasihan, Bantul.

Salajengipun keparinga para rawuh sedaya paring tambah donga pangestu tumrap temanten kekaleh
mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan tansah atut runtut manggih bagya mulya kang sinedya
saengga enggal keparing nugrahaning gusti momongan kanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.
Inggih pungkasing atur mbokbilih adicara pawiwahan menika sampun paripurna keluarga Bapak H.
Mardi Kusuma saha keluarga Bpk. Drs. Subagya lan temanten kekalih ngaturaken sugeng kundur
mugi rahayu dumugi griya panjenengan sami.

Wasana cekap semanten ingkang dados aturing keluarga Bapak H. Mardi Kusuma lan kula pribadi
mbokbilih anggen matur kathah tuna dungkap saha tumpang suh saestu nyuwun agungeng samodro
pangaksami.

Wabilahitaufiq walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai