Anda di halaman 1dari 3

Ater ater

Poro kadang sutrisno…. Pinuju ono ing ari kamis kliwon, suryo kaping setunggal wulan songo,
warso 2022. Yo jalaran siji pesthi, loro jodho, telu wahyu. Kabeh wus ginaris ono astane Gusti kang
akaryo jagat. Bagus RESTU WISANGGENI S H, lan Roro KIDUNG KINANANTHI S H wus sembodo
hanapak asmani pustoko pikukuhing polokromi. Dhaup astro lumiyat miturut satataning agami lan
negari. Enggal badhe lumebet madyaning bebrayan agung. Nggadang lan ngangkah tumuruning
wayu kabegjan, yo bejo ndonya dumugining delahan.

Temanten sarimbit sampun kepareng satoto lenggah wonten ing ngarso jengandiko poro tamu
minulyo, ka ampingan dening ingkeng romo ibu kekalihipun. Kanthi meniko nggemeni wekdal
sumonggo enggal kapurwakan lampahing upocoro pahargyan tasyakuran walamatul ursy ing ari
kalenggahan siang puniko. Kaaturaken sugeng lenggah kanthi mardiko, nderekaken pahargyan
ngantos puput paripurnaning pahargyan ing samangke.

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulillahirrobil alamin, Kanthi pepeyung budi rahayu, miwah hangaturaken sewu agunging
haksomo, mugi pinarengno kulo hambuko wiwaraning suko, wenganing wicoro,dwaraning
kondho, hawurwani lekas, wekasing karti, gatining sedyo, lampahing upocoro pahargyan
tasyakuran ri kalenggahan siang puniko.

Kanthi hanunggil raos paring pujo hastowo lan puji hastuti dhateng ingkang hamengku gati Bpk
Drs H. Yusuf Wibowo M Pd lan Ibu Hj Hesti mulyani S Pd , anggenipun kepareng hanetepi
dharmaning werdho handhaupaken putri kinasih Ahayu Kidung kinanthi wibowo S H Lan bagus
Restu wisanggeni S H, putro mbajeng Bpk Drs Afendy Hidayat ,ibu puji lestari, ingkang pidalem ing
padhukuhan kelor, kapanewon Karangmojo, Kabupaten G K. TETEPO winengkun ing suko basuki.

Poro pepunden sepuh, pinisepuh, aji sepuh miwah sesepuh, dalasan poro pangemban
pangembating wilayah, ingkang tuhu KINURMATAN.

Bpk ibu baroyo ageng pangombyong temanten kakung, utami katur dhateng Bpk Drs Afendy
Hidayat sekaliyan ibu, pinongko pangarsaning lampah, ugi pinongko songsong agung ingkang
nedheng TINALIKAROMO , lebdo ing karyo , andhaping wicaromo, ingkang pantes tampi agunging
PAKURMATAN.

Kulo LUSITANIA pinongko jejering PANOTOCORO, Nuwunn kepareng hangaturaken urut


reroncening acoro ingkang badhe tumapak ka adhani :

Sepisan : pambuko

Tinampi :Tanggap wacono.

Hangrenggani T W ingang ongko sepisan : pambagyo harjo yuwono.ingkang insyaAllah badhe


kasariro penjenenganipun ibu LARAS SUGESTI
Ongko kalih : pangayubagyo kaleksananing sedyo dhaupipun temanten sarimbit, lan pasrah
temanten kakung. Dening dhuto saroyo Bpk Drs afendi Hidayat tyang sekaliyan.

WEDARING PANGANDIKO panampi pinongko T W ingkang ongko tigo.

Pungkasaning titilaksono pahargyan nuwun inggih PANUTUP.

Sangyo lenggah minulyo…

Mekaten menggah urut urutaning acoro ingkang badhe kalampah.

Murwakani lampahing upocoro pahargyan ing siang puniko,sumonggo kulo derekaken


hanganglungaken lumahing asto,tumungkul ing pratiwi, manengku pujo, kunjuk dhumateng
ngarso dalem Allah SWT, mugi salwiring gati purwo ,madyo ,wasono mangke sageto kasembadan
lulus raharjo nirboyo lir wikoro. Amiin.

Ndedongo anut kapitadosan ingkang rinasuk, sumonggo kulo derekaken.

. Cekap, maturnuwun.

KANTHI ATUR BISMILAHIROHMANNIRROHIM kapratelakaken acoro ing siyang puniko


kapurwakani.

Bpk / ibu, poro tamu minulyo,,,, nuwun inggih awit saking raos bombing soho bingah
penjenenganipunBpk Drs H YUSUF WIBOWO M Phil. Hanampi rawuh jengandiko rawuh poro tamu
minulyo, ngantos mboten kadhung matur piyambak wonten ngarso Bpk ibu, ingkang meniko
tinuding dhateng ibu LARAS SUGESTI minongko sulih sariranipun kepareng ngaturaken wosing gati
ing ari kalenggahan siyang puniko.

Katur ibu LARAS SUGESTI, SUMONGGO. …… !!!!

KATUR ibu LARAS SUGESTI, KAaturaken maturnuwun.

Bpk ibu poro tamu minulyo, adicoro candhakipun wedharing pangandiko saking pangarso
baroyogung Bpk Drs AFENDY HIDAYAT . Katur ingkang winantu ing pakurmatan ibu …. ,
sumonggo. ……!!!! RURUH hangarahprono, TOTO, TITIS, TETES, WEDHARING PANGANDIKO
GATI ibu …. Pinongko sulih sariro baroyogung Bpk / ibu Drs AFENDY HIDAYAT.

WONDENE INGKANG kepareng atur tanggap sabdo gati, katur ingkang winantu ing pakurmatan
ibu ….., sumonggo. ………!!!!!!! Gunging panuwun ing tanpo pepindhan kunjuk dhateng poro
priyagung ingkang sampun kepareng hangentasi karyo.

SAGUNGING PORO TAMU LENGGAH INGKANG SINUBAGYO SAGUNGING PAKURMATAN,,,


LAMPAHING U[POCORO PAHARGYAN TASYAKURAN WALIMATUL URSY WIWIT PURWO,
DUMULUR ING MADYO, LAN DHUNGKAP ING WASONO PINANGGIH GANGSAR, RANCAK, KALIS
NIR ING SAMBIKOLO. KULO LUSITANIA PINONGKO JEJERING PANOTOCORO PAWIWAHAN
PRASOJO DHAUPIPUN SRI TEMANTEN SARIMBIT, AHAYU KIDUNG KINANTHI WIBOWO S H LAN
BAGUS RESTU WISANGGENI S H, PUTRO JALU BPK Drs AFENDY HIDYAT, IBU PUJI LESTARI, UGI
PUTRI KINASIH BPK Drs H YUSUF WIBOWO M Phil, IBU Hj HENI MULYANI S Pd, hangaturaken
AGUNGING PANUWUN AWIT KAWIGATOSANIPUN, kirang subo sito anggen kulo ngaturaken
ingkang ing reh toto krami miwah kasusilan mugi kepareng mbedhah tangguling samodra
pangabsami.

Kapungkasi kanthi lafal tahmid sesarengan, ALHAMDULILLAHIROBIL ALAMIN…

ASENSANTI… MANUNGGALING CIPTO ROSO BUDI LAN KARSO PINONGKO PANCADAN


BINANGUNING GESANG LESTARI MIWAH RAHARJO. WASSALAMUALAIKUM WR WB. NUWUN,
NUWUN ,NUWUN.

Anda mungkin juga menyukai