Anda di halaman 1dari 2

Kulo Nuwun..

Bapak ibu warga umar hindu ingkang kinurmatan, keparengno kulo sumelo atur,lan
sakderengipung kepareng kulo ngaturaken sungkem panganjali mugi kasambeto kanti
sukorenaning penggalih. “OM SWASTYASTU”

Puji Astungkara kunjuk ngarsaning Ida Sang Hyang Widhi Wasa,awit ngantos ing
wekdal meniko panjenengan sedoyo lan kulo taksik pinaringan rahayu nir ing sambekala.

 Dumateng Romo Mangku ingkang sampun kawengku dening kasucian, ugi dumateng
para sarati ingkan tuhu lebdo ing budi
 Dumateng para sepuh,adisepuh kakung saha putri ingkang kinabekten
 Sagung kinurmatan pangarsa PDHI kec. Gandusari, ugi penyuluh Agama Hindu Kantor
Kementrian agama Kab. Blitar, pangarsa PHDI desa sekecamatan gandusari, pangarsa
WHDI kecamatan gandusari, saha para kadang warga umat Hindu kakung saha putri
ingkang kulo tresnani.

Bapak ibu keparengo kulo nggempil kamardikan,anggen sami imbal pangandikan saperlu
kulo hangaturaken menggah runtutaning tata cara upacara piodalan Pura Surya Dharma
kados kasebat ing ngandap puniko.

1. Ingkang angka satunggal ,pamujaan/panyuwunan tirta suci kalajengaken


persembahyangan.
2. Ingkang angka kalih ,atur pambuka
3. Ingkang angka tiga,inggih menika waosan sloka suci bhagawadgita
4. Ingkang angka sekawan,atur palapuran panitia saha kalajengaken pambage harja
5. Ingkang angka gangsal ,atur sambutan pangarsa PDHI kec.gandusari
6. Ingkang angka enem,wursitotomo lumantar dharma wacana
7. Dening tatacara ingkang pungkasankatutup kanti puja paramasanti

 Dening tatacara angka satunggal sampul katindakaken ,panyuwunan tirta suci lan
persembahyangan, ingkang dipun sarirani Romo Mangku Suralaga
 Saklajengipun tatacara angka kalih ,atur pambuka, supados tatacara saget lumampah
kanti rancag ,sumonggo kabikak kanti waosan purwaka mantra “OM AWIGNAM
ASTU NAMA SIDHAM,OM ANOBADRAH KRATAWO YANTUVIS
WATAH”, mugi pinanggih rahayu sagung dumadi.
 Dening tatacara angka tiga,waosan sloka suci bhagawad gita, ingkang katindakaken putri
putri pasraman Pura Surya Dharma. Dumateng paraga ingkang kapatah wekdal
kasumanggaken............ Mekaten kala wau waosan sloka suci bhagawadgita , ingkang
sampun katindakaken dening adik amel kalih adik viana, mugi”menopo ingkang
sampung kaucaraken kanti endah ppunika ,sageto mbeto piguno, ugi nambah kandeling
sradha lan bakti panjenengan sedoyo lan kulo
 Tatacara angka sekawan, atur palapuran panitia saha kalajengaken pambage harja.
Dumateng bopo Agus Triono ,wekdal kulosumanggaaken............... mekaten atur
palapuran saking Bopo Agus Triono selaku pangarsa panitia piodalan Pura Surya
Dhrama, mugi saget katampi kanti suko rananing penggalih.
 Dening tatacara saklajengipun ,atur sambutan saking pangarsa PHDI kec. Gandusari.
Dumateng Bopo Priyoko, wekdal kulo sumanggaaken........... mekaten kala wau atur
sambutan saking Bopo Priyoko pangarsa PHDI kec. Gandusari, mugi” ingkang sampun
kaaturaken sageto katampi kanti sae dateng manah.
 Dungkap tatacara saklajengipun nggih punika wursitotomo lumantar dharma wacana.
Dumateng ................................ wekdal kulo sumanggaaken....................mekaten kala wau
wursitotomo lumantar dharmawacana ingkang sampun kaaturaken
dening ............................. mugi ingkang sampun kaaturaken sageto ketampi kanti sae
dateng manah panjenengan sedoyo lan kulo, lan mugi sageto mbeto piguno ugi nambah
kandeling sradha lan bakti umat Hindu.
 Dungkap tatacara saklajengipun, persembahyangan ingkan dipun manggalani dening
bopo Mangku Suralaga. Sak cekapipun persembahyangan lan pemercikan tirta
,kalajengaken puja lan parama santi, ingkang dipun sarirani dening Bopo Mangku
Wagiman.

Sakderengipun tatacara katutup, bilih anggen kulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo,
wonten kakirangan lan kalepatanipun, ingkang ndadosaken kuciwaning penggalih panjenengan
sedaya, mboten langkung kulo nyuwun agunging samudra ing pangaksama. Kanti panutuping
atur kulo “ OM SHANTI SHANTI SHANTI OM”

NUWUN...

Anda mungkin juga menyukai