Anda di halaman 1dari 3

Pasrahtemanten

Assalamu’alaikumwr.wb
Bismillaahirrohmaanirrohiim, alhamdulillaahirrobbil’alamiin
Puji dalasan sukur miwah pangalembana kunjuk dhumateng Gusti ingkang
hakaryaloka,awit saking paringipun pinten-pinten kanikmatan, hidayah
sartainayahipun. Gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan,katitik
rahayu sagungdumadi tansah sinanding, kajiwa kasarira ing jiwanggasami.Mugi
sedaya kala wau kula dalah panjenengan tansah cinelakna budirahayu, tinebihna
saking bebendu, awit saking kemirahaning Gusti.
Karahayon, karaharjan, kawilujengan miwah katentreman tansah sinanding
wonten sanubari kula dalah panjenengan. Mugi salwiring gati kula wiwit purwa,
madya miwah wusana tansah lulus ing rubeda kalis ing sambikala, sumrambah
ipun para lenggah sami.
Kunjuk dhumateng sesepuh, ajisepuh, ingkang piniji sepuh ing kang pantes kula
pepundhi, kula aosi miwah kula bekteni,
Kunjuk dhumateng para pera boting nagri miwah jejenggul agul-aguling kawula
dasih kawasih ingkang sinunggataing pakurmatan,
Para sujana, sarjana ingkang sampun nampi wahyuning kasutapan ingkang
bagyamulya, para purna labet praja luhuring budi, sumrambah para tamu kakung
putri linangkung kadang besan sutresna dalah para sanak kadang mitra
pitepangan ingkang pantes tinampi ing pakurmatan.
Amit-amit pasang kalimantabik, ila-iladinasina betnaingiladuni, tinebihna tulak
sarik dhumawah ing tawang tuwang, mugi linepatna saking siku dhendhaning
Gusti kang hakaryaloka.
Sinawung raos ukaingngajeng, kula piniji hangemban iwuwus dados dhuta saraya
miwah cundhaka sulih sarira, hangaturaken wudharing gantha babaring sedya
awit saking keparengipun bapa ……………., nuwun inggih mligi katur
panjenenganipun bapa………….
Ing nguni sampun wonten pirembagan antawisipun bapa……….. kaliyan
bapa…………. Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung apisah,
daging arenggang bebasan ngebun-bun enjang hajejawah sonten, ndhodhoking
latar ndhodhog korin ing lawang sumedyanginang jambesuruhe.
Manunggaling cipta miwah karsa ingkangsamya badhe bebesanan, kula
hangaturaken :
1. Sepindah salam kawilujengan bilih bidal kula saking padukuhan Candirejo
Desa Dompol Kecamatan Kemalang Ndherek Njeng ndara dana Gondang
winangun Kabupaten Klaten Bersinar susuhunan Surakarta hadiningrat
wewengkon JAwi Tengah sekala wau enjing ing sakmarga-marga tansah
pinanggih suka rena bagya mulya miwah sepi ing rubeda kali sing
sambikala.
2. Kaping kalih hangaturaken salam saha taklimi pun bapa…………. Kunjuk
panjenenganipun bapa…………….. sekalian.
3. Kaping tiganipun kinen hangaturaken sekar cepaka mulya kudhup sasele
nuninggih calon sri pinahargya temanten kakung ingkang sesilih
bagus…….atmaja panjalupan jenenganipun bapa………….. Sagetipun abyor
dados sarakit miwah sajodho kula sumangga aken kanti panuwun mugi
kajodhokna, kaijabna saha kapanggihna kaliyan rara…………atmaja pawestri
panjenenganipun bapa…………
Pinang kasarat sarana salakirabi kula hangaturaken :
1. Janur kuning kang rineka janma katelah sinebat panjang ilang, isinipun
pisang raos setangkep, kinang sakenyeh, sekarsak pelik, ulam antep tetel
madhet, golonglulut, ing piwulang luhur sinebat sanggan. Ing pangesti
udharing panjangilang rawe-rawe rantas malang-malang putung, sah
sampurna jantraning pepetangan antawisipun bapa……….kaliyan
bapa…………… kang samiya bebesanan. Pirantos ngadi sarira abon-abon ing
busana miwah kalpikarukmi sepasang sinebat gumbalak rincing, pinangka
talining sutresna ing antawisipun temanten sekalian.
2. Seperangkat alat salat, kagema linambaran anggenya ngabekti wonten
ngarsan ipun gusti
3. Redana utawi harta, kathah sekedikipun mboten saget kula sebataken
kagem ahangentheng-enthengi anggenipun misudha putra temanten
kekalih saha ngentas pitulusaken atmaja temanten sarimbit. Ugi
hangaturaken bumbon pawon miwah bombras bambres sinebat
majemukan, kenging akagem wilujengan anggenipun misudha temanten
sarimbit. Ron alum ingkang isinipun mboten saget kula aturaken pinangka
angsal-angsal kagem taliasih. Ing pangesthi anggenipun bebesanan sampun
ngantos kapisahaken saklami-laminipun. Wondene para-para
pangombyong temanten sawetawis caos sumbangsih ugi kagem taliasih
anggenipun kekadangan.
Salajengipun hambokbilih pahargyan sampun paripurna, keparenga kula
sak rombongan nyuwun pamit madal pasilan mugi pinanggih wilujeng
sowang-sowang. Mekaten lan semanten ingkang saget kula aturaken awit
asmanipun bapa……….. Damar mancung sinupet kula punggel semanten,
tebah siti sekulbinuntel roning kalapa, apuranta mbokbilih wonten lepat
kawula, jenang sela selakang pindha acala, apuranta mugi cinandhiing
wardaya. Sumangga samya hasesanti sura dira jaya ningrat lebur tata saking
pangastuti, jaya-jaya wijayanti suka rahayu kang samya pinanggih.
Akhirukalamwassalamu’alaikumwr.wb

Anda mungkin juga menyukai