Anda di halaman 1dari 15

BAB SESORAH

Yang perlu dipersiapkan saat berpidato:


1. Menyiapkan mental.
2. Penguasaan bahasa atau diperbanyak pembendaharaan kata.
3. Cara bersikap dan menggunakan pakaian.
Metode orang dalam berpidato:
1. Dengan menghafal.
2. Membaca teks.
3. Membuat ringkasan kecil yang berisi garis besarnya.
4. Tanpa teks dan tanpa catatan.
Berpidato dalam bahasa Indonesia dan bahasa Jawa lebih mudah belajar berpidato
dalam bahasa Indonesia dikarenakan dalam bahasa Jawa dikenal tingkatan bahasa
atau sering disebut kromo.
1. Krama andap.
2. Krama madya.
3. Krama inggil.
Dimungkinkan kesulitan dalam berbahasa Jawa menempatkan pemakaian krama
antara krama madya dan krama inggil, maka harus kita memperhatikan 2 hal:
1. Siapa lawan atau yang kita ajak bicara.
2. Kita berbicara dalam acara apa.
Pada dasarnya kerangka atau cengkorongan saat berpidato dan pembukaan sampai
penutup hampir sama yang membedakan hanya pada inti acaranya.
1. Sebagai basa-basi terlebih dahulu kita mengucapkan terima kasih kepada
pembawa acara.
2. Ucapan salam baik secara agama Islam atau agama lain.
3. Penghormatan bagi orang-orang yang hadir dalam acara.
4. Mengucap atau mengajak untuk puji syukur kehadirat Tuhan Yang Maha Esa.
5. Inti pidato / tujuan
6. Permohonan maaf bila dalam berbicara banyak salah kata atau ucapan dan
banyak tindak tanduk yang kurang berkenan.
7. Penutup.

1
Kerangka atau acuan yang sering ada di masyarakat:
1. Acara tingkepan.
2. Acara sunatan.
3. Acara lamaran dan panampi lamaran.
4. Acara nikahan. b
5. Acara sepasaran dan aqiqah.
6. Acara orang meninggal dan acara syukuran.
Dalam hal ini saya akan sampai acara lamaran, perbedaan dan persamaannya
karena lamaran ada beberapa pengertian:
1. Lamaran yang bersifat baru menanyakan diperbolehkan apa tidaknya anaknya
diajak hidup bersama, biasanya saat itu yang diutus belum membawa apa-apa.
2. Lamaran yang sebelumnya sudah ada kata sepakat ingin berbesanan biasanya
yang diutus sudah membawa sarana.
3. Pasrah calon manten laki-laki. Acara ini biasanya diadakan di malam pernikahan.
4. Pasrah manten, baik manten laki-laki atau penganten perempuan.
Biasanya dalam acara lamaran dan pasrah manten orang menyampaikan sebagai
berikut:
1. Ucapan terima kasih pada pembawa acara karena sudah diberi waktu.
2. Ucapan salam.
3. Penghormatan bagi tuan rumah dan para hadirin.
4. Mengucapkan puji syukur.
5. Memperkenalkan diri
6. Ucapan silaturohmi dan ucapan salam taqlim.
7. Menyampaikan niatnya karena lamarannya sudah diterima maka menyerahkan
syarat pernikahan / memasrahkan calon manten.
8. Minta jawaban waktu pelaksanaan pernikahan.
9. Ucapan terima kasih telah disambut dengan baik.
10. Permohonan maaf bila dalam bertamu banyak kesalahan.
11. Mohon pamit bila acara selesai.
12. Penutup.

2
ACARA LAMARAN
1. Pasrah panglamar.
2. Panampi lamaran.
Sebelum melaksanakan tugas sebagai penglamar atau yang menerima lamaran,
beberapa hal perlu dipersiapkan:
1. Nama orang tua dan nama anak yang akan dilamar.
2. Alamat dan juga barang apa saja yang akan dibawa saat melamar.
Contoh lamaran sekalian serah terima upokarti
Orang tua perempuan Bapak Suta anaknya bernama Cempluk.
Orang tua laki-laki Bapak Dadap anaknya laki-laki Waru.
A. Assalamualaikum Wr. Wb. Alhamdulilah……..
Kawilujengan miwah kabagaswarasan mugi tansah kajiwo kasarira dumateng
panjenengan dalah kula.
B. Penghormatan
Panjenenganipun para pinisepuh para sesepuh ingkang satuhu pinundi-pundi
saha kinabekten.
Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka
pangayomaning kawula dasih ingkang…… satuhu sinudarsana.
Keluarga ageng Bapak / Ibu Suta ingkang dahat kinurmatan.
Bapak Ibu sagung lebnggah ingkang mboten saget kapiji-piji ingkang winantu ing
suka basuki.
Minangka purwakaning atur sumonggo sami ngunjukaaken puja puji syukur
wonten Ngarsanipun Allah SWT awit paringipun rohmat berkah soho inayahipun
satemah saged pinanggihan wonten ing papan meniko kanti manggih
kawilujengan nir ing sambikolo.
Nuwun sewu mugi keparenga kula munggel pangandikan dumateng bapak
miwah ibu ingkang nembe sami imbal pangandikan nun inggih awit awrat kula
mundhi dawuh panjenenganipun bapak ibu Dadap ingkang pidalem wonten
ing ............................. supados matur wonten ngarsanipun bapak, ibu Suta
supados ngaturaken menggah wigatosing pisowanipun wonten ing ari
kalenggahan menika, menggah wigatosing panjenenganipun bapak Dadap
ingkang angka setunggal.
Saperlu silaturohmi dumateng keluarga ageng bapak, ibu Suta sumrambah
dumateng para dumateng para lenggah samudayanipun.

3
Ndungkap ongko kalih
Mboten kesupen ugi panjenenganipun bapak, ibu Suta atur salam taklim saha
sungkem pangabekti katur dumateng bapak, ibu Suta sakulawangsa
minggahipun dumateng para sepuh, pinisepuh samudayanipun kanti wasillah
Assalamualaikum wr wb.
Atur ongko tiga
Rikala wekdal ing sampun kawuri wonten pirembagan atawisipun bapak, ibu Suta
ingkang kagungan putra putri ingkang nami Hayu Cempluk saha
panjenenganipun bapak, ibu Dadap ingkang nggadahi atmaja jaler ingkang sesilih
Bagus Waru.
Rikala semanten panjenenganipun bapak, ibu Dadap anggenipun ngebun-ebun
enjang ajejawah sonten, ndodok ing latar ndodog korinipun sumedya nginang
jambe suruhipun. Golong-giligipun rembag sampun nunggil cipta, karsa, miwah
rasa sumedya ngraketaken anggenipun kekadangan kanthi bebesanan.
Pramila saking bombbong birawaning manah sampun katampi panglamaripun
wonten wekdal menika badhe ngaturaken sarana miwah upakarti kagem jangkep
ing tata cara salaki rabi wondene ingkang kaaturaken
1. Sawung utawi jago minangka tanda saking bombonging lan ugi bingahing
manah yoga jaleripun sampun katampi panglamaripun.
2. Pesing kagem simbahipun Hayu Cempluk minangka bektinipun calon putu
mantu dumateng simbahipun.
3. Ageman kagem Hayu Cempluk.
4. Redana ingkang awujud arta utawi kawestanan urun ragat prentah sageta
ambiyantu panjenenganipun bapak, ibu Suta netepi darmaning asepuh. Ugi
wonten paseksen kagem bapak, ibu ingkang nyekseni wonten ing ri
kalenggahan menika.
5. Oleh-oleh utawi jajanan peken ingkang ujud lan ugi jumlahipun mboten
sepintena.
Mbok bilih menika ingkang kaaturaken bapak, ibu Dadap dumateng bapak, ibu
Suta temtunipun sedaya ingkang kaaturan kathah ingkang kirang nuju prana
mawantu-wantu bapak, ibu Suta nyuwun pangapunten saageng-agengipun.
Bapak, ibu sagung lenggah ingkang tuhu kinurmatan mbok bilih makaten ingkang
dados wigatosing sowan kula wonten ing siang / dalu menika temtunipun anggen
kula matur katah kekirangan lan ugi kalepatan awit cubluk ing pangertosan kula
mugi panjenengan sedaya kersa paring pangapunten, semanten ugi mbok bilih
anggen kula sowan katah tindak-tanduk ingkang kirang nuju prana saestu kula
sarombongan nyuwun lumunturing samudra pangaksami. Paripurnaning adicara
4
wonten ing siang / dalu ing samangkeh sampun paripurna pramila kula
sarombongan badhe nyuwun pamit.
Minangka pungkasing atur.
Wa bila ....

Panampi Lamaran
Kalau acara cuman sederhana atau climen pelaku atau paraga cukup 2 orang.
1. Sebagai pembawa acara.
2. Sebagai pambagya harja sekalian panampi.
Alangkah baiknya sebelum acara ditutup meminta rois untuk memberikan doa.
Hal yang perlu diingat bagi yang mau menerima pasrah biar dalam menjalankan
tugas lancar alangkah baiknya membuat catatan kecil untuk mencatat nama anak
dan orang tuanya, alamat dan juga mencatat apa saja yang disampaikan oleh si
pemasrah.
Tuladha
Katuraken agenging panuwun dumateng pranatacara ingkang sampun paring
wekdal dumateng kula.
Assalamualaikum ....
Washalatu wasalam ... atau alhamdulillah ....
Para sepuh para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning
kautamen ingkang satuhu kinabekten.
Panjenenganipun bapak Anam ................................... minangka duta saraya
panjenenganipun bapak, ibu Dadap ............................. ingkang pidalem wonten
ing Balak ............................... dalasan sedaya rombongan ingkang sinudarsana.
Bapak RT, RW, rois sumrambah dumateng bapak lan para lenggah ingkang
mboten saged kula aturaken pusaka asma tuwin kalenggahanipun ingkang dahat
kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsilaning budhi miwah ngaturaken sewu agunging
pangaksami mugi keparenga kula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara
supados nampi wiosing pangandikan panjenenganipun bapak dadap....................
ingkang lumantaran panjenenganipun bapak Anam
Hananging saderengipun sumonggo sepisan malih sesarengan manengku puja
munjukaken puja puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun

5
paring kawilujengan miwah kabagaswarasan satemah panjenengan dalah kula
taksih dipun keparengaken hanjenengi adicara kanti winantu ing suka basuki
mugi tansah lumintu ing salami-laminipun.
Nuwun sewu mugi kepareng kula matur minangka talange basa panjenenganipun
bapak Suto......... supados nampi menggah wiosing pangandikan bapak
Dadap....................... lumantaran kadang ingkang kautus. Saderengipun mbok
bilih kepara radi randat kula dalasan sedaya keluarga ngaturaken pambagya
kawilujengan sugeng rawuh lan atur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng bapak, ibu ingkang sampun kepareng silaturohmi wonten ing rompok
kula.
Sampun sautawis wekdal lenggah panjenengan sedaya mbok bilih kula
sakeluarga anggenipun nyawisaken papan palenggahan caos pasugatan lan ugi
sedaya perkawis ugi samukawis kathah ingkang kirang anuju prana kirang laras
kirang jumbuh kalian kalenggahan panjenengan sedaya kula sakeluarga namung
tansah nyadong deduka tansah nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Bapak, ibu miwah para lenggah ingkang tuhu kinurmatan.
Salajengipun kepareng kula nampi ingkang dados wiosing pangandikan
utusanipun bapak Dadap .............................
Ingkang sepisan saperlu silaturohmi saestu kula sakeluarga sanget ngaturaken
agunging panuwun mugi kanti ngraketaken tangsuling kekadangan kanti
silaturohmi andayani lancar rejeki lan ugi manjangaken yuswa kula panjenengan
sedaya.
Ingkang kaping kalih ngaturaken salam taklim lan ugi sungkem pangabekti saestu
kula sakeluarga sedaya kula tampi tangan kaleh, kula petelaken wonten ing dada
kendel sami-sami kanti wasilah.
Wangalaikumussalam ...wr wb.
Pramila leres wonten wekdal ingkang sampun kalampah kula ingkang nggadahi
putri kenya sesilih Genduk Cempluk sampun wonten rembag kalian bapak, ibu
Dadap ingkang putra kakung ingkang kagungan asma Bagus Waru.
Golong gilige pirembagan nedya anuntumaken balung apisah daging arenggang
kanti bebesanan, pramila wonten ing wekdal menika panjenenganipun bapak, ibu
Dadap ngaturaken mawarni-warni sarana miwah upakarti kagem jangkeping tata
cara salaki rabi, sedaya ingkang sampun kaaturaken mboten kula ambali malih

6
sedaya kula gerba kula tampi lan ngaturaken agunging panuwun, mugi-mugi ing
samangke sageto ngenteng-entengaken anggen kula netepi darmaning asepuh
angrakit sekar cempaka mulya hamargya suta amiwaha siwi.
Paripurnaning adicara wonten ing siang menika mbok bilih sampun paripurna
utusan saking panjenenganipun bapak, ibu Suta ngersakaken badhe kondur
saestu tebih saking raos panundung kula sakeluarga sepisan maleh ngaturaken
agunging panuwun. Menawi bade kondur namung nderekaken sugeng tindak
sugeng kondur mugi mboten wonten prengga bayane marga.
Ingkang pungkasan kula sekeluarga ugi sak kondur panjenengan sedaya ugi atur
salam taklim lan ugi sungkem pangabekti dumateng bapak, ibu Dadap
sumrambah dumateng sedaya sanak kadang.
Bapak, ibu sagung lenggah ingkang winantu ing karaharjan mbok bilih namung
makaten lan sementen atur kula nampi wiosing pangandikan kadang ingkang
sampun piniji temtunipun anggen kula matur kirang tatas, titis, saha tetes saestu
kula ngrumaosi saking cupet lan cubluking pangertosan kula anggen kula ngerota
basa menapa dene paramasastra pramila mawantu-wantu kula nyuwun agunging
samudra pangaksami.
Ing wasana wabillahitaufiq ....
Wassalam ....

7
Pembawa Acara Sripah
Sebelum memulai acara perlu dipersiapkan
1. Data-data keluarga dan juga yang meninggal.
2. Menentukan siapa sebagai wakil keluaga.
3. Memastikan semuanya siap.
- Liang kuburnya sudah siap.
- Semua uba rampe peti / bandosa, payung, lurub, sosok, kembang,
kendaraan / ambulan.
- Mengumumkan kepada muda-mudi untuk membantu rois dalam
mempersiapkan jenazah.
Sebutan kaum / rois
1. Agama Islam kaum / rois.
2. Agama Katholik prodiakon.
3. Kristen pangripta pasamuan GKJ.
Setelah semua sudah siap disampaikan bahwa acara akan segera dimulai.
Assalamu’alaikum ....
Bisa ditambahkan salam yang umum.
Kawilujengan, kabagaswarasan mugi tansah kajiwa kasalira dumateng
panjenengan dalasan kula.
Bila mau ditambahkan sholawat nabi atau doa.
Alhamdulillah ... atau wa sholatu ....
Panjenenganipun para sepuh para pinisepuh ingkang tuhu sampun pana ing
pamawas lebdha ing pitutur minangka kiblating panembah ingkang satuhu
kinabekten.
Para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka
pangayomaning para kawula dasih kalangkung panjenenganipun Bapak Budiman
nun inggih Lurah Kalurahan Pendoworejo dalah sedaya pamongipun ingkang
tuhu kinurmatan.
Para asung pambela sungkawa kakung miwah putri ingkang mboten saget kula
ngaturaken pusaka asma tuwin kalenggahanipun ingkang winangtu ing suka
basuki.

8
Nyuwun sewu mugi keparenga kula ngadeg wonten ngarsanipun bapak, ibu para
pambela sungkawa minangka pambyawara supados nderekaken upacara
pambidaling layon.
Ananging saderengipun kula ngaturaken rantamaning upacara ingkang sampun
karantam, murih saking purwa madya wasana tansah kalis ing rubedha lan
sambikala pramila sumangga tansah mujukaken puja hastowo puji hastuti konjuk
wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Linangkung Alloh SWT ingkang
sampun hambabar kanugrahan mawurahan dumateng panjenengan dalah kula
ingkang arupi kasarasan lan kawilujengan satemah wonten ing siang menika
taksih dipun keparengaken nyawiji wonten papan menika saperlu nderek bela
sungkawa lan ugi caos pakurmatan ingkang pungkasan dumateng bapak /
ibu ....................................... alm kanti rawuh tansah manggih rahayu wilujeng nir
ing sambikala.
Bapak, ibu para asung pambela sungkawa
Salajengipun kepareng kula ngaturaken rantamaning titi laksana pambidaling
layon.
- Ongko setunggal pambuka.
- Titi laksana ongko kaleh pambagyaharja saking keluarga panandang.
- Ndungkap titilaksana ongko tiga upacara sumuruban utawi tlusuban.
- Titi laksana ingkang pungkasan panutup kalajengaken rangkating layon.
Bapak, ibu para pambela sungkawa kagem murwakani upacara rangkating layon
sesarengan ndedonga anut kapitadosan ingkang rinasuk, ndedonga kawiwitan.
Cekap matur nuwun mugi-mugi lampahing upacara rangkating layon saking
purwa madya wasana tansah lulus nir ing sambikala.
Tumapak acara ongko kalih nun inggih pambagyaharja keluarga panandang
panjenenganipun bapak / ibu ingkang badhe nyalirani pangandikan
panjenenganipun Bapak Lurah Pendoworejo dumateng Bapak Budiman sasana
wara sumangga katur.
Saestu saking keluarga panandang duhkita ngaturaken agunging panuwun
dumateng Bapak Lurah ingkang sampun hanyalirani minangka wakil saking
keluarga.
Para asung pambela sungkawa ingkang winantu ing suka basuki salajengipun
urut titi laksana ongko tiga nun inggih upacara sumuruban pramila dumateng

9
sedaya keluarga saha ahli waris wekdal kasumanggaaken kagem nindakaken
upacara.
Upacara sumuruban cekap kalajengaken titi laksana ingkang pungkasan nun
inggih panutup kalajengaken rangkating layon, ananging sakderenigpun dipun
pungkasi mbok bilih kula anggenipun nderekaken rantamaning upacara saking
wiwitan dumugi pungkasan katah kekirangan saha kalepatan saestu kula nyuwun
agunging samudra pangaksami.
Sumangga upacara rangkating layon dipun pungkasi kanti ndedongo anut
kapitadosan ingkang rinasuk, ndedonga wonten papan palenggahan kula
derekaken. alhamdulilah
Matur nuwun ingkang salajengipun wekdal katur dumateng bapak rois
nyekapaken rangkating layon dumugi ing makam.
Ing wasana
Wabillahi taufiq ...

10
Pambagyaharja ing Sripah
Kulo aturaken ageng panuwun dumateng pranatacara laya ingkang sampun paring
wekdal.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Mugi sih wilasa dalem Gusti Ingkang Maha Mirah Maha Asih tansah kajiwa kasalira
dumateng panjenengan dalasan kula rumaden sagung dumadi.
Alhamdulillah ....
Para sepuh, pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas lebda ing pitutur ingkang
satuhu kinabekten.
Para pengemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam
pandoming kawula dasih. kalangkung panjenenganipun bapak / ibu .......................
Lurah Kalurahan Pendoworejo dalasan sedaya pamong Kalurahan Pendoworejo
ingkang satuhu kinurmatan.
Bapak, ibu para asung pambela sungkawa ingkang mboten saget kula aturaken
pusaka asma tuwin kalenggahanipun ingkang winantu ing suka basuki.
Nuwun sewu mugi keparenga kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya nun
inggih awit mundhi dawuh saking keluarga panandang duhkita panjenenganipun
Joyo ............................ supados matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Murih
ing samangkeh saking purwa madya wasana tansah manggih rahayu wilujeng nir ing
sambikala . pramila sumangga sesarengan ndedongo wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Kuwaos ingkang tansah paring karohmatan lan kanikmatan ingkang
arupi kawilujengan miwah kabagaswarasan satemah wontening siang menika. Kula
lan panjenengan sedaya tasih dipun keparengaken nyawiji wonten papan menika
saperlu nderek belo sungkawa lan ugi caos pakurmatan ingkang pungkasan
dumateng Tukijem...................... ingkang sampun tinimbalan wonten ngarsanipun
Alloh SWT (Gusti Ingkang Maha Kuwaos) saget rawuh kanti manggih wilujeng nir ing
sambikala.
Para pambela sungkawa ingkang winantu ing pakurmatan kula awit nami keluarga
panandang mbok bilih kepara radi randat / kasep ngaturaken pambagya
kawilujengan sugeng rawuh lan ugi atur agenging panuwun ingkang tanpa upami
dumateng bapak, ibu para pambela sungkawa ingkang sampun rawuh wonten ing
rompok kula, saestu rawuh panjenengan nambahi kekiyatan lan ugi saget paring
panglipur sawetawis, anggen kula nembe nampi pacoban kapedotan katresnan

11
ingkang salami-laminipun awit sampun kapundutipun Simbok
Tukijem.................................
Ndungkap ongko kaleh
Kula lan ugi sedaya keluarga mbok bilih anggenipun nampi rawuhipun bapak, ibu
para pambela sungkawa mboten saget nyawisaken papan palenggahan ingkang
murwat / satraju kalian kalenggah panjenengan sedaya, saestu sedaya kekirangan
lan ugi kalepatan awit kapurba ing kawontenan pramila kula namung nyadong
deduka nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Bapak, ibu ingkang kinurmatan
Mbok bilih panjenengan sedaya sampun uninga kedadosanipun prastawa duhita
lumantaran kadang ingkang sampun sowan, lan ugi lumantaran pawartos ingkang
binandunging karna ananging mboten wonten awonipun wonten ing wekdal menika
kula ambali matur malih.
Panjenenganipun Simbok Tukijem ................................. tinimbalan wonten
ngarsanipun Alloh SWT (Gusti Ingkang Maha Kuwaos) wonten ing dinten .Rabu
Legi........................ surya kaping tigang dosa........ wulan .............................
warsa ........................ kanthi lantaran nandang gerah sawetawis wekdal kapundut
wonten ing Panti Usadha RSUD Wates, Kulon Progo.
Sedaya keluarga saha ahli waris sampun mboten kirang-kirang anggenipun
mbudidaya kupiya usoda bebasan ateken janggut suku dada parandene alm mboten
saget waluya temahing jati, jati temahing waluya awit sedaya wirodat mboten saget
ngungkuli panguwaosing kodrat. Manungsa namung saget ndamel pestha pesti
wonten ngarsanipun kanthi atur mekaten kula sekeluarga namung saget pasrah lan
nampi pacoban menika kanti atur innalillahi ................. sedaya ingkang tumitah
wonten ing alam praja menika saking kuwaosipun temtu badhe wangsul ugi ngadep
wonten ngarsanipun Alloh SWT.
Dumugi tinimbalan / kapundutipun alm kaparingan yuswa ............... kanti anilaraken
garwo ...................... putra ...................... wayah ...................... buyut ......................
68 tahun laminipun alm sesrawungan bebrayan wonten ing madyaning masyarakat
mbokbilih srawungipun sae saha limrah ananging alm simbok
Tukijem............................ menika namung jalmi limrah titah sawantah ingkang
mboten saget uwal saha tebih saking dosa lan kalepatan sae ingkang kasengojo lan
mboten kasengojo ingkang tumanduk dumateng sasami-sami pramila kula lan

12
sedaya ahli waris mbok bilih wonten keparengipun bapak, ibu para pambela
sungkowo kepareng paring pangapunten, mugi-mugi paring pangapunten
panjenengan sedaya saget ngenteng-entengaken lan ndamel rancaking
alm .................................. ngadep wonten ngarsanipun Alloh SWT satemah
kaparingan lepas paranipun jembar kuburipun lan Insya Alloh kaparingan sedha
kanthi khusnul khotimah.
Para pambela sungkowo ingkang tuhu kinurmatan.
Mbok bilih rikala sugengipun alm .............................. wonten sambut kapisambut hak
adam ingkang mboten saget / keparing tinilar dening saraking agami pramila
dumateng bapak ibu enggal-enggal sesambetan kalian keluarga saha ahli waris
saperlu enggal-enggal dipun rampungaken ewa semanten mbok bilih sampun
kepareng iklasipun saking keluarga sanget ngaturaken agenging panuwun.
Kawuningono alm ............................ ing samangke badhe kapethak wonten ing
makam ......................., dumateng bapak, ibu para pambela sungkawa mbok bilih
wonten keparengipun kersa nyempurnaaken anggenipun takziah kanti nguntapaken
dumugi ing makam ewo semanten mbok bilih kapambeng kawigatosan ingkang
mboten saget tinilar lan ngersakaken kondur kula sakeluarga namung nderekaken
sugeng tindak sugeng kondur mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Ingkang pungkasan kula sekeluarga ngaturaken agunging panuwun dumateng para
sanak kadang tonggo tepalih mitra karuh, mitra pitepangan ingkang sampun paring
sumbang surung dumateng kula sekeluarga ingkang arupi bahu,suku bondho
prabeya saha penggalihan saestu sedaya saget ngenteng-entengaken lan ugi saget
damel rancaking pangruktining layon.
Kula sekeluarga mboten saget caos piwales menapa-menapa dumateng
panjenengan sedaya, namung tansah dedepe wonten ngarsanipun Alloh SWT mugi-
mugi panjenengan pikantuk ganjaran ingkang langkung matikel-tikel.
Bapak, ibu sagung pambela sungkawa
Mbok bilih namung makaten lan semanten ingkang saget kula aturaken minangkani
atur saking keluarga, temtunipun anggen kula matur katah kekirangan lan kalepatan
saestu kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum wr wb.

13
Penyebutan penghormatan
1. Kinurmatan.
2. Kurmati.
3. Sinudarsana.
4. Pinundi-pundi.
5. Kinabekten.
6. Minulya.
7. Luhuring budi.
8. Mahambeg ing darma.
9. Bagya mulya.
10. Kalinggo murdaning akrami.
Sebagai kata depannya bisa menggunakan kata ingkang, satuhu, dahat, tuhu.
Misalkan :
- ingkang kinurmatan.
- satuhu kinurmatan.
- tuhu kinurmatan.
- dahat kinurmatan.

14
Tembung / kata yang sering dipakai umumnya
Yang sering dipakai Seyogyanya
1. Bapa Bapak
2. Kawula Kula
3. Rencang Kanca
4. Saenggo Satemah
5. Kempal manunggal Nyawiji
6. Atur pangandikan Pangandikan (K. Inggil)
Atur (K. Madya)
Wiyosing pangandikan
7. Sepindah Sepisan
8. Ongko sepisan Ongko setunggal
9. Wonten pangarsanipun Panjenenganipun
10. Tedak suging Photo
11. Makam (petilasan) Makam, pasarehan
12. Marak penyebutan bagi perempuan
13. Sowan penyebutan bagi laki-laki
14. Kita Panjenengan dalah kula
15. Linangkung Langkung-langkung,
Kalangkung

15

Anda mungkin juga menyukai