Anda di halaman 1dari 8

ATUR PAMBAGYA HARJA 

NGUNDUH PANGANTEN

Nuwun:

Ingkang  kinabekten sagung sepuh, pinisepuh

Ingkang  kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati

Assallamu  Alaikum Wbrt.

Keparenga   paring palilah  kula semela atur  sawatawis,  nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta,
pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.

Pinangka  purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji

syukur  wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun  peparing

barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.

Menggah  atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;

Sepisan:

Ibu  Hartanta  ngaturaken  kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan


ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal   wedal  nuhoni
panyuwunipun Ibu Hartanta.

Mugi karawuhan  panjenengan  tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan
Gusti ingkang maha kuwaos.

Ongka kalih ;

Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,

Putra  miwaha siwi  ngunduh penganten sarimbit  Bg. Roni……………..pikantuk putra

Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing Purwantara.

Menggah ijab kobul saha pawiwahan  sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus
2004  wonten  Purwantoro  Wonogiri.

Inggih awit  saking pujo- puji  , pangestu, saha pandongga ,saking  sesepuh, pinisepuh, saha
sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan  nir ing sambi kala.

Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng
paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan
gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya
ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah  sumadya. Tinebihno ing
godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..

Ongka tiga
Ibu Hartanta ngaturaken,  agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya
kadarman  panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau
dadosaken birawaning panggalih, saha  dadosaken  lancer,  rancak, sumaraking  pahargyan
ing siang  punika.

Ewa semanten  Ibu  Hartantoanta boten saget atur pinwales  punapa-punapa, hamung
nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi
punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih  pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha
dadosaken kuncaraning asma panjengan.

Atur sak lajengipun. Ibu  Hartanta  anggenipun kagungan kersa  ngunduh penganten, 
sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten  tasih kathah
kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun
buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita.

Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung  gungan dumateng sanghyaning tamu
sinedahan  kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.

Ibu Hartanta  ugi nyuwung gungan   dumateng  sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan,
kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.

Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur  wonten ngarsa panjengan
kirang suba sito, kiranging trapsila,  wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha
samodra pangaksami.

Ing wasana mugi rahayu inga  pinanggih,

akhirul kalam wbst.

ATUR PAMBAGYA HARJA KHITANAN


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek


kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

Kula keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun saweg
sakeco mawan pangandika.

Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh
kakung miwah putri, bilih

saking keparengipun Bapak……………. sarimbit, kula tinanggenah

nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.

Saking Bapak………….. sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken

puji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene
saged anjenengi pawiwahan supitan

sunatan) putranipun ingkang angka………..nama pun…………….

Kaping kalihipun Bapak………….sekaliyan ngatutakenpambagyo

sugeng rawuh dumateng paratamu kakung sumawana putri. Bapak

………..sekaliyan ngaturaken gunging panuvvun ingkang tanpa

upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged
sowan ing pahargyan punika kanthi

lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak…………………….

sarimbit ngaturaken gunging panuwun, dene panjenengan sami ugi kersa paring berkah
pangestu dumateng putra kula ingkang

sampun dipun khitan. Panjenenganipun Bapak…………………………..

sekaliyan rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana,
sakalangkung ndadosaken bombong bmgahing manah.

Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindahan
katur dumateng para sanak sadheredk kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih
tuwin para muda-mudi ingkang sampun kantho rila legawa paring pambiyantu lan
panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun
ingkang mengku damel.

Sarehning bapak ………….. sarimbit mboten saged ngaturi

piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken gunging panuwun mugi-mugi


lumebering sih kanugrahaning kau-tman panjenengan angsala piwales kanugrahan saking
Gusti Allah SWT. ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping sekawan Bapak……………….sarimbit nyuwun gungan

panenengan sekaliyan kersaha paring berkah pangestu wilujeng

dumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun saged wilujeng nir ing
pancabaya, sageda dados putra ingkang divvasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti
marang sesepuh lan murakapi dateng bebrayan, kathah labuh labet dateng negari bangsa
lan agaminipun.

Mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken
palenggahan panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakraina para sanak sadherek
ingkang tinanggenah among tamu, Kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken
bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaha para tamu anglubema sih
pangaksama.

Ing wusana para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami
lelenggahan kanthi suka manggung saha angrakabi sadaya pasugatan lan lelangan ingkang
kaladosaken ngantos dumugi paripumaning pawiwahan punika.

Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana
pambagya wara punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsilaning
anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaha anglunturaken
gunging samodra pangaksama.

Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun !

ATUR PAMBAGYA HARJA  SELAPANAN BAYI


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun. para pinisepuh ingkang kmabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek


sedaya ingkang dahat kinurmatan.

Sederengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, awit kula jumeneng wonten
ngarsanipun panjenengan Sami. mboten nami ngirangi tata trapsila, ananging ngengeti
kawontenan ingkang mekaten. Kula nun, keparenga sumela atur nggempil kamardikan
panjenengan sekalian kalaipun saweg sekeco wawan pangandika.

Kula ingkang kajibah dados tetalanging tanggap wacana kalilanana kula matur ing
ngarsanipun para rawuh kakung

sumawana putri, bilih saking kaparengipun Bapak………….

sekaliyan kula tinanggenah nglairaken raos pengaos ingkang mijil saking telenging manah.

Ingkang dingin Bapak …………. sekaliyan ngaturaken puji

syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, dene saged kaleksanan
angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan

putranipun/ptra putrinipun ingkang angka……..Kaping kalihipun

Bapak………… sekaliyan mboten keupen ngaturaken pambagyasegeng rawuh dumateng


para tamu kakung sumwana putri.

Bapak……….. sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene


panjenengan sami sampun kepareng

nglonggaraken wekdal sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Bapak
………… sekaliyan rumaos karoban ing

sih sutresna ingkang sakalangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah.

Kajawi saking punika Bapak……………… sekaliyan ngaturaken

sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring
sumbangsih kadarman arupi punapa: bau – suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang
maneka warni, ingkang tundhonipun damel ngengreng saha regenging pasamuan sarta
cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten kalawan mugi-mugi Gusti Ingkang Maha
Agung paring piwales ingkang skalang-kung cekap.

Wandene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika,

syukuran sepekenan bayi awit Rikala dinten……..tanggai………

wulan…….. tahun………utawi surya kaping………tahun………Bapak

saha Ibu…………angsal kanugrahaning Pngeran pikantuk putra

ingkang mijil…………. wonten ing ……………… kanthi wilujeng


mboten wonten alangan satunggal punapa.

Awit saking berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu
panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi tansah wilujeng nir ing sambekala
sumrambah sagung para rawuh.

Putra/putri ingkang angka…………….. punika dening Bapak

……………..sekaliyan dipun paringi tetenger………….Kajawi

saking punika tambahing puja-puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe mijil punika
pinaringan berkah pangestuning Pangeran, mugi-mugi sageda murakapi dumateng tiyang
sepuhipun, saged mikul duwur mendhem jero. Saged migunani dhateng masyarakat
bebrayan, murakabi tumrap pembangunan, nusa, bangsa saha agami. Ugi sageda dados
pandekaring bangsa.

Tumapaking pawiwahan punika saderengipun sampun

karantam tharik-tharik, ewondene taksih kathah tuna dungkaping tumindak.

Langkung-langkung tumrap atur pamboja krama sarta kiranging pangrengkuh anggenipun


mapanaken, kajarag wontenipun papan saha kirang trepsilanipun anggenipun mapanaken.

Pramila ingkang makaten wan Bapak………………sekaliyan

mboten saged matur sanes kajawi muhung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Wasana minangka tutuping atur, mbok menawi wonten thi-thaling rembag saha kirang
trepsilaning anggen kula matur awit kirange seserepan kula, saha kirang titi tata pratitising
atur tetemba-ngan, kersaa para rawuh anglunturaken samodra pangaksama. Akhirul kalam,
bilahit taufik wal hidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

ATUR PAMBAGYA HARJA  TEMANTEN TEMU


Assalamua'laikum Wr Wb.

Alhamdulillahirobbil’alamin washolatu wasalamu ‘ala asrofil anbiya-i walmursalin  wa’ala alihi


washohbihi ajma’in. Amaba’du.

Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki,
para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang
pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan

Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating


praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang
satuhu kinormatan.

Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana.

Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan
manton(kepanitiaan acara manten) ing kalenggahan menika. Kula pun ….. ..(nama
diri)..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring
prasedya. Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken
suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun
kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih.
Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan  kula taksih saget
makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara.
Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana
mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda.

Sagunging Pilenggah kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki,

madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa..(nama tuan rumah/pamangku


gati)...sekalian angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya
sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi
ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan menika.

Parandene wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku
gati Bapa.. (nama tuan rumah) sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya
suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..(nama mempelai putri) ..dahup
kalian Bagus..(nama pengantin putra)..jalu tenayanipun Bapa..(nama besan/orang tua
pengantin putra)..ingkang pidalem ing..(alamat besan/ pengantin putra).Wondene wiwaha
gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..(waktu akad nikah
jika sudah terlakasana)..antuk pepayung karahayon tebih ing sambekala.

Winantu pangajabaing sedya  saking Bapa..(nama tuan rumah/pamangku gati) sarimbit,mugi


wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun,
satemah penganten sarimbit satat tresna tiresnanan, atut runtu anggennya mangun bale
wisma, hayu hayem hangayomi(sakinah mawaddah wa rahmah), saha enggal pinaringan
kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka
panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun bebesanan.

para Rawuh ingkang agung ing darma,


boten katalumpen (lali) Bapa..(nama pamangku gati) sekalian ugi ngaturaken agunging
panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun,
ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau
bapa..(nama pamangku gati) sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung
kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman
panjeengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang
satraju(setimpal).

Pepuntaning atur saking bapa..(nama pamangku gati) sarimbit, hambok bilih anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi
kaagungna pangaksama panjenengan.

Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita
kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para
winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai