Anda di halaman 1dari 2

TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA SUPITAN

Assalamualaikum Wr.wb

Nuwun, Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu pantes sinudarsana. Para rawuh kakung
sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan. Kaparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan
anggenipun sami wawan pangandikan. Kula minangka sulih sariranipun Bapak Parjo sakulawarga
ingkang hamengku gati kaparenga matur ing ngarsanipun para rawuh, medharaken raos pangraos
ingkang medal saking telenging manah.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Ingkang sepisan Bapak Parjo sarimbit munjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Agung, dene awit barokah, rohmat saha hidayahipun ing titi wanci menika saged
ngawontenaken pawiwahan supitan putranipun ingkang angka I asmanipun Gino Suparjo.

Kaping kalihipun Bapak Parjo sekaliyan boten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuh
dhumateng para lenggah kakung sumawana putri kairing atur agunging panuwun ingkang tanpa upami,
dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saha penggalih
kangge ngestreni adicara menika sarta paring donga pangestu dhumateng nak mas Gino.

Boten kesupen ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh
ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa
kemawon ingkang ndadosaken rancaking adicara menika.

Sekar gambuh ping catur,

(Tembang gambuh keempat)

Kang cinatur polah kang kalantur,

(Yang dibicarakan tentang perilaku yang kebablasan)

Tanpa tutur katula-tula katali,

(Tanpa nasihat terjerat penderitaan)

Kadaluwarsa kapatuh,

(Terlanjur menjadi kebiasaan)

Kapatuh pan dadi awon.

(Kebiasaan bisa berakibat buruk)


Bapak Tresno sekaliyan namung saged memuji mugi - mugi sedaya kasaenan panjenengan
pikantuk lelintu ganjaran saking Gusti Allah SWT ingkang matikel-tikel.

Para tamu ingkang minulya, Bapak Tresno sakulawarga ugi nyuwun agunging samodra
pangaksami mbokbilih wonten kiranging suba sita anggenipun ananggapi para rawuh, saha kuciwaning
caos palenggahan, saha sanes - sanesipun.

Cekap semanten atur kula, wonten galap gangsuling atur saha kirang trapsila anggen kula matur,
mugi para rawuh kersa paring agunging samodra pangaksama.

Akhirulkalam wabillahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum wr.wb nuwun

Anda mungkin juga menyukai