Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Wonten ngarsanipun bapak kepala sekolah, bapak ibu guru saha karyawan SMA Negeri 1
Kalasan ingkang kinurmatan, bapak ibu tamu undangan ingkang kinurmatan para kanca/kadang nunggal
pawiyatan ingkang sutresna.

Langkung rumiyin mangga kula nderekaken muji syukur dumateng ngarsanipun gusti Allah SWT.
Ingkang sampun kepareng paring kanugrahan ingkang arupi kasarasan, satemah ngantos wekdal menika
panjenengan sedoyo dalasan kula, saget ngrawuhi acara pangetan dinten kamardikan RI ing SMA Negeri
1 Kalasan menika.

Bapak/Ibu Kepala Sekolah tuwin Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan, kula ingkang
kadhapok minangka pranatacara, langkung rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncenging
adicara ingkang sampun rinancik dening para kadang panitia.

1. Adicara ingkang sapisan pambuka


2. Atur pangandikan saking bapak/ibu Kepala Sekolah
3. Atur pangandikan saking ketua panitia.
4. Atur pangandikan saking guru kasiswaan.
5. Panutup.

Bapak Ibu guru, tamu undangan saha rencang –rencang, mekaten urutaning adicara ingkang
badhe lumampah ing wekdal menika. Sumangga adicara menika kawiwitan kanthi maos basmalah
sesarengan. Sumangga.

Ngancik adicara ingkang kaping kaleh inggih menika tanggap wacana saking Bapak/Ibu Kepala
Sekolah, ingkang menika dhumateng bapak/ibu Kepala Sekolah. kasumanggaaken.

Maturnuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu Kepala Sekolah. Adicara ingkang kaping


tiga inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia, dhumateng ketua panitia kasumanggaaken.

Maturnuwun dhumateng ketua panitia. Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur
pangandikan saking guru kasiswaan. Dhumateng bapak utawi ibu guru, kasumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng bapak utawi ibu guru. Salajengipun adicara ingkang pungkasan inggih
menika panutup. Minangka pranatacara ing adicara dinten menika, mbok bilih kathah kalepatan atur,
kula nyuwun agunging pangaksama. Minangka pratanda raos panuwun, ing pungkasan adicara mangga
kita sami-sami maosaken waosan hamdalah, sumangga.

Maturnuwun, ing wasana cekap semanten. Sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang
sami pinanggih.

Badha-badha masak ketupat

Ketupat didahar kalih santen

Menawi kulo wonten lepat

Kula nyuwun pangapunten

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai