Anda di halaman 1dari 4

ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamu’alaikum wr wb
Alhamdulillahirobbil’alamin washolatu wasalamu ‘ala asrofil anbiya-i walmursalin wa’ala alihi
washohbihi ajma’in. Amaba’du.

Katur dhumateng panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bektosi.
Katur dhumateng panjenenganipun para rawuh, para tamu kakung saha putri ingkang satuhu
kula hormati.
Sumrambahipun dhumateng para kadang sutresna wredha- mudha ingkang pantes
sinudarsana.

Sakderengipun ngaturaken sewu agunging pangaksama, kula kapeksa ngadeg cumantaka


marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe eco wawan
pangandikan, saperlu hamestuti keparengipun ingkang hamengku gati , kula piniji minangka
talanging basa, kinen hangaturaken menggah wosing gati wonten pahargyan dalu kalenggahan
punika. Inggih hawit kabekta saking raos bombong birawaning manah karana nampi sih
kadarman panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh, panjenenganipun
Bapa ..............................................sekaliyan ibu, boten kadumugen matur piyambak wonten
ngarsa panjenengan sedaya, pramila lajeng hanyaraya dhumateng kula.

Para rawuh para tamu ingkang kula hormati,


Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken, kita sareng-sareng ngunjukaken raos puji syukur
dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring berkah saha hidayah, sahingga kita
saget kempal manunggal wonten madyaning pahargyan punika kanthi pinaringan rahayu,
wilujeng boten wonten kekirangan satunggal punapa.

Salajengipun ingkang sepisan, panjenenganipun Bapa........................sekaliyan ibu , ngambali


atur, ngaturaken wilujeng rawuh dhumateng para rawuh, para tamu samudayanipun, ugi
ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan menggah kerawuhan panjenengan
sedaya. Dhumateng para rawuh, para tamu samudayanipun keparenga hanglajengaken
lelenggahan kanthi mardikaning manah dumugi paripurnaning pahargyan wonten dalu
kalenggahan punika.

Angka kalih, menggah wosing gati gatining sedya, kados ingkang sampun kacetho lumantar
serat sedhahan punapa dene jawilan, panjenenganipun Bapa ..........................sekaliyan ibu
netepi darmaning sepuh, ngentas pitulus putra putrinipun ingkang asesilih Rr. .....................
jinatu krama kaliyan Bg. ................................... putra Bapa......................................................
sekaliyan Ibu......................................... ingkang pidalem wonten Dk........................................
Ds. ...................................................Kec. ...................................................
Wondene tata adicara ijab qobul saha dhaup panggihing calon putra temanten sekaliyan
badhe katindakaken benjang wonten dinten Minggu Legi, surya kaping 26 Januari 2020, titi
laksana ijab qobul wanci tabuh 08.00, kalajengaken dhaup panggihipun putra temanten
sekaliyan wanci tabuh 10.00, mapan wonten dalem pahargyan ngriki Dk. ......................... Ds.
Sidodadi, Kec. Masaran, Ingkang punika panjenenganipun Bapa/Ibu ...............................
mawantu-wantu nyuwun tambahing donga pangestu panjenengan sedaya, mugi-mugi
tumapaking gati Allah SWT tansah hamberkahi, satemah saget dadosaken calon putra
temanten sekaliyan anggenipun malebet wonten madyaning bebrayan agung tansah pinaringan
guyup rukun, atut runtut kadya mimi lan mintuna dumugi kaken-kaken lan ninen-ninen, sageta
mangun kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah. Aamiin.

Angka tiga, boten kekilpan panjenenganipun Bapa................................ sekaliyan ibu ngaturaken


agenging panuwun dhumateng para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih, ugii
dhumateng para rawuh, para tamu sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring pambiyantu
awujud punapa kemawon, ingkang saestu saget hangenthengaken sesanggeman.
Panjenenganipun Bapa/Ibu ..............................................boten saget caos piwales punapa-
punapa sagetipun namung nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT mugi-mugi sih
kadarman panjenengan sedaya pikantuk leliru ingkang sakalangkung kathah saking Allah SWT.
Aamiin.

Para rawuh, para tamu ingkang winantu sagunging pakormatan,


Ingkang angka sekawan, sanajan pahargyan punika tebih sampun rinancang, rinacik kanthi sae,
ewa semantern tasih kakhah kekiranganipun. Semanten ugi mbok bilih wonten kuciwaning
bujokrami anggenipun para hamong rawuh anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya,
atur pasugatan saha palenggahan ingkang kirang nuju prana, semanten ugi para muda taruna
mbok bilih anggenipun caos leladi wonten kiranging suba sita saha tata krama. Ingkang punika
sepisan malih panjenenganipun Bp/Ibu ............................................................nyuwun agunging
pangaksama.

Ingkang wekasan lumantar kula panjenenganipun Bp/Ibu ........................................................


ngaturi keparenga para rawuh, para tamu sedayanipun ngrahapi saha ngambali daharan saha
unjukan ingkang sampun katur wonten ngarsa panjenengan sami, sinambi nglajengaken
lelenggahan kanthi mardikaning penggalih.

Semanten atur kula minangka sulih sarira saking ingkang hamengku gati. Kathah atur kula
ingkang ngelantur lantur saha kirang nuju prana, kula tansah mawantu-wantu nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksama.
Wassalamu’alaikum wr wb.
Nuwun, maturnuwun
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni


-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika,


sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng
ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat
saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten
papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya .


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE
dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng


ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu
panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra
putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup
kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO
– Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17
Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah
Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing
sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan
prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah
ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya,
ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng
dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa
pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha
para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring
pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah
hajatipun.

Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun,
mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh,
pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH
Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun


panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri
Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun
dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH
SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian,
mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu
widodo kalis ing sambikala. Amin.
Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan .
Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi
saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih
anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a
para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika


mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun
kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.


Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.
Suparto 

Anda mungkin juga menyukai