Anda di halaman 1dari 2

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni


-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika,


sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur
dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking
peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal,
silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal
punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya .


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE
dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng


ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu
panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra
putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup
kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji
SUWARSO – Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon,
Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17
Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah
Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing
sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken
Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah
ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh
sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu
wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang
sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang
tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga
tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning
manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget
kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung
nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados
amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking
Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun


panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi
Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya.
Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi
Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi
penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining
kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan .


Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun
kanthi saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih
anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana,
kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika


mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun
kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet
kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.


Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai