Anda di halaman 1dari 2

CONTOH ATUR PAMBAGYA

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni


-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga
panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti
Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula
saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal
punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny
Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah
SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan
nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI,
ST dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu
Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis
tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang,
Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka
wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng
rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi,
hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah
dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna
sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna
kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi
sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih
kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal
‘alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a
paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani
kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa
ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi
penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu
widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.


Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung
kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha
caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.
Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi
hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha
kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.


Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai