Anda di halaman 1dari 12

TULADHA

ATUR PANGLAMAR
MIWAH
TUMANGGAPING
ATUR
LAMARAN DHUMATENG
CALON PANGANTEN PUTRI
Ibu, Bapa, Tuwin calon panganten kakung, ingkang kadherekaken
para kulawarga miwah hananthi duta wicara tindak wonten
dalemipun Ibu, Bapa calon panganten putri. Menggah sarananipun
panglamar ingkang dipu asta,
• Pisang raja ayu satangkep (kalih lirang), kapilihaken pisang raja
engkang sae saha uleranipun cacahipun ganjil
• Sedhah ayu, jambe ayu, sedhah ipun kapih ingkang matamu ros
ipun
• Wajik, Juadah, Jenang, minangka jejangkep ugi ngasta dhaharan
maneka warni sacekapipun
• Hambok bilih kalajengaken lambang kalpia / tukar cincin ugi
ngasta sesupe / ali ali sepasang
1.
Sarat sarana ubarampe lamaran kala wau
sayektos mengku wredi / tegesipun pisang
raja ingkang acacah ganjil menika
mratelakaken bilih calon panganten
kakung tasih ijen utawi dereng nggadhahi
garwa, pramila ngupadi jodoh minangka
sisihanipun agesang
2.
Sedhah ayu miwah jambe ayu ingkang mengku pralampita
bilih calon panganten sarimbit badhe manunggalaken
cipta, rasa, karsa, daya, miwah karyane, arsa lelumban
wonten madyaning bebrayan agung, manjing loka Madya
(jagad kadhewasan)
Pramila ibu, bapa calon panganten sarimbit paring idi
pangestu mugi anggenipun arsa palakram enggal-enggal
kasembadan purwa, madya, wasana nirbaya kali sing
rubeda, sampun gambuh ingkang sami arsa bebesanan
kadya jambe sinigar, mekaten kala wau menggah
wredinipun jambe
3.
Menggah wajik, juadah, tuwin jenang ingkang araos manis
lan gurih menika sumados saking wos ketos ingkang dipun
bethak lajeng kaolah, mengku teges wos ketos menawi
tasih mentah gampil dipunpisah2aken namung kemawon
sasampunipun dipun olah mboten gampil dipun pisah.
Menika ugi kalebet panyuwun dhumateng Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi sasampunipun calon panganten
sarimbit kadhaupaken mboten gampil pepisahan, ugi
enggala pikantuk gurih lan manisipun gesang anggenipun
myat lelumban wonten madyaning bebrayan agung.
Wedharing atur panglamar
Nuwun,
Kasugengan saha sih nugrahing Gusti Ingkang Maha Miwah Lan
Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan miwah
kula waradin sangunging dumadi.
Kacihna ing kalenggahan menika panjenengan miwah kula
sampun pinaringaken kempal manunggal kanthi karaharjan,
katentreman, kabagyan, sarta kabagaswarasan, saderengipun kula
matur menggah wigatosing sedya kula sowan wonten dalemipun
Ibu, Bapa Teja Kusuma, langkung rumiyin sumangga panjenengan
sadaya kuladherekaken manungku puja kunjuk wonten ngarsanipun
Gusti Ingkang Hamurbeng Gesang, hamprih salwiring gati purwa,
madya, wasana saget kasembadan nirbaya kali sing rubeda.
Nuwun, para pepundhen, para pinisepuh, sesepuh
ingkang tuhu kinabekten. Para rawuh kakung miwah putri
ingkang dhahat kinormatan, keparengana kula tumut
nggegempil kamardhikan panjenengan sadaya dhumateng
anggen nembe panjenengan sengseming wawan
pangandhikan kalian kadang kinasih.
Aminangkani atur pamundhut ipun Yuwana sekalian
garwa, kula kapiji minangka sumilih sarira, kadhawuhan
matur dhumateng Bapa Teja Kusuma sarimbit, bilih
sowanipun Ibu, Bapa Teja Kusuma, para putri putra, saha
sangunging para kulawarga.
Ugi Bapa Yuwono sarimbit ngaturaken salam taklim katur
panjenengan sumarambah para kulawarga sadaya. Hambok
bilih sowan kula sakadang wonten kiranging subasita dalah
tata krami, mugi kepareng diagunging pangaksama.
Inggih awit peparingipun sih kadarman ingkang
arupi papan palenggahan, pasugatan ingkang arupi
menapa kemawon ingkang setunggal mbaka setunggal
mboten saget kula aturaken, mboten langkung kula
ngaturaken agunging panuwun tanpa pepindhan,
mugi-mugi sih kadarman panjenengan kala wau
pikantuk leliru saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Menggah wigatosing sedya ingkang kalih kula
kadhawuhan matur saha nyuwun pirsa menapa leres
panjenengan kagungan putra putri ingkang asesilih
nimas ayu Handayani, saha putra putri panjenengan
kalawau dereng kagungan garwa, Hambok bilih saestu
putra putri panjenengan dereng winengku dening
priyo minangka garwanipun.
Menawi wonten keparengipun saha dhangan ing panggalih
Ibu, Bapa Teja Kusuma, putra putri pajenengan ingkang nama
nimas ayu Handayani kajodhoaken saha kadhaupaken kalian
putra kakungipun Bapa Yuwana ingkang akekasih Budi
Sembodo, Pramila saking menika kula nyuwun kanthi sanget
atur pangandhikan panjenengan, kagem tambah atebing
panggalih anggenipun badhe mangun kekadangan dalah
bebesanan.
Mekaten ingkang dados wosing gati menggah sowan kula,
mawantu wantu kula nyuwun lumuturing pangaksama
tumprap sedaya galap gansuling atur miwah kiranging
trapsila dhumateng sowan kula sakadang wonten ing ngriki.
Ing wasana cekap anggen kula matur.
Nuwun, matur nuwun.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


TUMANGGAPING ATUR PANGLAMAR
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nuwun,
Winantu ing kawilujengan, sinartan sinukartaning panambrama. Ibu miwah
Bapa Yuwono sarimbit, dalah para putrid, putra, saha para rawuh kakung
miwah putrid sadaya.
Tumanggap menapa ingkang dados aturipun Ibu dalah Bapa Yuwono
ingkang lumantar dhuta saraya Bapa Hadi Prayitno.
Keparenga kula matur bilih kula ingkang kadhawuhan hanyulihi Bapa Teja
Kusuma sekalian garwa, matur wonten ngarsanipun Bapa Yuwana sarimbit.
Sarawuh panjenengan, Ibu saha Bapa Yuwono sakaluwarga, dalah para
pandherek sedaya, kepareng kula ngaturaken sugeng rawuh, lelenggahan
kanthi mardu mardikaning panggalih.
Salam taklimipun Bapa Yuwono sekalian garwa ingkang katur Bapa Tejo
Kusumo sarimbit, kula tampi mugi dhawah sesami – sami.
Hambok bilih anggenipun Bapa Tejo Kusumo
sarimbit nampi rawuh panjenengan sadaya,
wonten atur palenggahan tuwin pasugatan
ingkang kirang ndadosaken renaming penggalih
panjenengan, mugi kepareng panjenengan
kersa ngluberaken agunging pangaksama.
Salajengipun kala wau dhuta saraya saking
Bapa Yuwana nyuwun pirsa menapa leres Bapa
Teja Kusumo kagungan putra – putrid ingkang
asesilih nimas ayu Handayani, ugi nyuwun pirsa
tasih legan menapa sampun kagungan garwa.
Kepareng kula ngaturi pirsa bilih putra putrid nipun Bapa Tejo
Kusumo ingkang nama nimas ayu Handayani menika tasih
legan ugi derng kagungan garwa, pramila hambok bilih
sampun dados kersanipun Bapa yuwono sarimbit, ingkang
badhe kagungan kersa handhaupaken putra kakungipun
kekasih Budi Sembodo kalian Nimas Ayu Handayani, bapa Tejo
Kusumo sarimbit hamung nyumanggakaken kersanipun,
sauger calon panganten kekalih sampun sami – sami sarujuk
nindakaken darmaning agesang ngayahi palakrama, arsa myat
lelumban wonten madyaning bebryan agung sesarengan.
Purnaning atur, kula nglenggana dhumateng sedaya kekirang
kula, anggen kula matur wonten kirang langkung ipun, mugi
kepareng kula tumadhah nyandhong pangaksama.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai