Anda di halaman 1dari 3

ATUR PAMBAGYO

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, wassholaatu wassalaamu ‘alaa
asyroofil anbiyaa-i wal mursaliin, nabiyyinaa wahabiibinaa
muhammadin, wa’ala alihi washahbihi aj’ma’iin, wa man tabi’ahum
biihsanin ilaa yaumiddin, Amma ba’du.
Dumatheng poro undangan sedoyo, ingkang kulo bakteni sumonggo
kito tansah ngunjukaken pujo lan puji syukur wonten dalem
ngarsanipun gusti Allah subehanahu wataala inggih kanthi rohmat lan
hidayahipun dumatheng kito sedoyo sahengga kita saged wonten ing
mriki kanthi slamet.
Lajeng kula aturaken sugeng rawuh dumatheng para undangan sedaya
ingkang sampun ing acara niki.
Par tamu sedaya ,kula lan keluarga nyuwun do’a restu kagengan puta
lan putri kula menika saged nglampahi acara paningset kanthi lancar.
Lan mugi mugi dipun paringaken rahmat ingkang katah saking gusti
Allah .
Para undangan sedaya ,cekap semanten atur kula ,kula ngaturaken
agunging pangapunten mbok bilih wonten kalepatan ing atur
pambagyo kulo.
Wassalamu’alaikum wr. Wb.
PASRAH PANINGSET

Assalamu’alaikum wr.wb.
Kula Nuwun,
Bp SUWARNO  sekalian hingkang winengku hing pakurmatan.
Sowan kula dipun saroyo Bp  MUNAJI kekalih, kadhawuhan matur
hing ngarsa panjenengan.
Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bp
SUWARNO  kekalih,mugi katur Bp MUNAJI sekalian,sinartan
pamuji mugi Bp SUWARNO  sakulawarga tansah hamanggyo suko
basuki.
Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang
sampun gumalong hanggenipun Bp MUNAJI  kekalih,badhe mundut
mantu putra estri panjenengan pun SULISTYO WATI  badhe
kajodhokaken kalian pun Bp SUWARNO  anak jaleripun Bp
MUNAJI  kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan haningseti
rembag sesambetanipun SULISTYO WATI  kalian pun PRAMUDI
ASTOTO Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon
sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bp MUNAJI
keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah
jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing
keparengipun Bp MUNAJI sekalian.
Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten
sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan.
Sepisan malih kula nyuwun pangapunten.
Hing wasana cekap semanten atur kula,
Wassalamu’alaikum wr.wb.
NAMPI PANINGSET
Assalamu’alaikum wr.wb.
Bp SUWARNO  hingkang winengku ing karahayon.

Kula hingkang kapiji Bp SUWARNO  kekalih, Langkung rumiyin


kula hangaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan sakadang.

Salajengipun kaparenga kula hanampi salam wilujengipun Bp


MUNAJI  sekalian, Hingkang mangke nuli badhe kula aturaken
dhumateng Bp SUWARNO  kekalih.
Kajawi hingkang punika,sadaya paring pangandika pangjenengan
kados sampun cetho trawoco,

Bp SUWARNO  kekalih hangaturaken sanget agunging panuwun


hawit sadaya paparingipun Bp MUNAJI minangka Abon-Aboning
paningset.

Dene menggah kalajenganing tatacara badhe dhaupipun SULISTYO


WATI  sarta PRAMUDI ASTOTO  sampun wonten hing
pamurbanipun Bp SUWARNO  kekalih.

Salajengipun kula nderek nitipaken salam wilujengipun Bp MUNAJI 


kekalih mugi katur hing Bp MUNAJI sakaliyan winwntu hing
sasanti,mugi tansah rahayuo hingkang sami pinanggih.

Mugi wonteno keparingipun Bp MUNAJI sakadang hanglajengaken


lelenggahan wonten papanggihan tatacara ringkes niki punika ngantos
dumugi sapari purnanipun.

Hing wasana kula nyuwun pangapunten hawit anggen kula hanampi


rawuh panjenengan,saha kirang runtuting anggen kula matur. Kados
cekap semanten atur panampi kula,

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai