Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr.

wb

Alhamdulillah2 irobbil alamin wabihi nasta’inu ala umuriddunya wad din.


Assholatu wassalamu ala asyrofi ambiya’i wal mursalin sayyidina wa maulana
Muhammadin wa'ala alihi wasohbihi ajma’in. Amma ba’du

Ingkang kulo hormati poro Bapak pini sepuh ugi jama’ah yasin sedoyo.
mboten kesupen, Sohibul Ba’it Bapak……….. ingkang sampun paring tempat.

Puji syukur ing ngarso dalem Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring
pinten2 rahmat taufik hidayah serta inayah ipun dumateng kulo dalah
panjenengan sami, sahengga kito sedoyo saget kempal wonten ndalem mriki
kanthi sehat wal afiat mboten wonten aral setunggal punopo. Allahuman Aminn

Sholawat soho salam mugi tetep kunjuk dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun umat ipun saking jaman
jahiliyah dumugi jaman islamiyah ingkang kulo dalah panjenengan sami lampahi
sak meniko, mugi2 kito pikantuk syafaat ipun mbenjang wonten Yaumul Kiyamah.
Allahuma Aminn

Poro Bapak ugi sedoyo jama’ah yasin ing mriki kulo minongko pranoto
hadicoro, yasinan lan tahlil rutin Dusun Bangun Asri, Badhe ngaturaken urut2an
hadicoro ing dalu puniko.

Sepindah pembukaan, Monggo kito awiti kanthi waosan Ummul Qur’an,


Al-Fatihah……

Mugi2 kanthi waosan Al-Fatihah saget mbeto lancaripun acara ing dalu
puniko. Sak lajeng ipun waosan yasin ugi tahlil ingkang di pimpin Bapak ……….

Wekdal kulo aturaken sak cekap ipun.

Alhamdulillah waosan yasin ugi tahlil sampun cekap. Mugi2 sageto mbeto
manfaat khusus ipun dumateng keluarga Bapak……… lumeber ipun dumateng
poro jama’ah yasin sedoyo. Allahuma Aminn

Awal hinggo akhir anggen kawulo matur wonten klenta-klentu nipun atur
kawulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah2ipun.

Akhirrusalam, Wabillahi taufik wal hidayah wal ridho wal inayah

Wassalamu Alaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai