Anda di halaman 1dari 3

JAM’IYYAH SHOLAWAT AL BARZANJI

MADADUL MUSTHOFA
NGAMPEL SELODONO RINGIN REJO KEDIRI

TEKS MC

Hadhrotal mukarromin wal muhtaromin, poro Alim Ulama poro sesepuh pini
sepuh ingkang tansah kulo to’ati. Poro bapak-bapak Pembina jam’iyyah sholawat Al
Barzanji ingkang tansah kulo to’ati. Poro konco-konco jam’iyyah sholawat Al
Barzanji ingkang tansah kawulo banggakaken ugi shohibul bait ingkang tansah
berbahagia.
Sepindah, monggo kito ngraos syukur dateng Allah Ta’ala Biqoulina
Alhamdulillahirobbil’alamiin atas pinten-pinten nikmat lan rohmatipun kawulo
dalah panjenengan sedoyo saget makempal wonten meniko dalem utawi panggenan
kanthi kawontenan sehah wal ‘afiyah mangassalamah lan mugi-mugi pepanggihan
pakempalan kawulo dalah penjenengan sedoyo dipun dadosaken setunggalipun
pepanggihan ingkang bekto barokah manfaat maslahah fiddini waddun ya hattal
akhiroh.
Sholatullah wasalamuhu mugi tansah katur kaunjuk dumateng junjungan kito
Baginda Nabi Agung Muhammad SAW Biqoulina Allahumma sholli ‘ala Sayyidina
Muhammad wa’ala alihi waashabihi Ajmangin mugi-mugi kawula dalah
panjenengan sedoyo estu-estu kalebet golonganipun ummat ingkang benjang kelak
nampi syafa’atul ‘udhma saking beliau Amiin Aamiin Ya Robbal ‘Alamiin.
JAM’IYYAH SHOLAWAT AL BARZANJI
MADADUL MUSTHOFA
NGAMPEL SELODONO RINGIN REJO KEDIRI

Kawulo ing mriki minongko pamundhut sohibul bait ngaturaken matur


nembah nuwun ingkang tanpa upami atas kerawuhan panjenengan sedoyo sohibul
bait namung saget ngaturaken marhaban ahlan wasahhlan bihudurikum teriring do’a
jazakumullah ahsanal jaza, jaza kumullah khoiron katsiro .
Dene hajatipun sohibul bait angrawuhaken panjenengan sedoyo dipun suwuni
barokah do’a ugi waosan sholawat al barzanji sak cekap ipun fadhilah utawi
kemanfa’atanipun ingkang ongko sepindah dipun tujuaken dumateng junjungan kito
Baginda Nabi Agung Muhammad SAW hajat ingkang ongko kalih inggih puniko
sohibul bait …….(nyepasari, dll)……. putronipun. Dene lare ingkang dipun
……..(sepasari,dll)……. keparingan asmo utawi tetenger ……mugi-mugi lare
ingkang dipun sepasari dipun dadosaken lare ingkang solih utawi solihah ta’at
dumateng gusti Allah ta’at dumateng Rosulullah ta’at dumateng tiyang sepah
kalihipun migunani dumateng bongso ,ugi agami sehat jasmani ugi rohanipun
ingkang terpenting saget nyababiyahi tiyang sepah kalih ipun lumebet dating
suwarganipun Allah ta’ala.
Selajengipun kawulo minangko pranoto acara rutinan sholawat Al Barzanji
wonten wekdal dalu puniko kaparengno ngaturaken susunan adicoro. Ingkang
sepindah pembukaan ingkang ongko kalih waosan sholawat Al Barzanji dipun
lajengaken penutup utawi do’a.
Sumonggo adicoro dalu meniko kito bikak sesarengan kanthi waosan ummul
Qur’an dengan harapan saget kalampah kanthi lancar mugi-mugi pinkantuk ridho
lan maghfiroh saking Allah ta’ala Al Fatihah.
Lumebet adicoro selajengipun waosan sholawat al barzanji ananging
sakderengipun kito tawassul rumiyin. Dene tawassul badhe dipun pimpin
penjenenganipun….(Bapak,)….dumatheng panjenenganipun wekdal soho
panggenan kawulo haturaken.
Poro rawuh ugi poro konco ingkang tansah kulo hormati,
Alhamdulillahirobbil ‘alamin adicoro rutitan dalu meniko saget kalampah kanthi
lancar lan mugi-mugi estu-estu pikantuk ridho lan maghfiroh saking Allah ta’ala.
Kawulo ing mriki minangkani pranoto acara mbok bilih anggenipun mawal matur
dumugi akhir wonten lepat klintunipun kawulo nyuwun agungipun pangapunten
JAM’IYYAH SHOLAWAT AL BARZANJI
MADADUL MUSTHOFA
NGAMPEL SELODONO RINGIN REJO KEDIRI

ingkang sak kathah-kathah ipun akhiru qouli wallohul muafiq ila aqwamit toriq
summa salamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai