Anda di halaman 1dari 3

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin wa bihi nasta’in ‘ala umurid dunya wad


din. Assolatu wassalamu ‘ala sayyidina Muhammadin. Wa ,ala alihi wa
shohbihi ajma’in ,, amma ba’du.
Hadrotal Muhtaromin wonten pang ngarsanipun, poro alim, poro
ulama' poro kiyai, ingkang tangsah kawulo mulyaaken, soho kito
dereaken menggah fatwah lan perjunganipun.dumateng poro sesepuh
pini sepuh, ingkang tangsah kawulo utamiaken,
wabil khusus Al mukarrom romo Kyai Haji miftahudin zuhri Saking
tlatah kebumen, ingkang kito ajeng-ajeng barokah lan ngilmu
mangfangatipun.
Dumateng Bapak Kepala Desa lan sa’perangkatipun ingkang insya
allah kawulo taati menggah peraturan-peraturanipun.
Sumrambrah dumateng poro Muslimin MUslimat, soho poro Tamu
Undangan ingkang kawulo hormati, mboten kesupen dumateng poro
Pemuda Pemudi Grumbul Bojong Meros ingkang kulo banggakan.
Purwakaning atur sumonggo kawulo dereaken anggenipun tansah
ngunjuaken raos sukur dumateng ALLOH SUBAHANAHU WATAALLA. ka
titik wonten kawedangan enjing puniko. kito sedoyo saget makempal
sesarengan, wonten majelis puniko, tanpo manggihi aral saktunggal
punopo.
Sholawat soho salam mugi kunjuk,dateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang kito antu-antu syafaatipun mbenjang wonten
yaumul qiyamah,, amin allohomma Aamiin
Hadirin wal hadirot Rohimakumulloh
Wonten mriki Kawulo, minongko pranoto adicoro, keparengo bade
maosaken reruntute adicoro pengaosan ing wekdal puniko..
1. Adicoro ingkang kaping sepindah inggih puniko pambikaan
2. Adicoro ingkangn ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an
soho Sholawat
3. Adicoro ingkang onko tigo menyanyikan lagu Indonesia Raya
dilajengaken mars muslimat.
4. Adicoro ingkang ongko sekawan sambutan-sambutan
5. Adicoro ingkang onko gangsal inti mauidloh hasanah kalian doa
mekaten reruntutipun adicoro ingkang bade lumampah wonten ing
wekdal meniko.
Hadirin hadirot ingkang kawulo hormati,kanti nyenyuwun ridho lan
barokah dumaten alloh subahanahu wataalla, monggo pengaosan ing
enjing puniko kito bika kanti wahosan Umul Kitab sesarengan.
‫ةويو ليلع هللا ىلص هللا لوسر ةاافللو ىلالت هللا اضرل‬
Mugi kanthi wahosan umul kitab meniko, saget dadosaken
lancaripun adicoro ingkang bade lumampah wonten wekdal sa meniko.
Allahumma Aamiin.
Adicoro sa lajengipun wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an soho solawat
nabi ingkang bade dipun salirani dening panjenenganipun GUS NAJIB
NAZARUDIN Dumateng GUS NAJIB NAZARUDIN sasono woro kawulo
aturaken sumonggo.
,matur nuwun kawulo aturaken, mugi mugi kanthi wahosan ayat ayat
suc alquran kolo wau, saget nambahi iman bi takwa kito dateng Allah
SWT. Alihuma….. Amiin

Adicoro ingkang ongko tigo inggih meniko menyanyikan lagu


Indonesia Raya dilajengaken mars muslimat ingkang bade dipandu
dening ibu USWATUN HASANAH .kalian grup paduan suara saking
muslimat Bojong Meros.
Dumateng poro rawuh kawulo aturi jumeneng.sawetawis
Dumateng poro rawuh kawulo aturi pinarak .
Adicoro ingkang onko sekawan inggih meniko sambutan-sambutan
1. sambutan ingkang ongko sepindah injih puniko sambutan sakin
ketua panitia ingkang bade dipun aturaken dening
panjenenganipun bapak kiyai MASRURI dumateng bpk kiyai
MASRURI sasono woro kawulo aturaken sumonggo
dumateng panjenengan nipun kawulo aturaken gungeng panuwun.
2. Sambutan saklajengipun inggih meniko sambutan saking satrianing
nagari, panjenenganipun bapak kepala desa pahonjean, enggeh
menikoi bapak HERI SUDIYONO utawi ingkang mewakili. Dumateng
panjenenganipun Sasono woro kawulo aturaken sumonggo.

Dumateng panjenengan nipun kawulo aturaken gunge panuwun.


Hadirin hadirot ingkang minulyo, kito lajengaken Adicoro candakipun,
adicoro ingkang sampun kito tengo, sampun kito antu antu sesarengan
enggeh meniko inti mauidloh hasanah, sekalian kasuwun berkahing do.a
, ingkang bade dipun wedharaken dening panjenenganipun Al-Mukarrom
bopo kiyai haji MIFTAHUDIN ZUHRI. Saking tlatah kebumen
Ananging sakderengipun inti dipun milaih, kawulo minongko pranto
adicoro wonten pengaosan siang puniko wiwit purwo, madio dalah
wasono, katah gelap angsule atur. Kirang wijang wijile ungkoro.
Minggah ing kirang subosito. Miwah laraseng toto krami. Kawulo
nyuwun agungen samudro pangaksami. Usikum wanafsi bitakwaloh
wasallamuallaikum wr wb

dumateng poro rawuh kawulo aturi jumeneng sa wetawis kangge


menghormati lampahipun almukarom bopo kiyai haji MIFTAHUDIN
ZUHRI.
Dumateng bopo kiyai haji miftahudin zuhri sasono woro kawulo
aturaken sumonggo,
Dumateng poro rawuh kawulo aturi lenggah malih.

Anda mungkin juga menyukai