Anda di halaman 1dari 3

TEKS PRANATA ACARA / MC

ACARA SELAPANAN MUSLIMAT FATAYAT RANTING GEBANG

Sakderengipun adicoro kawiwitan inggih meniko pra acara. Menyanyikan lagu


Indonesia Raya, Ya Lal Waton, Mars Muslimat soho Mars Fatayat.

Assalamu’alaikum Wr Wb.
Bismillahirrohmaanirrohiim. Alhamdulillahirobbil’alamiin. Wabihi nasta’inu ‘ala
umurriddun ya wa ddin, wassholatu wassalamu ‘ala asrofil anbiya’i wal mursalin,
sayyidina wa maulana muhammadin, wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’in. Amma ba’du:
Khadrotal muhtaromin, poro ‘alim poro ulama ingkang kulo hurmati.
Linangkung poro sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Panjenenganipun Ibu
Nyai...................... saking............... ingkang kito antu-antu barokah ilmunipun.
Ingkang kulo hurmati ugi Imam Masjid at-Taqwa Desa Gebang.
Panjenenganipun...............................
Ketua Mulimat Ranting Gebang, Ibu Nafsiyah Hamidah, ingkang kulo hurmati.
Ketua Fatayat Ranting Gebang, Ibu Marwiyah ingkang kulo hurmati.
Mboten kesupen, dumateng ibu-ibu muslimat fatayat ingkang hadir, ingkang kulo hurmati
ugi.
Langkung rumiyin monggo kito ngaturaken raos syukur dumateng Allah Swt,
ingkang sampun maringi pinten-pinten rohmat, hidayah soho inayah dumateng kito
sedoyo, sahinggo saged makempal sesarengan wonten mriki kanti mboten wonten alangan
setunggal punopo. Monggo sareng-sareng kito ikroraken kanti maos tahmid sesarengan.
Alhamdulillahirobbil ‘alamin.
Sholawat soho salam mugi tetep kaunjuk dumateng Nabi kito Nabi Muhammad
Saw. mugi-mugi kito sedoyo pinaringan syafa’at dugi yaumil qiyamah sak mangke.
Aamiin. Yaa Robbal ‘alamiin.
Ibu-ibu ingkang kulo hurmati. Keparengo kulo matur ing mriki, aminangkani
pranoto adicoro, bade maosaken runtuting adicoro ingkang bade kalampah.
Adicoro ingkang sepindah inggih meniko : pembukaan.
Adicoro ongko kalih : waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an.
Adicoro ongko tigo : waosan sholawat al-barzanji
Adicoro ongko sekawan : tahlil
Adicoro ongko gangsal : sambutan-sambutan
Adicoro ingkang kaping nem : acara inti, mauidhatul khasanah.
Adicoro ing pungkasan inggih meniko : do’a penutup
Ibu-ibu ingkang kulo hurmati, adicoro ingkang sepindah inggih meniko
pembukaan. Monggo kito bika kanthi waosan ummul kitab sesarengan.
Liridhoillahi ta’ala wa li syafa’ati rosulillah Saw., Al Fatihah.
Mugi –mugi kanti waosan umul kitab nembe, adicoro ing wekdal meniko saged kalampah
kanti lancae. Aamiin.
Adicoro ongko kalih inggih meniko, waosan ayat-ayat suci al-Qur’an, ingkang
bade ka asto panjenenganipun ibu...... wekdal soho papan kulo aturaken sumonggo.
Agunging matur nuwun kulo aturaken, panjenenganipun ibu .... ingkang sampun maos
ayat-ayat suci Al-Qur’an, mugi-mugi saged nambah raos iman kita dateng Allah Swt.
Klajengaken adicoro ongko tigo inggih meniko, sholawat al-barjanji, ingkang bade
ka asto panjenenganipun ibu...... wekdal soho papan kulo aturaken sumonggo.
Kulo aturaken agunging panuwun dumateng panjenenganipun ibu.......
Katerasaken adicoro ongko sekawan inggih meniko tahlil, ingkang bade ka asto
panjenenganipun ibu...... wekdal soho papan kulo aturaken sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipun ibu....... ingkang sampun kerso mimpin tahlil,
mugi-mugi arwah sederek kito ingkang sampun sedo dipun ngapunten Allah Swt. aamiin.
Adicoro ingkang kaping gangsal, inggih meniko sambutan-sambutan.
1. Sambutan ingkang sepindah saking ketua Muslimat NU ranting gebang, dumateng
panjenenganipun ibu Nafsiyah Hamidah, wekdal soho papan kulo aturaken
sumonggo.
Agunging matur nuwun kulo aturaken dumateng ketua muslimat NU ranting
Gebang.
2. Sambutan kaping kalih inggih meniko saking ketua Fatayat NU Ranting Gebang,
panjenenganipun ibu Marwiyah, wekdal soho papan kulo aturaken.
Agunging matur nuwun kulo aturaken dumateng ketua fatayat NU ranting Gebang.
Kalajengaken adico ingkang kaping nem, inggih meniko acara inti utawi
mauidhatul hasanah ingkang bade ka asto panjenenganipun Ibu
Nyai.............saking.................
Dumateng panjenenganipun Ibu Nyai.........., wekdal soho papan kulo aturaken, sekalian
kasuwun do’a penutup.
Ibu-ibu hadirin ingkang kulo hurmati. Mekaten adicoro wonten selapanan fatayat
muslimat meniko. Mugi-mugi menopo ingkang sampun dipun aturaken ibu Nyai.....saking
.......saged maringi manfaat, tambahing iman soho berkah dumateng kito sedoyo.
Kulo aminangkani pranoto adicoro, wiwit awal dumugi akhir katah lepatipun, kulo
nyuwun agunging pangapunten.
Wallahul muwaffiq ilaa aqwamith thoriq.
Wassalamu’alaikum wr wb.
MACAM-MACAM MUQODDIMAH
UNTUK MC, SAMBUTAN, PIDATO DLL

1. Alhamdulillahi robbil ‘alamiin. wassholatu wassalamu ‘ala asrofil anbiya’i wal


mursalin, wa ‘ala alihi washohbihi ajma’iiin. Amma ba’du:

2. Bismillahirrohmaanirrohiim. Alhamdulillahirobbil’alamiin. Wabihi nasta’inu ‘ala


umurriddun ya wa ddin, wassholatu wassalamu ‘ala asrofil anbiya’i wal mursalin,
sayyidina wa maulana muhammadin, wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’in. Amma
ba’du:

3. Innal hamda lillah, nahmaduhu wa nasta’inuhu wa nastaghfiruhu, wa na’udzu


billahi min syururi anfusina, wa min syayyiati a’malina, man yahdillahu fala
mudhilla lahu, wa man yad lil fala hadiya lahu. Asyhadu alla ilaha illallahu
wahdahu laa syarika lah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuluhu,
amma ba’du:

4. Alhamdulillahilladzi an‘ama bini’matil iman wal islam, wa nusolli wa nusallimu


‘ala khoiril anam, sayyidina muhammadin wa ‘ala alihi wasohbihi ajma’iin. Amma
ba’du:

5. Alhamdulillahil malikil haqqul mubin, alladzi habaana bil iman wal yaqin,
allahumma sholli ‘ala sayyidina muhammadin, khotimil ambiya i wal mursalin, wa
‘ala alihit toyyibiin, wa ashabihil ahyari ajma’iina, wa man tabi’ahum bi ihsani ila
yaumiddin. Amma ba’du:

6. Alhamdulillahi robbil ‘alamiin, wa asyhadu alla ilaha illallahu wahdahu laa syarika
lah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuluh, allahumma sholli ‘ala
sayyidina muhammadin ‘abdika wa rosulika, annabiyyil ummiyyi wa ‘ala alihi
wasohbihi ajma’iin. Amma ba’du:

Anda mungkin juga menyukai