Anda di halaman 1dari 2

PRANOTO CORO LELAYU

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Mugi sih wiloso saking Gusti kang Maha Agung kawilujengan


soho karaharjan tansah kajiwo, kasaliro dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo Aamiin..

Bismillahirohmanirrohim..
Alhamdulillah...
Alhamdulillahirobbil’alamin Washalatu ‘ala ambiya’i wa
mursalim Sayidina muhammadin wa’ala alihi wa shobihi ajma’in.
ama ba’du.

Dumateng ngarsanipun poro pepunden, poro pinisepuh ingkang


hanggung hamestuti dateng pepoyaning kautamen ingkang tansah
kinabeten. Ngarsanipun poro pangemban, pangembating prajo
miwah satriyaning negari ingkang minongko dados panduming
sedoyo kawulo dasih ingkang pantes nampi pakormatan.
Poro Kyai, poro Alim, Ulama ingkang tansah sumanding kitab suci
wahyuning ILLahi ingkang tansah kulo dereki.
Ngarsanipun Bpk Lurah, soho pamong Desa Gilangharjo sumrambah
dumateng Bapak ibu sedoyo panderek bela sungkowo ingkang sami
rawuh mboten kapiji-piji ingkang tansah kulo hormati.

Kanti murwakani atur sumonggo kito tansah ngaturaken puji lan


syukur dumateng Gusti Allah ingkang kuwaos ingkang sampon
paring rahmat, hidayah, inayah soho kawilujengan katiti kulo lan
panjenengan saget makempal manunggal wonten ing papan meniko
sak perlu nderek belo sungkowo soho paring pakormatan ing
pungkasan awit sedanipun Bapak Somo Dikoro.

Sagug poro tamu ingkang sinuba ing pakormatan, ngengeti wekdal


sampon dumugi ing titi wanci sedoyo sampon samepto ing gati
adicaro pangruktining layon suwargi Almarhum Bapak Sama Dikoro
tumuti badhe kawiwitan.
Namung sak derengipun, bade kulo waosaken nenggah
uruting/rantamaning adicoro:

1. Pambuko
2. Atur Pambagyoharjo Soho Riwayat Singkat
3. Atur Pamit Soho Do’a
4. Panutup Kalajengan Bidaling Layon

Mekaten meggah rantamaning adicoro wonten ing sing meniko, poro


rawuh Bapak Ibu ingkang kulo hormati sumonggo kito ancikaken
adicoro pambuko, kito bikak sesarengan kanti waosan basmalah
kito derekaken.. Sumongggo.

PANUTUP

Sagung poro tamu ingkang bagyo mulyo

Katiti sampon purno menggah rantamaning adicoro upocaro


pangruktining Layon suwargi Almarhum BPK. Somo dikoro sak
derengipun bidaling layon sumonggo adicoro kito tutup langkung
rumiyin, anamung sakderengipun kulo tutup, kulo minongko ingkang
nderekaken lampahing adicoro purno madya wusono katah
kekhilafan, kekirangan nuwun agunging samudro pangleksami.

Wondene sak samponipun katutup mbok menawi wonten


keparengipun nyampurnakaken anggepenipun tindak takyiyah kanti
nderekaken jengharing layon saking alem sungkowo dumugi wonten
ing ing makam Tegallurung katah kirang langkung..... mnt. Namung
mbok bilih Bapak soho ibu bade ngesakaken kundur tebih raos ing
panundung sedoyo kluargo dherekaken sungeng kundur mugi rahayu
ingkang sami piranggih.

Sumonggo kito tutup kanti waosan Hamdalah..

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Sak lajengipun angkating Layon

Wekdal kulo aturaken Bpk. Kaum Rais.

Anda mungkin juga menyukai