Anda di halaman 1dari 2

Bismillahirohmanirohim, Assalamuakaikum , Wr, Wb

Alhamdulillahirobil alamin, washolatu wassalamu ala muhamadin, washolatu wassalamu ala


asrofil anbiya ‘iwal mursalin, wa ala alihi washohbihi ajma’in , amma ba’du

- Wonten ngersanipun poro pepunden poro pinisepuh poro sesepuh ingkang satuhu pantes
pinundi.
- Poro pangemban pengembating projo, satriyaning negari, ingkang minongko
pangayomaning kawulo dasih.
- Poro alim poro ulama ingkang tansah kito tenggo tenggo menggah safaatipun.
- Bapak / ibu poro tamu ingkang pantes kulo hormati.
Keparengo kulo ing mriki piniji karyo saperlu derekaken lumampahing titilaksono,
adicoro PENGAOSAN kaggem mengeti warso enggal sewu kawan atus tigangdosoenem
Hijriyah ingkang dipun adani dening perkumpulan bapak2 senenan kring enem.
Sak derengipun kulo ngturaken urut reroncining adicoro, langkung rumiyin, monggo
kito raos sukur tansah kunjuk dateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun paring
mapinten pinten kenikmatan,kesehatan,stemah kulo lan panjenengan saget kempal
manunggal karaharjan tebih saking sambikolo.
Solawat soho salam tansah ketetepna dhumateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW , para garwo saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun
seengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Amin
Ingkang sak lajengipun keparenggo kulo badhe maosaken menggah urut reroncening
adicoro ing dalu puniko.
- Acara ingkang angka setunggal inggih puniko pambuka.
- Titilaksono ingkang angka kalih waosan ayat suci al-quran.
- Ngancik titilaksono ingkang angka tigo puji tahlil.
- Adicara ingkang angka sekawan sambutan saking bapak kepala dusun.
- Wondene titilaksana angka gangsal istirahat.
- Adilaksana ingkang angka enem inggeh puniko pengaosan inti.
- Acara ingkang angka pitu penutup
Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe dipun lampai.
Para bapak ibu soho poro rawuh ingkang kulo hormati sedoyo panitia lumantar
pambiyoworo ngaturaken sugeng rawuh saha sugeng lenggah ingkang kanti suka
mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pengaosan.
Para bapak ibu soho poro rawuh monggo pengaosan ing dalu meniko kita purwakani kanti
waosan umul kitab Al- Fatihah. .......
Mugi-mugi kanti waosan Al – Fatihah meniko dadosaken lancaripun adicoro ing dalu puniko.
Lumampahing titilaksoso ingkang angka kaleh inggeh meniko waosan ayat suci suci
al- Quran ingkang badhe dipun waosaken Bapak Muhtar Zailani. Kanti puniko wedal soho
papan kasumanggaken.
Waosan ayat suci Al-Quran saestu sampun paripurna, mligi nipun ingkang maos
umumipun dateng kulo lan panjenengan mugo pikantuk ganjaran saking Allah Swt.
Ngancik acara ingkang angka tigo ingeh meniko waosan tahlil.
Dumateng bapak Anwarudin wekdal kasumanggaken.
Matur nuwun dumateng panjenenganipun bapak Anwarudin. monggo kita dereaken
titilaksana ingkang angka sekawan sambutan saking bapak kepala dusun. Wanci miwah
pirantining wicara, kanthi panghurmatan sumonggo katur.
Matur nuwun . sumonggo kita kalajengaken acara ingkang angka gangsal inggih
puniko istirahat. monggo poro muda mudi kasuwun nindakaken menopo ingkang dados
jejibahanipun.
Mbok bilih bapak ibu sampun nampi unjukan soho dhaharan kasuwun ngunjuk lan
dahar kanti suka mardikaning penggalih.
Mboten ngirangi kamardikan panjenengan anggenipun ngunjuk lan dhahar
sumonggo kito dereaken tumanpahing titilaksono ingkang angka enem injeh puniko
pengaosan inti. Naning sak derengipun wekdal kulo caosaken dumateng panjenenganipun
bapak MUHAMMAD SUTARJO S.ag. M.a, kulo ingkang piniji derekaken adicara mbok bilih
anngen kulo maosaken soho derekaken lumampaing acara kirang nuju karsa wonten
ngersanipun bapak ibu kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.
Ingkang saklajengipun wekdal kulo caosaken dumateng bapak MUHAMMAD
SUTARJO S.ag M.a sak cekapipun.
Saking kulo cekap semanten ingkang minongko panutuping atur
Akhirul kalam. Wallahul muwafik, ilaa aqwamith thariiq, Wassalamu'alaikum warahmatullahi
wabarakaatuh"

Anda mungkin juga menyukai