Anda di halaman 1dari 5

‫السألم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫ ونعوذ باهلل من شرور‬, ‫ألحمد هلل نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه‬. ‫ألحّم د هلل‬
‫أشهد ان أل اله‬. ‫ من يهد هللا فأل مضّلله ومن يضلله فأل هادي له‬, ‫أنفسنا ومن ّسيئات أعمالنا‬
‫ وقال هللا تعالى في القران العظيم‬. ‫ وأشهد أن محّم دا عبده ورسوله‬, ‫األ هللا وحده أل شريك له‬
‫ سبحان الذي أسرى بعبده ليأل‬, ‫ بسم هللا الرحمن الرحيم‬, ‫ أعوذ باهللا من الشيطان الرجيم‬,
‫من المسجد الحرام الي المجداالقصى ألذي باركنا حوله لنريه من اياتناطانه هو السميع‬
:‫أما بعده‬. ‫البصير‬

Ashabul fadilah Al kuroma' wal fudola' . poro alim dalah tuwin soho poro ulama'-ingkang
tansah sibrak cacingak- andudah margining syara' –ingkang tansah kawulo to'ati sedoyo fatwa-
fatwa nipun .
Dumateng poro yai , tuwin dalah poro ibu nyai , Khususon khoshoh dumateng panjenengan
ipun Romo KH -Imam Sughrowardi wa ahli baitihi – utaminipun dunateng panjenengan ipun
romo KH..(…………. )saking…(………….) ingkang tansah kawulo ugemi ,menggah sabdo
tomo-sabdo gunanipun .
Dumateng panjenenganipun Bapak pejabat pemerintah ,utaminipun dumateng Bapak kepala
desa –ingkang tansah dahat kinurmatan .
Dumateng poro Bapak soho poro Ibu ,poro sesepuh , pini sepuh , ugi ingkang tansah dipun
sepuhaken deneng Allah – ingkang kawulo hormati .
Sagunging poro rawuh – tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan .

Ingkang ongko sepindah sumonggo kito tansah ngaturaken puji astuti kanti ucapan .
‫ ألحمد هلل رب العالمين‬Dumateng dzat ingkang nitahaken jagad inggih meniko Allah SWT ,ingkang
sampun paring pinten-pinten berkah pangestu soho taufiqipun dumateng kawulo dalah
panjenengan sedoyo, katitik wonten ing wekdal dalu meniko, saget makempal sesarengan –
wonten ing meniko majlis –wonten ing sak lebeting adicoro, resepsi-tasyakuran kitab Al fiyah –
ibni malik, soho mengeti isro' mi'roj Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten ing sak lebeting
karaharjan –ginanjar –kawilujengan –kalis –ing sambi kolo .lan mugi-mugiho-kanti pakempalan
meniko saget kacatet dening Allah dados pakempalan ingkang barokah –manfaat-maslahah
wonten ing dunyo ngantos wonten ing akhirot .

Kaping kalihipun sholatullohi wasalamuhu –mugiho lumeber dumateng nabi panutan kito
sedoyo , Al musthofa Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah dumateng margi
ingkang leres inggih meniko kanti sumebaring agami islam wonten ing ngalam dunyo meniko .
lan mugi-mugiho kawulo dalah panjenengan sedoyo saget pikantuk syafa'at ipun mbenjang
wonten ing dinten qiamah .

Sagunging poro rawuh –tamu undangan –kakung sumawono putri ingkang tansah
winengku ing karaharjan . perlu dipun kawuningani bilih kawulo wahu –lumarap saking sasono
palerenan –tumuju wonten ing sasono pangendikan –utawi wonten ing podium meniko ,
hanamung mangestreni –dalah ketiban sampur minangkaning – muqosimul auqot ,utawi-
pranataning adicoro wonten ing pawewehan meniko .
Sagunging poro rawuh – kakung sumawono putri ingkang tansah kinormatan .
Gegayutan ningali wekdal sampun saantawis dalu , saking kawulo mboten bade kawulo panjang
– lebar aken anggen kawulo paring mukoddimah . pramilo kanthi singkating rembak – bade
kawulo aturaken menggah toto tertip ipun adicoro ingkang sampun karacik kados mekaten .
 Pucu'ing adicoro – kanti pambuko .
 Kalajeng aken adicoro ingkang ongko kalih – nun inggih pemaosan ayat-ayat suci
Al qur'an .
 Kalaksanangin muhafadhoh Al fiyah ibni malik – dumawah wonten ing adicoro ongko
tigo .
 Dungkeping adicoro ingkang ongko sekawan – inggih puniko atur-atur pambagyo .
1. Wondene atur pambagyo ingkang ongko sepindah – saking wakil kelas
2. Ingkang ongko kalih – inggih puniko saking wali kelas .
3. Ingkang ongko tigo – inggih puniko saking wali murid .
4. Wondene atur pambagyo ingkang ongko sekawan , saking kepala desa .
5. Wondene pamungkasing atur pambagyo – nun inggih saking pengasuh
pondok pesantren A P I S sanan gondang gandusari .

Hadirin Hadirot rohimakumulloh …………………………………….

 Dungkeping adicoro ingkang ongko gangsal – inggih puniko " mau'idhotul hasanah "
ingkang bade kaatur sabdo dening panjenengan ipun Romo K H ( ............................)
Saking …………………….
 Paripurnaning adicoro wonten ing wekdal dalu puniko – dipun pungkasi kanti do'a .

Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat
kinormatan …… Gegayutan ningali wekdal sampun saantawis dalu – sumonggo adicoro
wonten ing pawewehan puniko , kito bikak kanthi waosan surotul fatihah – kanthi munajat ,
mugi-mugiho adicoro puniko – lumampah kanthi ridhonipun Allah SWT .

‫على هذه ألنيه وعلى كل نية صالحة الى حضرة ألنبي ألمصطفى سيد نا وموألنا محمد صلى هللا‬
‫عليه وسلم شيئ هلل لناو لهم الفاتحة‬................
Matur nembah ing panuwun kawulo atur aken .

Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat
kinormatan .
Kito lajeng aken runtuting laksono ingkang ongko kalih inggih puniko – waosan Ayat-
ayat suci Al qur'an , ingkang bade kawaos deneng sederek ………dumateng sederek ingkang
kajibah , wekdal soho sasananing pangendikan kawulo sumangga'aken ……………….

Shodaqollohul adhim ( 3 KALI )

Mekaten kolo wahu gumelantangipun – waosan Ayat-ayat suci Al qur'an ingkang sampun
kawahos soho kito mirengaken . mugi-mugiho kanthi waosan kolowau saget mbeto manfaat
ipun ingkang maos lumeber ipun dumateng sami'in lan sami'at

‫يارب العالمين‬......‫أمين‬.......‫أمين‬.......‫أمين‬ .

Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang dahat
kinormatan ………
Sampun titi wancinipun kawulo dalah panjenengan sedoyo- wonten ing adicoro ongko
tigo – mirengaken lantunan-lantunan bait Al fiyah ibni malik , ingkang badhe kalaksanaaken
deneng santri- santri putri kelas kaleh aliyah , Pondok Pesantren A P I S Sanan Gondang
Gandusari Blitar .Wondene adicoro puniko bade kabuko deneng sederek …………dumateng
sederek ingkang ngayahi tugas wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken
…………………………………………………………………………………………………….
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan ………..
Mekaten kolowahu gumlantangipun mukhafadhoh nadzom Al fiyah ibni malik , ingkang
sampun kito mirengaken , lan mugi-mugiho kanthi muhafadhoh kolo wahu saget mbeto barokah
, manfa'at , maslahah fiddini waddunya wal akhiroh , dumateng kito sedoyo , utaminipun
dumateng santri –santri ingkang nembe tasyakuran kolo wahu , lumeber ipun dumateng Agami ,
Bongso lan negeri
‫يارب العالمين‬.......‫امين‬......‫امين‬......‫امين‬
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan ………..
Lumebet dumateng canda'ing laksono ingkang ongko sekawan inggih puniko atur- atur
pambagyo . wondene atur pambagyo ingkang ongko setunggal inggih puniko – saking wakil
kelas , ingkang badhe kaatur aken deneng sederek .........dumateng sederek ingkang ngayahi
tugas , kawulo sumangga'aken .

Matur nembah ing panuwun - kawulo atur aken .


Mekaten kolowahu atur pambagyo – saking wakil kelas, ingkang sampun ka'aturaken.,dumateng
sederek ingkang sampun ngayahi tugas , kawulo aturaken agunging panuwun .
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan ……..
Kito lajeng aken dumateng atur pambagyo ingkang ongko kalih inggih puniko atur sambutan
saking wali kelas . ingkang badhe kaatur aken deneng panjenengan ipun Ustadz H . Muhsin
Alfan . dumateng panjenengan ipun , wekdal soho sasananing pangandikan kawulo
sumanggaaken ………..
Matur nembah ing panuwun , kawulo atur aken .
Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking wali kelas ingkang sampun kaatur aken , dumateng
panjenengan ipun kawulo aturaken agungin panuwun .
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat
kinormatan ………
Lumebet dumateng atur pambagyo sak lajeng ipun , inggih meniko atur pambagyo saking wali
santri . ingkang badhe kaaturaken denang panjenengan ipun Bpk …… dumateng panjenengan
ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken ………………
Matur nembah ing panuwun kawulo atur aken .
Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking wali santri . dumateng panjenengan ipun kawulo
aturaken agunging panuwun .
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan
.
Lumebet dumateng atur pambagyo sak lajeng ipun – inggih puniko atur pambagyo saking
Bpk Kepala desa . ingkang bade kaatur aken deneng Bpk(………………)
Dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken .

Matur nembah ing panuwun kawulo aturaken . mekaten kolo wahu atur pambagyo
ingkang sampun kaaturaken . dumateng panjenenganipun kawulo atur aken agunging panuwun .
Sagunging poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri ingkang dahat kinormatan
…………….
Wondene pamungkasing atur pambagyo ingkang terakhir , inggih meniko atur pambagyo
saking pengasuh Pondok Pesantren APIS Sanan Gondang Gandusari , ingkang badhe kaatur
sabdo deneng panjenengan ipun Hadrotus syaikh Romo Kyai H . Imam Sughrowardi .
dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken

‫أللهّم صّل على مّحمد‬


Matur nembah ing panuwun kawulo aturaken .

Mekaten kolo wahu atur pambagyo saking Pengasuh Pon –Pes APIS . dumateng
panjenengan ipun kawulo atur aken agunging panuwun .
Sagunging poro rawuh tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah
winengku ing karaharjan ……..
Lumebet dumateng candaing laksono ingkang ongko gangsal ingih meniko istirohat.
Ingkang badhe dipun isi sholawatan deneng group …………………saking Pon-Pes A P I S
Sanan Gondang Gandusari Blitar , ingkang badhe dipun pimpin deneng sederek
……………..soho sederek ………………dumateng sederek ingkang kajibah , wekdal soho
sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken .ugi dumateng poro mudo dalah poro mudi
pasugatan , kawulo aturi nglampahi nopo ingkang dados jejibahan ipun .
Hadirin wal haddirot , tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan …………..
Sampun titi wanci nipun kawulo dalah panjenengan sedoyo lumebet dumateng canda'ing
laksono ingkang ongko nenem , inggih meniko Sabdo Tomo , Sabdo Guno utawi mau'idhotul
hasanah , ingkang badhe kawedaraken deneng panjenengan ipun Hadrotuss syeikh Romo K H
………………..saking……………..pramilo dumateng panjenengan ipun wekdal soho
sasananing pangandikan kawulo sumanggaaken

‫أللهّم صل على محّم د‬


Mekaten kolo wahu sabdo-tomo , sabdo-guno , ingkang sampun kawedar aken Mugi-
mugiho fatwa-fatwa nipun kolo wahu , leres-leres dipun dados aken fatwa ingkang barokah ,
tumrap kito sedoyo , ingkang akhir ipun saget ndados aken , sababiyah gesang kito wonten ing
ngalam dunyo peniko , saget pinaringan pitedah saking ngerso dalem Allah SWT. Tambah kiat
iman soho agami kito , pinaringan kawilujengan wonten ing ngalam dunyo , ngantos wonten ing
ngalam akhirot . ingkang sak lajeng ipun , kito sedoyo kalebet tiyang ingkang husnul - khotimah
. Amin ,,,,Amin ,,,,Amin ,,Ya robbal Alamin ….
Hadirin wal hadirot tamu undangan kakung sumawono putri ingkang tansah winengku ing
karaharjan . ….
Lumebet dumateng candaking laksono ingkang ongko pitu utawi pamungkasing adicoro ,
inggih meniko do'a . ingkang badhe kapandengan deneng panjenengan ipun
Romo KH (…………………….) dumateng panjenengan ipun wekdal soho sasananing
pangandikan kawulo sumanggaaken .
Mekaten kolo wahu pemaosan do'a ,ingkang sampun kapandengan .dumateng
panjenengan ipun kawulo atur aken agunging panuwun .

Hadirin wal hadirot tamu undangan – kakung sumawono putri ingkang tansah winengku
ing karaharjan ………….
Mekaten kolo wahu adicoro-adicoro mulai awal ngantos akhir sampun pari purno .lan
kanthi lumampah mboten wonten alangan setunggal punopo .lan mugi-mugiho pakempalan
kawulo dalah panjenengan sedoyo wonten ing wekdal dalu puniko , dados pakempalan ingkang
barokah , manfaat , maslahah fiddini waddunya wal akhiroh ………..
Amin …..Amin ….Amin ….. ya Robbal Alamin .

Lan saking kawulo ,wonten ing mriki minangkaning pranataning adicoro , mbok bilih
anggen kulo ngaturaken reraciing adicoro , wonten salah saruping rembak – soho kaladuk
saruning atur , kawulo- hanamung mawantu-wantu nyuwun agunging seh samudro pangaksami
dumateng poro rawuh samudayanipun .

Akhirul qouli ……………………..

‫وهللا الموافق الي اقوام الطريق‬


‫والّسأل م عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

‫يا رّب صّل عليه وسّلم‬ # ‫محمد‬


ّ ‫صل على‬
ّ ‫اللهم‬
ّ
‫يا رّب صّل عليه وسّلم‬ # ‫اللهّم صّل على محّم د‬
‫يا رّب صّل عليه وسّلم‬ # ‫اللهّم صّل على محّم د‬

Anda mungkin juga menyukai