Anda di halaman 1dari 3

CONTOH MC ACARA UMUM

‫ِهلل‬
‫الَس اَل ُم َعَلْيُك ْم َوَرَمْحُة ا َو َبَرَك اُتُه‬
‫ َو الَّص اَل ُة َو الَّس اَل ُم َعىَل َس ِّي ِد اَن محمد بِن َع ْب ِد‬, ‫اَحلْم ُد ِهلل اِذَّل ى َهَد ااَن ِلَهَذ ا َو َم ا ُكَّن ا ِلْهَنَت ِد َي َل ْو اَل َأْن َه َد ااَن ُهللا‬
. ‫ َاَّم ا َبْع َد ُه‬, ‫ِهللا َو َعىَل آِهِل َو َأَحْص اِبِه َو َمْن َو اهَل اَل َنَيِب َبْع َد ُه‬
‫َيْر َف ِع ُهللا‬... ,‫ بسم هللا ال رمحن ال رحمي‬, ‫ َأُع وُذ اِب ِهلل ِم َن الَّش ْي َط اِن ال َر ِج ِمْي‬,‫َو َقْد َقاَل ُهللا َتَع اىَل ىِف الُقْر اِن الَكِر ِمي‬
‫ اَالَيَة‬... ‫اِذل يَن آَم ُنْو ا ِم ْنْمُك َو اِذل ْيَن ُاْو ُتوا الِع َمْل َد َر َج اٍت‬
. ‫ َمْن َس َكَل َط ِرْيًقا َيْلَتِم ُس ِف ْيِه ِعْلًم ا َس َّهَل ُهللا ُهَل َط ِرْيًقا ِاىَل اَجلَّنِة‬: ‫َو َقاَل الَّنُّيِب صىل هللا عليه وسمل‬
Li hadrotil kuroma' Wal-a'izzai Wal-fudhola', poro alim poro kiyai ingkang tansah
kulo ta'dimaken, sesepuh pinisepuh ingkang satuhu dahat kulo bakteni. Wabil akhos
sowaahibul Ma’had wal Madrosah Sunan Giri, panjenenganipun al-Mukarrom K.H.
Maslihuddin Yazid, K. H. Muslimin al-Asy’ari, soho Kyai Sa’dullah ingkang tansah kito
tenggo-tenggo menggah barokah saha ilmu manfaatipun. Dumateng ngersanipun shohibul
mawa'id wal-Fadho’il, panjenenganipun al-Mukarrom romo kiyai …………………….…...
sangking tlatah ………………..... ingkang tansah kito tenggo menggah mauidoh
khasanahipun. Mboten katalumpen dumateng para remaja karang taruna dukuh plantungan,
rencang-rencang mahasiswa KKN IaIN Salatiga soho hadirin hadirat ingkang tansah kulo
hurmati.
Minongko purwakaning atur, monggo kulo dereaken ngraosaken pujo puji syukur kunjuk
ngersa dalem Alloh SWT. Biqoulina …………..…(hamdalah), inggih wiwit saking rahmat,
nikmat soho hidayahipun sehinggo wonten ing ndalu puniko kito saget makempal manunggal
wonten ing punika majlis ingkang fa’insyallah mubbarak kanti sehat wal afiat boten wonten
alangan setunggal punopo-punopo.
Saklajengipun sholawat tuwin salam mugio tansah ketetepno dumateng junjungan kito
Nabi Agung Muhammad SAW., ingkang kito tenggo-tenggo menggah syafa’atipun nun
inggih pitulunganipun benjeng wonten ing yaumul kiamah, biqoulina :‫س يدنا‬ ‫اللهم ص ل على‬
‫حممد‬
Poro hadirin rohimakumullah, sak derengipun, kulo nyuwun agunging pangapunten
wiwit kulo ngadek wonten ing ngarso panjeneng sedoyo, mboten ateges ngilangi tata trapsilo
soho subasita, ananging kulo ing mriki tinimbalan dening panitia sak perlu badhe ndereaken
adicoro ingkang bade kelampah wonten ing ndalu punika. Ananing sak derengipun adicoro
kawiwitan, kulo minangka pranoto adicoro badhe maosaken runtutanipun adicoro- adicoro
ingkang sampun karacik dening panitia.
Adicoro sepisan nun inggih pembuko,
Kalajengaken adicoro sak candakipun nun inggih waosan ayat-ayat suci al-Qur’an,
Dumawah titilaksana ongko tigo waosan dzikir soho tahlil,
Ongko sekawan nun inggih sambutan,
Saklajengipun adicoro ingkang ongko terakhir nun inggih waosan solawat soho
mauidoh hasanah ingkang sak mangkih dipun wedaraken dening romo kyai ……….. saking
tltah ……….
Mekaten menggah runtutanipun adicoro ingkang insyaallah badhe kalampah semengkeh.
Ngengeti wekdal ingkang sampun sak antawis dalu, monggo kito wiwiti kanti adicoro
pambuko, nun inggih waosan ummul kitab.... (Liridhoillah wa lisyafaati rosullilah wali
ijabatil mas'ul Al Fatihah).
Matur agunging panuwun, mugi-mugi kanti waosan ummul kitab kolo wahu sageto
ndadosaken lancaripun adicoro-adicoro ingkang badhe kelampah sak mangkih.
Ngacik adicoro sak candakipun nun inggih waosan ayat-ayat suci al-Quran ingkang
Kasuwunaken dumateng panjenenganipun al-Ustadz ......... gusti Allah sampun dawuh :

‫َوِاَذا ُقِرَأ اْلُقْرآُن َفاْس َتِم ُعوا َوَأْنِص ُتوا َلَعَّلُك ْم ُتْرُمَحْو َن‬
dumateng panjenenganipun wekdal saha panggenan kulo aturaken. Sadaqallahul adzim
x3, barokallahu lahu wa lana biqiro’atil qur’anil kariim.
Kalajengaken adicoro sak candakipun nun inggih waosan kalimat toyyibah dzikir
punopo dene tahlil. Ing mriki imamipun kasuwunaken dening panjeneganipun al-Ustadz
………….
Dumateng panjenenganipun wekdal soho sasono kulo aturaken.
Mekaten menggah waosan dzikir saha tahlil ingkang sampun kapimpin dening
panjenenganipun al-Ustadz.... Mugi-mugi kanti waosan tahlil kolo menika saged jembarake
kuburipun poro ahli kubur kito sedoyo, ugi dosanipun dipun ngapuro dening Allah SWT.
Amiiin....
Kalebet adicoro sak candakipun nun inggih sambutan sambutan-ssmbutan. Dumateng
panjenananipun bapak ………....... wekdal soho sasono kulo aturaken.
Singkat, padat soho akurat/luwes, pantes soho mentes anggenipun bapak ………..
anggen ngaturaken sambutan dateng kulo lan panjenengan sedoyo, pramilo dumateng
panjenenganipun kulo aturan agunging panuwun.
Dumateng para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT. Kalebet
adicoro sak candakipun nun inggih waosan solawat soho Maui'idoh hasanah dalam rangka
………..…. ingkang badhe kaaturaken dening almukarrom romo kiyai ……..……... saking
tlatah …………..
Dumateng group sholawat …….… Wekdal saha panggenan kulo sumanggaaken …..
……
Dumawah adicoro inti nun inggih Maui'idoh hasanah ingkang bade kawedaraken dening
almukarrom romo kyai ………………..…. Saking tlatah ……………....
Ananing sak derengipun andicoro inti kalaksonan, saking kawulo pribadi minangka
ranoto adicoro katah kekirangan saha kalepatan nyuwun angunging she samudro
pangaksomo. Sangkiing kawulo, kulo akhiri.
Ihdiinasshirothol mustaqim, wabillahi taufiq wal hidayah, wassalamualaikum Wr. Wb.
Dumateng almukarrom romo kiyai ………....... waqtan wa makanan ufadzilu ilaihi
bitta’dzim.

Anda mungkin juga menyukai