Anda di halaman 1dari 3

Bismilahirrahman nirahim….

Assalamu`alaikum wr.wb.

Alhamdulilah…Alhamdulillahirabbil`alamin. Wabihinasta`inu`alaumuridunya
waddin wa`solatuwassalamu`alamu`ala asrofilambiya`I walmursalin wa`ala`alihi
wasohbihi ajmain. Ammaba`duu..

Khodrotal muhtaromi poro alim ulama` poro kiai ingkang tansah katenggo
menggah mauidhoh khasanahipun , poro bapak poro ibu, khadirin khadirot ahli
pengaosan ingkang kawulo hormati.

Sak derengipun pengaosan ing siang meniko kawiwitan langkung rumiyin


sumonggo kawulo dereaken ngunjukaken raos puji syukur kito wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring pinten-pinten kanikmatan,
karohmatan, taufik hidayah soho inayahipun sehingga kito sedoyo saged rawuh
kempal wonten ing majelis pengaosan meniko kanti mboten manggih alangan
satunggal punopo-punopo.sumonggo kanti raos syukur kito. Kito ikraraken kanti
waosan tahmid sepindah. Alhamdulillahirobilalamin…

Solawat soho salam mugi tansah kunjuk wonten ngarsanipun Nabi Agung
Muhammad SAW, ingkang tansah kito ajeng-ajeng menggah syafaatipun wiwit ing
ndunyo ngantos ing yaumil akhir , Amin ya robbal `alamin.

Hadirin hdirot rahimakumullah . sak derengipun pengaosan ing siang meniko


kawiwitan keparengo kawulo ngaturaken menggah lampahing adicoro pengaosan
ing siang puniko. Dene adicoro : 1. Atur pambuko

2. waosan ayat-ayat suci Al-Qur`an

3. waosan sholawat badar

4. waosan dzikir tahlil

5. penggaosan-penggaosan

{mau’idhotul Hasanah, kalajengaken waosan


pandungo}
Mekaten menggah lampahing adicoro pengaosan ing siang meniko.

Hadirin hadirot rohimakumullah keranten wekdal sampun saantawis sonten


sumonggo adicoro pengaosan enggal kito wiwiti, menggah adicoro ingkang
sepisan inggih puniko pambuko, sumangga kito bikak sesarengan kanti waosan
umul kitab biridhoillah wabisyafa’ati rosulilah al fatihah….mekaten menggah
waosan umul kitab mugi kanti waosan kala wau pengaosan ing siang meniko
lumampah kanthi lancer mboten manggeh alangan satunggal punopo-punopo
amin ya robbalalamin .

Hadirin hadirot rohimakumullah menggah adicoro ingkang ongko kalih inggih


meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur`an,ingkang bade kawaosaken
panjenenganipun……dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan
kaaturaken sumonggo…

Shodaqollahul adzim mekaten menggah waosan ayat-ayat suci AL Qur`an ,mugi-


mugi kanti waosan kolo wau kito sedoyo pikantuk barokahipun waosan kolo wau
Amin ya robbal alamin…

Dumawah adicoro ingkang ongko tigo inggih meniko waosan sholawat badar
ingkang bade kawaosaken sederek…Dumateng panjenenganipun wekdal soho
panggenan kaaturaken sumonggo…

Hadirin hadirot rohimakumullah mekaten lan semanten menggah waosan


sholawat badar,mugi kanti waosan kolo wau kito sedoyo pikantuk safaatipun
kanjeng nabi Muhammad SAW amin… Dumawah adicoro inkang ongko sekawan
inggih meniko waosan dzikir tahlil,wondene kangge imamipun kasuwunaken
panjenenganipun Bp sofwan. Kunjuk dumateng panjenenganipun wekdak soho
panggenan kaaturaken sumonggo…

Mekaten menggah waosan dzikir tahlil,mugi kanti waosan kolo wau arwah ahli
waris ingkang kito kentun tansah pikantuk pangapunten saking Allah SWT Amin ya
robbal alamin.
Hadirin hadirot rohimakumullah, menggah kalajenganipun awit saking
panyuwunan saking poro panitia adicoro kasigek sakwetawis,kanti meniko
kasuwun nyrantos lampahing adicoro saklajengipun.

Hadirin hadirot rohimakumullah, skores kacekapaken semanten saperlu


ngelajengaken lampahing adicoro pengaosan siang meniko. Menggah adicoro
ingkang ongko gangsal inggih meniko pengaosan-pengaosan.

Dene pengaosan ingkang sepindah kasuwunaken berkah saking Bp Slamet


ihsanudin,kunjuk dumateng panjenengaipun wekdal soho panggenan kaaturaken
sumonggo…

Hadirin hadirot rohimakumullah mekaten menggah pengaosan ingkang sampun


kaparingaken saking Bp Slamet ihsanudin. Dumawah pengaosan ingkang ongko
kalih kasuwunaken berkah saking Bp Kyai Tanwirul Qulub. Hanamung
sakderengipun wekdal kaaturaken, saking kawulo ing mbokbilih anggen kawulo
matur ngaturaken lampahing adicoro ing wekdal puniko katah kekirangan soho
kalepatan, kulo tansah nyuwun agunging pangapunten. Kunjuk dumateng
panjenenganipun Bp kyai Tanwirul Qulub wekdal kaaturaken sumonggo…saking
kawulo,kawulo akhiri Wabillahi taufiq wal hidayah wassalam…

Anda mungkin juga menyukai