Anda di halaman 1dari 3

 TEKS PEMBAWA ACARA/MASTER CEREMONY (MC)

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


‫رب العالمين وبه نستعين على أمور الدنيا والدين والصالة والسالم على‬
ِّ ‫الحمد هلل‬
‫ أما‬.‫محمد وعلى آله وصحبه أجمعين‬
َّ ‫أشرف األنبياء و إمام المرسلين سيِّدنا وموالنا‬
‫بعد‬
 ‫ حضرة المخترمين‬poro ‘alim ulama’, sesepuh pini sepuh, minggahipun, poro romo kyai,
wabil khusus dumateng panjenenganipun ROMO __________________ saking KUDUS
ingkang tansah dipun tenggo menggah punopo ingkang dados Mauidlo Hasanahipun.
 Dumateng pengurus Ta’mir Masjid ………………………. ingkang kito hormati.
 Dumateng Bapak Kepala DESA UNDAAN LOR dalah jajaranipun ingkang kito hormati.
 Poro rawuh kakung mewah putri ingkang sami rawuh wonten ing meniko majlis,
ingkang kaulo mulyaaken soho ingkang dipun mulyaake Allah Subhanahu Wata’ala.

Minongko dados purwakaning atur, sumonggo kulo dalah panjenengan sami tansah muji
syukur dumateng ngarso dalem Allah, ‫ الحمدهلل رب الع المين‬:‫ بقولن ا‬dene punopo kanti
Rohmat, Taufiq, Hidayah soho Inayahipun, kito saget makempal manunggal saperlu nderek-
nderek megayu bagyo wonten adicoro ………………………………………… wonten dalu
meniko, kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir sambikolo.

Sholawatullahi Wasalamuhu, mugiyo tansah kunjuk dumateng junjungan kito nabi agung
Muhammad Shollallahu ‘alaihi wasallam,

‫ اللهم صل وسلّم على سيدنا محمدوعلى ال سيدنا محمد‬:‫بقولنا‬


Kanti pangajab mugi-mugi kanti barokahipun pengaosan dalu meniko soho sholawat
salam kolo wau, saget andadosaken sababiyahipun kito sedoyo pikantuk syafa’atul
udzmanipun benjang wonten ing Yaumil Qiyamah, Amiin Yaa Robbal ‘Alamin. . .

 Poro rawuh ingkang sami kinurmatan. .

Sakderengipun adicoro pawiwahan ……………………………………………


wonten dalu puniko kalampah, keparengo kaulo maosaken rantamaning adicoro ingkang
badhe dipun laksanaaken wonten dalu puniko:

1. Adicoro ingkang ongko sepisan, nun inggih Iftitahul Majlis.


2. Adicoro ingkang ongko kalih, Qiro’atu Maa Tayassaro Minal Qur’anil Hakim.
3. Adicoro ingkang ongko tigo Tahlil Bil Iqtishoor.
4. Adicoro ingkang ongko sekawan waosan sholawat Maulidurrosul
5. Adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Sambutan-sambutan
6. Adicoro ingkang ongko enem istirahat
7. Adicoro ingkang ongko pitu nun inggih sabdo tomo waskito Mauidlotul Hasanah
soho do’a.
8. Paripurnaning adicoro wonten dalu puniko, nun inggih penutup.

 Mekaten minggah titilaksono adicoro ingkang Insya Allah badhe kalampah wonten ing
dalu puniko, monggo sesarengan kito bikak kanti waosan Sab’ul Matsani Surotul
Fatihah.
‫ الفاتحة‬,‫على نية السال مة وعلى نية الصالحة‬. . .
Matur suwun kaulo aturaken, mugi-mugi saget mbeto lancaripun adicoro wonten
dalu meniko, milai purwo madyo dumugi purnonipun, Amiin Yaa Robbal ‘Alamin. . .

 Poro rawuh ingkang sami kinurmatan. . .

 Dungkap adicoro ingkang ongko kalih, nun inggih Qiro’atu Maa Tayassaro Minal
Qur’anil Hakim, ingkang bade dipun waos deneng sederek
_________________________ kanti kaaringi.

‫واذا قرأ القران فاستمعوا له وأنصتوا لعلكم ترحمون‬. . .


Dumateng sederek _________________________ wekdal soho panggenan kaulo
aturaken.

‫صدق هللا العظيم وصدق رسوله الكريم ونحن على ذلك من الشاهدين‬. . .
Matur suwun, mekaten minggah kumandanging pustoko suci Al-Qur’anil Karim,
mugi-mugi saget barokahi soho manfaati dumateng kito sedoyo, Amiin Yaa Robbal
‘Alamin. . .

 Poro rawuh ingkang sami kinurmatan. . .

 Kalajengaken adicoro ingkang ongko tigo, nun inggih Tahlil Bil Iqtishoor, ingkang
badhe dipun pimpin deneng panjenenganipun ingkang minulyo bapak
KH._______________, dumateng panjenenganipun ingkang minulyo bapak
KH.______________, wekdal soho papan panggenan kaulo sumanggaaken.

Dumateng panjenenganipun ingkang minulyo bapak KH.________________,


kaulo aturaken maewu-ewu sembah nuwun.

 Poro rawuh kakung sumowono putri ingkang minulyo. . .

 Dungkap lumampahing titilaksono adicoro candak ipun, nun inggih waosan sholawat
Maulidurrosul, ingkang badhe kawaos deneng Grup Rebana ……………………….,
dumateng Grup Rebana ……………………….., wekdal soho panggenan kaulo
sumanggaaken.

Matur suwun. . . Mugi-mugi kanthi barokah waosan sholawat kolo wahu saget
dados sebab kito pikantuk Syafa’atul Udzmanipun kanjeng Rosul Muhammad
Shollallahu alaihi wasallam, soho kaakeni dados umatipun wonten delahan sak mangke.
Amiin Yaa Robbal ‘Alamin. . .

 Poro rawuh ingkang sami kinurmatan. . .

 Wondene titi laksono adicoro ingkang ongko gangsal, nun inggih sambutan-sambutan.
Wondene sambutan ingkang ongko sepisan nun inggih saking pengurus Ta’mir Masjid
………………………….., ingkang badhe dipun aturaken deneng panjenenganipun
Bapak ……………………. Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan panggenan
kaulo sumanggaaken.

Matur nuwun.
Wondene sambutan ingkang ongko kaleh nun inggih saking ………………………...
Ingkang badhe dipun aturaken deneng panjenenganipun Bapak ………………………..
Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan panggenan kaulo sumanggaaken.

 (KONDISIONAL) Hadirin-hadirot Rohimakumullah. . .

 (KONDISIONAL) Dungkap titi laksono adicoro candakipun, nun inggih istirohah,


dumateng sedoyo rencang panitia kasuwun kajibah nglaksanaaken punopo ingkang
sampun dados tugasipun, sumonggo.!!

(KONDISIONAL) Poro rawuh ingkang kinurmatan, sajakipun wekdal istirohah


sampun sak antawis, pramilo wekdal istirohah badhe kacabut kalajengaken titi laksono
candakipun.

 Poro rawuh ingkang sami kinurmatan. . .

 Dungkap lumampahing titilaksono adicoro candak ipun, nun inggih sabdo tomo waskito
Mauidlotul Hasanah soho do’a, ingkang badhe dipun aturaken deneng panjenenganipun
Romo ______________________ saking KUDUS.

Mekatenlah titi laksono adicoro pawiwahan ……………………………………………


wonten dalu puniko. Mugi-mugi saget barokahi kito sedoyo. Aamiin Allahumma
Aamiin..

wondene adicoro ingkang pamungkas nun inggih penutup.

Monggo acoro ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan tasbih soho sholawat.

َ‫سلِينَ َوا ْل َح ْم ُد هَّلِل ِ َر ِّب ا ْل َعالَ ِمين‬ َ ‫ َو‬  َ‫صفُون‬


َ ‫ساَل ٌم َعلَى ا ْل ُم ْر‬ ِ َ‫س ْب َحانَ َربِّكَ َر ِّب ا ْل ِع َّز ِة َع َّما ي‬
ُ
Kaulo minangkani pranoto acara mbok bilih wonten klinta-klintunipun tembang, gelap
gangsuling ukoro, tuwin tumpang suhing boso, kiranging toto kromo, kaulo nyuwun
agunging samudro pangaksami.

‫ والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬,‫وهللا الموفق الى اقوم الطريق‬. .

Anda mungkin juga menyukai