Anda di halaman 1dari 2

PEMBAWA ACARA

‫ َسيِّ ِدنَا َو َموْ لَنَا‬, َ‫ف ْاالَ ْنبِيَا ِء َو ْال ُمرْ َسلِ ْين‬
ِ ‫صاَل ة ُ َوال َّساَل ُم َعلَى اَ ْش َر‬ َّ ‫اَل‬,‫ َوبِ ِه نَ ْستَ ِعيْنُ َعلَى اُ ُموْ ِر ال ُّد ْنيَا َوال ِّد ْي ِن‬, َ‫ا ْل َح ْم ُدهللِ َربِّ ْال َعلَ ِم ْين‬
‫اَ َّمابَ ْع ُد‬, َ‫صحْ بِ ِه اَجْ َم ِع ْين‬ َ ‫ُم َح َّم ٍد َو َعلَى اَلِ ِه َو‬
‫َحضْ َرة َْال ُمحْ تَ َر ِمي ْْن‬
 Poro Alim Ulama' poro Kyai soho Ibu nyai ingkang tansah kito ta'dzimi soho ingkang kito ajeng - ajeng
barokahipun
 Wabilkhusus almukarrom romo ky.Muhamad Aminudin waahli baitihi, ingkang tansah kito ta'dzimi, ingkang
tansah kawulo mulyaaken, soho ingkang tansah kito ajeng - ajeng barokah tetes nur ilmunipun
 dumateng poro dewan asatidz Asatidzah Pondok Pesantren Mamba'ul Huda, soho dewan pengurusipun ingkang
kito ta'dzimi ugi ingkang kawulo mulyaaken
 mboten kasupen, dumateng rencang - rencang santri Pondok Pesantren Mamba'ul Huda ingkang tansah kawulo
tresnani soho kawulo banggaaken

Ingkang awal ingkang utami, monggo kito sedoyo sesarengan nginggahaken puji syukur dumateng Alloh SWT
ingkang sampun paring pinten - pinten kanikmatan, karohmatan, hidayah dumateng kito sedoyo, katitik wonten ing
wekdal meniko kito sedoyo waget makempal wonten ing majlis meniko kanti pinaringan wilujeng mboten manggihi
alangan satunggaling punopo, pramilo sumonggo sesarengan raos syukur meniko kito lahiraken kanti waosan tahmid
bil qoul.......
َ‫ْال َح ْم ُد هَّلِل ِ َربِّ ْال َعالَ ِمين‬
Solawat soho salamipun Allah mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito soho panutan kito Nabi Agung
Muhammad Saw. Ingkang mugio kito sedoyo kagolongno umat ingkang pikantuk syafa’atipun langkung – langkung
syafa’atul udzma mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin YRA
Hadirin wal hadirat rohimakumullah.
kaula ing mpriki ingkang kajibah dados muqasimul auqat wonten ing adicoro meniko bade anderekaken runtutipun
adicoro ingkang bade lumampah wonten ing wekdal puniko.
Wondenten adicoro ingkang
 Sepisan / sepindah pembikaan
 Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko Qira’atul qur’an
 Waosan kalimah toyyibah soho tahlil dumawah adicoro ingkang ongko tigo
 Adicoro ingkang ongko sekawan inggih sambutan – sambutan
 Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko maudhotul khasanah soho doa penutup.

Mekaten menggah runtutipun adicoro ingkang bade lumampah.

Ngengeti wekdal ingkang sampun sakwentawis siang, sumonggo adicoro ingkang sepisan kito bikak kanti waosan
umul kitab kito derekaken

‫اَ ْلفَاتِ َحة‬.‫صالِ َحة‬ َ ‫لِّ ِر‬


َ ‫ضا ِءهللاِ تَ َعالى َولِ َشفَا َع ِة َرسُوْ ِل هللاِ َولِ ُكلِّ نِيَ ٍة‬
Mugi-mugi kanti waosan umul kitab meniko dadosaken sababiyah lancaripun adicoro ingkang bade kalampah sak
mangkeh Aamiin YRA.
Lumampah adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko qiroatul qur’an ingkang bade dipun waos deneng
panjenenganipun...........................................
Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken.
.........................................................................
‫ق هللاُ ْال َع ِظيْم بَا َركَ هللاُ لِى َولَ ُك ْم ِمنَ ْالقُرْ أَ ِن ْال َع ِظي ِْم‬
َ ‫ص َد‬
َ
mekaten qiroatul quran ingkang nembe dipun waos
Mugi- mugi mberkahi dumateng ingkang maos lumeber dateng kito sedoyo Aamiin YRA.
Hadirin wal hadirat rohimakumullah.
Adicoro selajengipun inggih puniko waosan kalimah toyyibah soho tahlil,
ingkang imamah kasuwunaken dumateng panjenenganipun ……………………….

dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun.


Mugi – mugi arwah ingkang dipun kintun tansah pikantuk maghfiroh soho dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun.
lumampah adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan - sambutan,
wondenten sambutan ingkang sepisan, sambutan atas nami ...................................
ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun.................................................
Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken.

mekaten sambutan atas nami……………………….


dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun.

sambutan ingkang ongko kalih, sambutan saking………………………


ingkang badhe dipun asto dening penjenenganipun……………………………….
Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken

mekaten sambutan saking…………………..


dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun

lumampah adicoro ingkang ongko gangsal / terakhir inggih puniko maudhotul khasanah soho doa penutup,
ingkang barokah kasuwunaken saking panjenenganipun…………………………
saking……………………

ananging sak derengipun adicoro terakhir kalampah, kawulo aminangkani dados pembagi wekdal temtu kathah
kalepatan soho kekiranganipun, pramilo saking meniko kawulo pribadi nyuwun agunging pangapunten.
Kawulo akhiri
‫ثُ َّم ال َّساَل م ُ َعلَ ْي ُك ْم َو َرحْ َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُه‬,‫ص َراطَ ْال ُم ْستَقِ ْي َم‬
ِّ ‫إِ ْه ِدنَا ال‬, َ‫هَدَانَا هللاُ َوإِيَّا ُك ْم اَجْ َم ِع ْين‬
dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken

Anda mungkin juga menyukai