Anda di halaman 1dari 1

Sambutan maulid nabi

‫َو َب َر َك اُتُه‬ ‫َّس َال ُم َع َل ْي ُك َو ْح ُة‬


‫ْم َر َم ِهللا‬ ‫ال‬
Allhamdulillahirabil ngalamin wa bihi nastangin ngala umurid dunya wadin wasol allahu ngala
sayyidina MUHAMMAD khotaminnabiyina wa alihi wa sohbihi ajmangin
La haula wala kuwata ilabillahil ngaliyyil ngadzim.amma ba’du

Atur kunjuk dumateng poro alim ulama wabil khusus romo kyai khadromi minongko pamengkuning
pondok pesantren an-nur ingkang tansah kito sedoyo toat lan takdzimi lan kito ajeng-ajeng menggah
pangandikanipun lan barokah manfaat ilmu nipun...
Ingkang kinurmatan dumateng panjenengan ipun bapak ustad ahmad dardiri minongko pembina
surau ngaji ingkang tansah kito sedoyo toat lan takdzimi lan kito ajeng-ajeng barokah manfaat ilmu
nipun....
Dumateng bopo kepala kampung purwodadi 13A ingkang kulo hormati...
Dumateng dewan asatid lan asatidzah lan dumateng poro bapak soho ibu wali santri lan sedoyo
ingkang sami rawuh ingkang winantu rohmat Allah SWT...

Sepindah monggo kito sesarengan angunjuk aken roso syukur wonten ngarso ndalem Allah SWT kanti
atur ALLHAMDULILLAH ingkang tansah sampun paring kanugrahan arupi iman,islam,taufik,hidayah
soho inayah sehinggo wonten ing wedalpuniko kito saget pepanggihan wonten papan panggenan
ingkang minulyo tanpo satunggaling alangan punopo..

Kaping kaleh ipun solawat soho salam mugi tansah tetep kunjuk dumateng junjungan kito nabi agung
MUHAMMAD SAW ingkang kito ajeng-ajeng syafaat ipun lan mugu-mugi kito sedoyo kelebet umat
ingkang bade pikantuk syafaat ipun benjang ing dinten kiamat amin..

Sak lajenge poro bapak ibu igkang sami rawuh ingg mriki kulo minangkani talang boso saking sedoyo
panitia perlu matur wonten ngarso panjenengan sedoyo.pematur ingkang sepindah inggih meniko
sedoyo panitia tansah ngaturaken sugeng rawuh dumateng rawuh ipun panjenengan sedoyo kanti
kulo aturaken ahlan wasahlan bikhudurikum sugeng rawuh monggo pinarak ingkang sekeco...

Ingkang kapeng kaleh ipun sedoyo panitia tansah ngaturaken agung e matur nuwun ingkang sami
hadir,sak perlu ngerawuhi acoro peringatan maulid nabi saw mugi-mugi rawuh panjenengn sedoyo
saget dados satunggaling ipun amal ibadah ingkang dipun tampi wonten ngarso ndlem Allah SWT..

Lan pematur ingkang akhir sedoyo panitia tansah ngatur aken agung e pangapunten sedoyo
kekirangan,angginipun paring penghormatan, arupi papan palanggahan,menggah ipun pasugatan
ingkang kirang nujuhparana dumateng penggalih panjenengan sedoyo

Mekanten menggah pematur kulo minongko wakil saking sedoyo panitia mbok bilih wonten
klentunipun anggen kulo matur saking awal dumugi akhir kulo nyuwun agung e samudro penggak
sami
Akhir kalam
salam

Anda mungkin juga menyukai