Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

‫بسم هللا الرحمن الرد يم الحمد هلل رب العالمين والصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين‬
‫سيدنا محمد وعلى اله و صد به اجمعين لما بعد‬
Hadrotal mukaromin wal muktaromin poro ngalim poro ngulama aladzinahum warosatul
ambiya ingkang tansah dipun mulyaaken dening Alloh SWT, wabil khusus dumateng
panjenenganipun alkarim romo Ky ingkang kito ajeng-ajeng maungidzoh khasanahi pun
soho
ingkang tansah kulo ajeng-ajeng barokah pando'a ngilmu manfa'atipun,
Poro bapak Kyai sanesipun ingkang mboten saged kulo wiji naminipun ugi ingkang tansah
kulo ta dimi, poro sesepuh pine sepuh ingkang dahat kinabekten,
Dumateng Bapak Kepala Griya Sakit Kebumen ingkang kulo hormati, dumateng Ibu
Camat sa perang katipun ingkang Insya Alloh kulo taati menggah peraturan-peraturani pun,
Sumrambah dumateng poro bapak soho poro ibu hadirin wal hadirot tamu undangan
ingkang kulo hormati, mboten kesupen dumateng poro remaja pemuda pemudi harapaning
bangsa ingkang kulo tresnani soho ingkang kulo banggaaken..
Sepindah sumonggo kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah Ta'ala ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah sahenggo ngantos wekdal punika
panjenengan sedoyo dalasan kula saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi
adicara
Khitanan Masal, kanthi sehat walafiat boten wonten alangan menapa, mugi-mugi
perkempalan
wonten ing wekdal meniko saged ndadosaken amal silturrohim Allohuma..... amiin.
Kaping kalihipun, sholawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad
SAW inggih meniko salah setunggalipun nabi ingkang sampun berhasil mbeto umatipun awit
saking jaman jahiliyah ngantos dumugi jaman islamiyah, lan mugi-mugio kito sedoyo kelebet
umatipun ingkang bade nampi syafa'atipun mbenjang wonten yaumil qiyamah Allohuma....
amiin.
Angka kaping tigo, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang
sampun rawuh dateng penggenan menika.
Hadirin wal hadirot rohimakumulloh, kula kajibah pranoto adicoro kaparingake badhe
ngaturaken menggah runtutipun adicoro ingkang bade kalampah.
Adicoro ingkang ongko sepindah inggih meniko Pembukaan
Disusul adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-quran
Sholawat Nabi dumawah wonten ing adicoro ingkang ongko tigo
Adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko tanggap wacana
a) Dene tanggap wacana A, inggih meniko tanggap wacana saking Ketua Panitia
b) Kangge tanggap wacana B, inggih meniko tanggap wacana saking Kepala Griya Sakit
c) Dene tanggap wacana C, inggih meniko tanggap wacana saking Bu Camat
d) Lan tanggap wacana D, inggih meniko tanggap wacana saking Sesulih anak
Dene adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko Inti pangaosan dilajengaken doa
ingkang Insya Alloh bade dipun aturaken dening panjenenganipun Bp Ky
Lan adicoro ingkang pungkasan inggih meniko Penutup
>
Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, mekaten runtutipun adicoro ingkang bade lumampah
wonten ing wekdal meniko.
1. Hadirin wal hadirot rokhimakumulloh, monggo kito wiwiti adicoro ingkang ongko
sepindah kaliyan waosan umul kitab, Liridhoillahi walisyafa'ati rosulillahi Al-fatihah
matumuwun dumateng poro rawuh sedoyo, mugi-mugio kanti wasilah waosan umul kitab
meniko acara wonten ing wekdal meniko saged lumampah kanthi rancag engga paripurna
mboten wonten alangan sa tunggal punopo. Allohuma.... amiin.
2. Acara saklajengipun inggih puniko tanggap wacana.

Anda mungkin juga menyukai