Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu


Wassalamu ‘ala sayyidina muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in,
amma Ba’du.

Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh ingkng nggung mastuti
dumateng pepoyaning kautan, Poro pangemban pangebating projo
satriyaning nagari ingkang minongko dados pandam pandoming poro
kauwulo dasih ingkan mahambek berbudi darmo, Dhumateng poro alim
ulama’ poro kyai ingkang rinten dalu tansah sinanding wahyu kitabing Illahi
minongko kiblating poro kawulo gusti.Poro tamu kakung miwah putri
ingkang tuhu kinurmatan, Penganten sarimbit soho pengombyong saking
dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan, poro
pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang
sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang
meniko kito waget makempal wonten acara walimatul ‘urusy ingkang mugi-
mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah
dumateng penganten kekaleh khususipun.

Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW


ingkang kito tenggo-tenggo Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah
mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen
runtuting adicoro ingkang sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri

Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri


Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do’aipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak
sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho’illa Wa lissyafa’ati
Rasulillah, Alfatihah…
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara
siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’a,
ingkang bade kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun
kawulo aturaken.
……………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah
dhumateng pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe
kaastho dening bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud
kawulo sumanggaaken,
………………………………….
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri.
Dhumateng ingkang mewakili kawulo aturaken.
………………
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe
kaastho panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng
panjenenganipun kawulo aturaken.
………………
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo
sumanggaaken.
………………
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe
dipun astho Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun
suwun do’aipun.
……………….
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo
aturaken matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito
tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking
panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng
poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-
sareng kito tutup pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid,
kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo
anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten
penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging samudro
pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai