Anda di halaman 1dari 2

MC Pembawa Acara Arisan Keluarga (Jawa)

Asslamualaikum wr wb
Alhamdulillahi robbil aalamiin. Allahumma sholli ala Muhammad wasallim, wa ala aalihi
washohbihi ajmain. Amma bakdu.
Wonten pangarsanipun poro alim ulama, poro kiai ingkang tansah kawulo mulyaaken ugi
bektosi soho ingkang kito derekaken menggah fatwa soho perjuanganipun.
Dumateng poro sesepuh pini sepuh pepunden ingkang tansah kawulo utamiaken. Mboten
kesupen sedoyo rawuh, sanak kadang sederek keluarga besar Bani Abdul Qohhar ingkang
tansah kawulo hormati. Khususipun keluarga bapak …. Ingkang dados tuan rumah
ingkang kawulo hormati ugi.
Sepindah, monggo kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngersanipun Allah
SWT ingkang sampun maringi pinten pinten kenikmatan, rahmat, taufiq, hidayah soho
inayah ipun, sehinggo wonten wekdal pertemuan keluarga puniko kito taseh saget
ndumugeni acara silaturrohim keluarga besar Bani Abdul Qohhar kanthi keadaan sehat
wa afiat ugi mboten wonten alangan setunggalipun punopo. Mugi mugi acara puniko
saget manfaati kagem keturunan si mbah Abdul Qohhar lan mbah Rabinah kanthi
manfaat dunyo ugi manfaat akhirot. Aamiin, yaa Robbal alamiin.
Nomer kaleh, sholawat ugi salam kunjuk dumateng Nabi agung Muhammad Rosulillah
SAW. Ugi kelurgi lan shohabatipun, inggih puniko kanjeng Nabi Ingkang mbeto
umatipun saking zaman kebodohan jahiliyyah tumuju zaman islamiyyah sehinggo saget
kito raosaken sak meniko. Mugi mugi sakmangkih wonten dinten Qiyamat, kito
pinaringan syafaatipun ingkang agung, syafaat ingkang kito antu antu ingkang arupi
syaffat udzma (agung). Aamiin yaa Robbal alamiin.
Saklajengipun, wonten mriki, kawulo minongko pranoto hadicoro badhe maosaken
reroncening adicoro sakbade kalampah mangkeh:
 Sepindah: Pembukaan
 Kaping kaleh: sambutan sambutan:
o Sambutan atas nama keluarga besar Bani Abdul Qohhar
o Sambutan tuan rumah
 Nomor tigo: waosan yasin lan tahlil / Manaqib
 Nomer sekawan: istirahat ingkang diisi:
o Usul lan saran
o Laporan hasil iuran arisan keluarga
 Nomer limo: Penutup

Wangsul dumateng adicoro nomer sepindah inggih puniko Pembukaan. Monggo acara
arisan keluarga ing siang puniko kito bikak kanthi waosan Ummil Kitab, Al Faatihah…
Matur suwun dumateng poro keluarga sedoyo.
Kito lajengaken adicoro saklajengipun inggih puniko sambutan sambutan. Sepindah
sambutan saking wakil keluraga besar Bani Abdul Qohhar, dumateng penjenenganipun
bapak ……. Wekdal soho panggenan kawulo aturi sumonggo….. Mekaten kolo wau
sambutan saking wakil keluarga besar Bani Abdil Qohhar.
Sambutan nomer kalih inggih puniko sambutan saking Tuan rumah, dumateng bapak …..
kulo aturi sumonggo….
Adicoro nomer tigo nuninggih waosan Yasin lan Tahli / Manaqib ingkang dipun pimpin
deneng bapak …, wekdal soho panggenan sak cekapipun kawulo sumanggaaken….
Kito lajengaken acoro ingkang kaping sekawan inggih puniko Istirahat, ingkang bade
keisi usul lan saran, sumonggo ingkang gadahi saran utawi usul kulo sumanggaken…..
kalian dedaharan lan unjukanipun katuran dipun nikmati…
Sak lajengipun inggih puniko laporan keuangan arisan keluarga ingkang bade dipun
aturaken deneng ……
Adicoro istirahat kawulo cabut. Sak derengipun acara paling akhir inggih puniko
penutup, pengumuman dumateng keluarga besar Bani Abdul Qohhar – Rabinah bilih
acoro pertemuan keluarga sak mangke bade dipun laksanaaken wonten dalemipun bapak
….. tanggal …. Bulan…. Mekaten pengumumanipun.
Acoro pungkasan inggih puniko penutup. Monggo, acoro silaturrohim pertemuan bani
Abd. Qohar – Rabinah wonten siang puniko kito tutup kanti waosan Hamdalah. Al
Hamdu lillaahi Robbil Alamin.
Mekaten saking kawulo, wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agungipun pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai